BREBES – Siji minimarket Alfamart sing ana nang ruas dalan Pantura Kaligangsa, Kabupatén Brebes dibobol klompotan garong, dina Senén (1/3/2021) wingi. Akibaté, pirang-pirang barang dagangan sajeronéng toko pragat.
Olih laporan seka masarakat, polisi nekani lokasi nggo nglakoni olah TKP. “Kasus dibobolé minimarket nang ruas jalur Pantura Kaligangsa Brebes kiyé ésih dhéwék slidiki maning. Dhéwék uga ésih nglakoni olah TKP lan mriksani saksi-saksi,” omongé Kasatréskrim Polrés Brebes, AKP Agus Supriyadi.
Dhéwéké nambahi, saliyané duwit tunai sing kesimpen neng njero kasir, pirang-pirang barang dagangan uga dijukut maling. Nang antarané, rokok, minyak wangi, susu, ngantikan coklat.
“Nggo total tuna ésih diitung daning pihak toko. Informasi sing dhéwék tampa, pirang-pirang barang sing ilang paling akéh rokok karo susu. Uga ana minyak wangi lan coklat sing dijukut pelaku,” jelasé.
Wayah kedadénan, jaré Agus, kondisi minimarket sepi soalé wis tutup. Garongé manjing maring njero minimarket karo njebol kunci gembok ngarep. Terusan manjing lan njukut barang — barang nang njero minimarket kuwé,” pungkasé. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post