Rabu, Januari 27, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Aja Ngomong Dlawéran Mundak Kedadén

Critané ning akhir jaman Kerajaan Majapahit ana jejaka naksir maring bocah prawan, arané Siti Sutijah anaké Adipati Tegal.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
2021/01/12 8:46pm
4 min read
0
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel

Lanang Setiawan.

78
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

CRITANÉ ning akhir jaman Kerajaan Majapahit ana jejaka naksir maring bocah prawan, arané Siti Sutijah anaké Adipati Tegal. Jejaka asal Desa Sembung kuwé, demené kepati-pati. Ésuk, awan, kosih bengi kebayang-bayang. Demené saporét-porét, paribasané ora bisa dipenging.

Ayuné Siti Sutijah kaya widadari. Lambéné tipis, rambuté dawa, irungé mbangir, matané mbralak kaya lintang pancar wengi. Jan gawé jejakané puyeng tujuh keliling. Bisa ora bisa, Siti Sutijah kudu dadi bojoné, ora peduli anaké Adipati.

Demen kuwé ora ngukur derajat, lan pangkat utawané guna kaya. Wong demen taruhané gulu, taruhané nyawa. Paribasan, gunung dipének lan lautan disebrangi. Ora wedi bledég ngampar-ngampar gén ora peduli ombak segarané sagunung anakan.

Kuwé critané Mas Jon maring jakwir-jakwiré kaya biasané ngumpul nang Pos Ronda, mburi umahé.

Baca Juga

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Uteké Wong Tegal Pancén Laka-laka

26 Januari 2021
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Dasar Kapér Wanyad

25 Januari 2021
Nglukis Mardiyah Digubed Énérji Mistis

Nglukis Mardiyah Digubed Énérji Mistis

24 Januari 2021
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

23 Januari 2021

“Maaf ya Jon? Bocah jejaka sing demen karo anaké Adipati Tegal, arané sapa? Jebléng énté mbuka crita ora nyebut aran jejakané?” Pikatonané Darto mbuka obrolan.

“Jamaludin.” Ora kaya biasané, pitakonané Darto langsung dijawabi.

“Maksudé kowen, Jamaludin sapa maning? Aran Jamaludin karong pirang-pirang nemen? Jamaludin sing dadi malingguna, anak selir sing ora diakoni gonéng Sultan Trenggono, Raja Kerajaan Demak? Apa Jamaludin sing ana nang versi asal-usul adegé Desa Margadana lan sekitaré?” omongé Kapér kayong mégin kémutan baé maring crita Jamaludin, pirang-pirang dinggo lakon nang endi wilayah. Amak-amak Jamaludin, sawa-sawa Jamaludin. Jan-jané aran Jamaludin ana pira? Kuwé gerutuné Kapér.

“Kuwé Jamaludi anak Bekel Desa Dukuhsembung, Pér?” Mas Jon nerangna.

“Owh?”

“Takon Jon, Dukuhsembung kuwé wilayah ngendi sih?” takoné Sidul.

“Desa Dukuhsembung kelebuné wilayah Kecamatan Pangkah, Kabupaten Tegal, Dul?”

“Okéh Jon. Critané lanjut, bisané Jamaludin kosih demen kepentut-pentut karo Siti Sutijah, kepimén?” omongé Sidul sisan mbalang pitakonan.

“Dong masalah demen kuwé ora perlu digagas Dul? Mbuh bocahé ayu utawané pakra ora, laka masalah. Demen kuwé laka rumusé, sebab demen kuwé misteri. Kaya kowen contoné, bisané kowen kosih demen karo bojoné, kepimén? Kok ora milih baé bintang film utawané artis sing ayu-ayu nang télépisi?”

“Okém Jon. Saiki lanjut critané. Tekan ngendi hasrat gegayuhané Jamaludin maring anaké Adipatiné? Klakon dadi bojoné apa kepibé?” Sidul ngejar jawabané Mas Jon.

Kaya biasané sadurungé Mas Jon njawabi, tangané njukut wédang téh poci latané nyumed sigarét. Kaya biasané tangané Kapér ndudut rokok saeler dékéné Mas Jon. Sidul karo Darto mélu-mélu ndudut rokok saeleran.

Alkisah, jaré Mas Jon molai mbabar crita, krana ngebeté Jamaludin maring Siti Sutijah wis ora sanggup dibendung, déwéké latané marangi maring umahé Adipati. Anjog nang kana, déwéké langsung mujar kepéngin ngepék Siti Sutijah dadi bojoné. Apa jawabé Adipati Tegal?

“Apa sing bisa diadelna anak bekel? Gunakaya, derajat, apa pangkat?”

“Demen karo setia Njeng Adipati?” jawabé Jamaludin.

“Prét! Kubur baé penganené kowen, anak muda? Apa kowen pan nebus nganggo jutaan duka lelara?”

Jamaludin ngerasa omongané Adipatiné sengak gén nyését-sését kulung atiné. Déwéké séwot mbangkana-kana séwot. Atiné panas baran. Sejujur awaké rasané diobong nang pawon penggenén.

Sangking dugalé, Jamaludin wales ukum. Déwéké balik sekang umahé Adipati langsung ngirim utusan nekani umahé Adipati. Tapiné utusané Jamaludin dibakar urip-urip gonéng para punggawa-punggawané. Jamaludin dugal saporét-porét krungu werta kaya kuwé.

Jamaludin golét siasat. Déwéké akhiré dadi perampok, khusus ngrampok maring  umahé Adipati. Konon critané, sauwisé déwéké ngrampok gunakayané Adipati, hasilné didum-dumna maring uwong-uwong sing mlarat jiprat nggéndong pejaratan nang Desa Dukuhsembung. Sajeroné ngrampok gunakaya Adipati, para punggawané Adipati ora sanggup mblekuk ragané Jamaludin. Sebabé Jamaludin kuwé élmuné sakti mandraguna gén bisa ngeclap alias ngilang.

“Ya bener kan? Enyong ngomong apa, ujung-ujungé Jamaludin dadi rampok! Ora béda crita sing ana nang Desa Lawatan, uga nang wilayah Margadana lan sekitaré. Kayong éram enyong? Crita Jamaludin akéh nemen. Jamaludin versi Desa Lawatan lan Desa Margadana, dadi anaké Sultan Trenggono. Saiki malah dadi anaké Bekel Desa Dukuhsembung. Mm….” mujaré Kapér nanggapi critané Mas Jon. Nadané kayong njelu alias gondok.

Mas Jon durung njawabi, Sidul sing uwongé ora sabaran langsung nladung omongané Kapér.

“Wis Pér! Critané ditutugna disit aja ditladung.”

“Képrét baé, Dul….” senggak omongané Darto. Orabada nyekikik.

“Sikah! Képrét endasmu pokah?!” semauré Kapér. Tapi orabada nyekikik uga.

“Lanjut Jon.”

Mas Jon ngunjal ambekan. Jaré déwéké, krana ngadepi Jamaludin kewalahan, Adipatiné akhiré nyerah lan njaluk damé karo Jamaludin.

“Wis cukup, prajurit-prajurité enyong entong kabéh gén harta bendané enyong enténg bébék enténg ayam. Saiki nyong ora duwé apa-apa, jalaran dirampok daning kowen. Ndélén apa sing kudu tak lakoni enyong apa?” omongé Adipati ning adepané Jamaludin.

“Penjalukané enyong mung siji, Njeng Adipati?”

“Apa kuwé?”

“Nyong kepéngin mati nang pangkoné Siti Sutijah.”

Akhiré Adipati Tegal nyerahna Siti Sutijah sing saluguné déwéké uga demen Jamaludin. Gelisan crita, sauwisé wong loro temon, omongané Jamaludin dadi  katemahan. Déwéké mati nang pangkuané Siti Sutijah.

“Kuwé crita Jamaludin asal Desa Dukuhsembung!”

“Maaf Jon. Énté olih crita kiyé sing sapa?” pitakoné Darto.

“Nyong ndeleng pagelaran wayang golék lakon “Jamaludin The Robber’. Dipéntasna nang Gedung Kesenian, Jakarta gonéng kelompok ‘Cing Cing Mong’ taun 2014. Britané dimuat nang Beritabatavia.com. Aran dalangé Sri Waluyo, jebolan Institut Seni Indonesia alias ISI.”

Jakwir-jakwiré Mas Jon mantuk-mantuk. Latané apa sing bisa dipetik seka crita rakyat kiyé? Ora liya maning, sing arané omongan kuwé salah siji dedonga sing bakal dadi katemahan. Mulané, jaganen omongan aja ngucap dlawéran mundak kedadén! (*)

—–
Lanang Setiawan, Penerima hadiah Sastra “Rancagé” lan uga novelis.

Tags: Lanang setiawanMoci
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Uteké Wong Tegal Pancén Laka-laka

26 Januari 2021
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Dasar Kapér Wanyad

25 Januari 2021
Nglukis Mardiyah Digubed Énérji Mistis
Moci

Nglukis Mardiyah Digubed Énérji Mistis

24 Januari 2021
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

23 Januari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Dicucus Ramé-ramé nang Rést Aréa Banjaratma, Prawan Umur 16 Beraraun

  • Sawisé Nabrak Trek, Motor Scoopy Dihampad Mobil Avanza Nang Ngarep Pom Bensin Cabawan

  • Mblunat! Bapa-bapa Nang Banjarharjo Kolu Nyabuli Tanggané Dhéwék Nganti Papat

  • Alesan Bapa-bapa Nang Brebes Nyabuli Anaké Tanggané, Merga Ditinggal Bojoné Kerja Nang Arab

  • Gadis 16 Tahun Digilir di Rest Area Banjaratma 7 Bulan Lalu, Pelaku Belum Ditangkap

  • Tabrak Truk yang Melintang di Depan Pom Bensin Cabawan, Pengendara Sepeda Motor Luka Berat Dihantam Avanza

  • Kepergok Curi Bawang 75 kilogram di Brebes, Warga Tegal Ditangkap

MEDIA SOSIAL

  • 122.2k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 45.8k Subscribers
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Iklan Baris

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Sejarah
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Advetorial

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X