ADAT istiadat wong Jawa sekandang bentang. Ana “Buka Kaki” uga ana “Puputan Umah”. Sing dimaksud “Buka Kaki” yakuwé nalika wong sing wis umah-umah gén pan ngadegna umah, perlu slametan sadurungé umah dibangun. Nang ritual kuwé disiapna gedang satundun, lonjoran tebu, segédéng pari, uga Bendéra Mérah Putih, lan kantong putih isi duwit ketipan. Bendéra karo kantong sing isiné duwit ketipan, lan segédéng pari didalah nang blandar dong wis lubaran “Buka Kaki”.
Sauwisé slametan “Buka Kaki”, latané adegé umah wis dadi pan dipanggoni dianakna “Puputan Umah”. Maksud ritual kuwé ora liya maning ébén sing pan manggoni umah, rejekiné gangsar lan rumah tanggané adem ayem laka cékcok.
Adat istiadat kuwé, gonéng jakwir-jakwiré Mas Jon wis dingerténi. Mung ana salah siji adat istiadat sing mégin dibingungi gonéng wong telu, yakuwé soal adat istiadat ritual tradisi “Mitoni”. Nang acara kuwé kudu ana kelapa gading rong gluntung digambari wayang Arjuna kambén Srikandi.
Bab kuwé sing gawé wong telu bingung. Maksud ana gambar wayang Arjuna karo Srikandi apa?
“Nganti sapréné yanu durung dong, nék ana wong meteng pan Mitoni, tengkula sedia klapa gading rong gluntung digambari tokoh wayang Arjuna karo Srikandi. Maksudé pimén, Jon?” takoné Darto.
Kaya biasané Mas Jon ora gelem nyemauri, sadurungé jakwir-jakwir mujar omongan.
“Pada To. Enyong baé durung mudeng. Wong Jawa adat istiadaté kayong macem-macem. Ana istilah “Tebus Weteng”, sing ditebus apané. Ader tau gadé nang pegadéan tengkula ditebus kedingan? Istilahé kayong ana-ana baé. Toli kiyé, ana maning acara slametan sing diarani Mitoni. Ndélén Jon, bén genah kepimén?” Kapér nyambung omongané Darto. Sing pancén ora paham perkara kuwé.
“Wis Jon, ébén aja pada récok sagseg diterangna,” omongé Sidul wong sing senengé gagiyanan. Ora sabaran.
Kaya biasané Mas Jon ora sekal jawab tapitangané ngangkat gelas isi inungan téh poci. Latané nyuled sigarét. Kaya biasané Kapér ndisiti nyomot saeler rokoké Mas Jon. Jakwir-jakwiré ilon-ilon ndudut saeleran langsung disumed.
“Pancén, urip nang tlatah Jawa adat istiadaté pirang-pirang. Ana “Tebus Wedeng” utawané “Mitoni”. Nah, kanda soal “Mitoni” kudu persiapan khusus kayadéné ana rong gédéng klapa gading sing digambar tokoh wayang Arjuna karo Srikandi….”
“Nah kuwé, Jon! Maksudé apa?” takoné Sidul.
“Maksudé adong bayiné lair lanang, bagusé ébén kaya Arjuna. Adong bayiné metu wadon, ayuné kaya Srikandi. Kuwé sing dikarepna wong tuwa si jabang bayi.”
“Owh… kaya kuwé?” mujaré jakwir-jakwir Mas Jon.
“Nang acara “Mitoni” biasané dilengkapi bonéka. Bahan bonakané digawé nganggo waluh alias labuh dawa. Waluh sing didadékna bonéka diceboki duwit logam récéhan,” omongé Mas Jon nerusna.
“Maksudé?” takoné Darto.
“Maksudé, sewaktu calon ibu si bayi ngadepi lairan supaya lancar laka kendala. Gén pengarepané, si jabang bayi sauwisé lair lan ngadepi penguripan, mengkoné diparingi kelebihan harta. Kadang-kadang diwacakna kitab Barzanji supaya anak dadi bocah sing soléh utawané soléha. Saiki, jalaran perkembangan jaman, adat istiadat kuwé, sangsaya sisib alias lon-lon punah.” Mas Jon nutup omongané. Jakwir-jakwiré mantuk-mantuk. Bengi kiyé jakwir-jakwiré bener-bener olih tambahan pengetahuan. (*)
——–
Lanang Setiawan, penerima hadiah Sastra “Rancagé 2011”, uga novelis.
Discussion about this post