TEGAL — Ana sekitar sangalas (19) bocah dalanan diréok daning petugas gabungan pas lagi oprasi yustisi, nang dalan Ciptomangunkusumo, Kota Tegal, dina Rebo (14/10/2020).
Saliyané belih nganggo masker, bocah-bocah kuwe dianggep ngresahna masyarakat lan sokan nggrombol nang dalan ngganggu ketertiban umum.
Kapolsék Sumurpanggang Kompol Ketut Lanus ngungkapna, 19 bocah kuwé saparo asalé seka luar kota. Nang antarané seka Kabupatén Brebes 3 wong, Kabupatén Indramayu 3 wong, Kabupatén Tegal 4 wong, lan Kota Tegal 9 wong.
“Bocah-bocah kuwé sering nggrombol, lan njaluki duwit maring supir uga pengendara motor nang simpang papat trafic light, utawa lawang wetan Terminal Bis Kota Tegal. Mugané sokan nggawé ringsang masarakat,” ungkapé Kapolsék.
Bocah-bocah kuwé selanjuté digawa maring Kantor Kecamatan Margadana nggo didata identitasé lan diméin masker.
“Sawisé didatani lan diarahna, latané dhéwék wékena maring Dinas Sosial Kota Tegal, selanjuté digawa maring Rumah Singgah,” jaréné. (*)
Discussion about this post