JON Dapuk ngrasakna mopo mayeng-mayeng golét brita. Kerja wartawan online digedag waktu. Ésuk kosih awan mobat-mabit mlayu mana mlayu méné. Tembé pan slonjor ujug-ujug ana bél sekang redakturé kon mayeng. Kadangkala ning wayah bengi pan turu, weruh-weruh ana télpon sing Bos-é dikonkon liputan. Kepaksané Jon Dapuk kudu nglakoni préntahé Bos.
Sing kaya kuwé ora sepisan pingdo. Bisa dikandakna sering diranapi kayadéné nalika ana konsér musik dangdut sing akhiré viral sebab pelaksanaan konséré nang tengah-tengah kahanan jagad lagi ngadepi pageblug Covid-19. Ning waktu samana déwéké lagi mapan turu, ujug-ujug ditélpon bos-é kon turun lapangan. Weruh-weruh, sadina brita metu, jagad dadi ramé.
Gegara raméné brita kuwé, dampaké lampu-lampu dalanan nang Alun-alun Tegal uga Alun-alun Tegal Selatan, disipeti. Para pedagang sing biasa mangkal nang kono dikon ngalih. Ora olih nggelar dagangan nang tebat pelaksanaan konsér musik dangdut.
Saiki, Jon Dapuk bener-bener awaké léklok. Mopo mbangkana-kana mopo. Déwéké sengaja mréi, ora nglakoni liputan. Maring kantoré, déwéké njukut cuti rong dina kepéngin ngayemna awak.
Maring jakwir-jakwiré uga déwéké nyetop aja kumpul-kumpul dingin nang umahé. Déwéké péngin léyéh-léyéh. Maksa baé ana sing ngganggu. Lagi énak-énaké ngobrol karo bojo, ujug-uju HP-né Jon Dapuk moni. Rikat tangané déwéké mbuka HP.
“Jon, bener beléh? Sauwisé konsér dangdut dina Rebo, 23 Séptémber winginén, lampu penerangan dalan disipeti kabéh?”
Jebul sing mbalang WA Kapér.
“Dina kiyé nyong ora patia paham Pér?” Jon Dapuk mbales WA-né Kapér.
“Bisané?”
“Nyong wis WA maring kowen karo Sidul uga Darto, jan rong dina préi laka kumpul-kumpul. Dadi brita ning jaba babar blas ora paham. Angger maca status nang Facebook tah… moniné tah iya bener.”
“Bener ora, lampu dalanan sategal disipeti kabéh?” Kapér mbalang pitakonan maning.
“Sing disipeti kur nang wilayah Alun-alun Tegal kosih sekitaré lapangan Tegal Selatan. Termasuké nang sekitar Gor Wisanggeni. Mung sifaté mipil….”
“Jaré kowen pimén Jon? Kedadiané nang lapangan mbang kidul, bisané kosih mrémbét maring wilayah Tegal kota?” Kapér mégin baé nritil takon.
“Jaréné jaga-jaga mbokan pageblug coronané mbrabah maring endi-endi malah bisa brabéh. Merga kuwé ning waktu kiyé, jakwir-jakwir aja ngumpul disit. Tunggu aba-aba saka enyong!” Welingé Jon Dapuk.
“Waduh!”
Mari Kapér balang WA, ujug-ujug mlebu WA maning embuh sing balang sapa. Jon Dapuk beléh paham, soalé nang HP-né laka arané. Tapi ya kepaksané HP dibuka maning. Isiné, jebul puisi Tegalan.
Kembang suruh
idep ora weruh
wong siji polah
bleketiran keplatok
Kaé delengen
sebab lampu-lampu disipeti
dalanan peteng nggriyeng
pedagang kaki limané tak-takan
bléh paham golét dasaran nang endi
Duh Gusti
lagi kaé lampu-lampu disipeti
saiki ana maning
bener-bener rena
duh rena pisan!
Embuh kuwé puisi Tegalané sapa. Jon Dapuk males takon sing ngirim WA. Jelas baé, Jon Dapuk paham makna sajeroné puisi kuwé. Yakuwé rasa getun para pedagang kaki lima sing dong bengi dodolan nang alun-alun Tegal uga nang lapangan Tegal Selatan, ngerasa kélangan panggonan.
Jujur baé, Jon Dapuk maca puisi kuwé atiné tiba melas maring wong-wong sing golét pangan wayah bengi. Tapi ya semana uga tiba melas maring uwong sing lagi ketiban apes. Agé-agéa baé masalahé cepet rampung, jagadé balik maning kaya mauné. Laka petaka lan laka sing rugi! (@)
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.
Discussion about this post