BREBES — Taun 2020 kiyé Pemrentah Kabupatén Brebes nargétna Open Defecation Free (ODF) utawa bebas ngising Sembarangan alias BABS. Tapi mengkono, nganggo dasar data per wulan September taun 2020, ésih ana 158 éwu luwih KK sing durung nduwéni kakus.
Kepala Dinas Kesehatan (Dinkes) Brebes, Sartono ngomong, pihaké ngupayakna nggo mujudna targét kuwé. Dhéwéké nyebut, nggo nuntasna kasus BABS ora bisa dilakoni siji instansi tok tapiné lintas instansi. Pihaké lagi fokus nang penyuluhan ngenani pentingé ngising ora sembarang tempat.
“Angger nggo bangunan utawa bantuan fisik kuwé, nang Dinas Perumahan Rakyat dan Kawasan Pemukiman (Dinperwaskim). Tapi kekait karo prilaku urip masarakat, dhéwék terus ngupayakna ngurangi ébén masarakat ora maning ngising sembarangan,” jaré Sartono, dina Rebo (4/11/2020).
Sajegé awal taun 2020, jaré Sartono, dhéwéké belih yakin targét seka Pemprov Jateng ébén taun 2020 kiyé Brebes bebas ODF. Pasalé, seka pengalaman taun 2019 wingi, Pemkab Brebes mung nyanggupi mékena bantuan kakus sekitar 1.000 unit neng sataun. Tapi pihaké wis ngupayakna nemen nggo nyuksésna Brebes bebas ODF taun kiyé.
“Nggo target taun 2020 kiyé bebas BABS, dhéwék kurang yakin bisa kelakon. Soalé faktor anggaran. Tapi mengko uga bisa diupayakna seka dana désa nang saben désa. Sing mesti, dhéwék mung nang penyuluhan tok. Senajan ora kelakon, tapi penyuluhan tetep dhéwék upayakna,” jelasé.
Tapi mengkono, jaré Kepala Bidang Kawasan Pemukiman dan Pertanahan, Dinas Perumahan dan Kawasan Pemukiman (Dinperwaskim) Kabupatén Brebes, Akhmad Sofia Nukman ngomong, hasil intervensi taun kiyé metung program bantuan kakus mung bisa ngrealisasikna maring 5.000 KK. Ngantikan saiki, data sing dikumpulna jumlahé 86 éwu KK sing durung nduwéni kakus, saiki wis susut dadi 81 éwu KK.
“Intervensi taun kiyé metung APBD Brebes mung 5.000 KK. Teknisé bantuan diwékena maring individual per umah karo catetan nduwé sumber banyu dhéwék-dhéwék. Dadi dudu program stimulan,” omongé Akhmad Sofia Nukman.
Kekait bantuan jambanisasi metung Dana Désa, Nukman ngungkapna, jumlah per désa tergantung seka alokasi sing dianggarna daning masing-masing pemrentah désa. Mugané, jumlah persis program jambanisasi sing wis kelaksana durung dingerteni. Pihaké ya ngarep-arep pemrentah désa terus ngalokasikna anggaran jambanisasi.
“Realisasi sing séka Dana Désa durung ngarti soalé kuwé datané kecatet nang Dinpermadés. Dhéwék mung ngrealisasikna seka APBD tok,” pungkasé. (*)
Discussion about this post