TEGAL – Salah siji napi kasus penipuan S (45), akhiré dicekel polisi, dina Rebo (7/10/2020). Napi sing asalé seka Désa Harjasari, Kecamatan Suradadi, Kabupatén Tegal kiyé dikandangna maring Penjara Klas IIB Tegal sawisé sempet ucul lawasé 7 taun.
S dicekel petugas gabungan Lapas bareng karo Polsek Suradadi, nang umahé sing ana nang Désa Harjasari, Kecamatan Suradadi, Kabupatén Tegal, Rebo (7/10/2020) bengi.
Kepala Lapas Klas IIB Tegal Sambiyono ngomong, sajegé mlayu taun 2013 wingi, terpidana kasus penipuan sing divonis 18 wulan penjara kuwé mlayu maring pirang-pirang daerah termasuk nang Jakarta.
“Lawas nang Jakarta, terus balik maring Suradadi. Wingi dina Rebo bengi wis dhéwék cekel lan dianjingna maring Lapas,” omongé Sambiyono, wayah dibell, dina Jemuah (9/10/2020).
Sambiyono ngomong, mauné S pas kuwé latar lapas nggo ngumbahi mobil. “Pas kuwé lagi kerja nang jaba lapas tapi malah mlayu,” jaré dhéwéké.
S sing wis divonis 18 wulan kuwé sabeneré wis nglakoni sekitar 13 wulan luwih ukuman nang jero lapas. Senajan wis kecekel maning, jaré Sambiyono, S ora diwéin ukuman tambahan, mung kudu nglakoni luwihan ukuman.
Senajan kaya kuwé, pengawasan maring S pan diketati. “Akhiré manjing maning nggo nglakoni luwihan ukuman sekitar 4 wulan 13 dina. Laka wektu ukuman tambahan,” terangé. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post