Rabu, Januari 20, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Ana-ana Bae, Mahasiswa Tegal Wisuda Onlén Nyambi Karo Mancing Iwak nang Ranggon

Posisiné njagong nang ranggon, nggo klambi toga karo nyekel pancingan.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
2020/10/17 10:17pm
2 min read
0
Mahasiswa Tegal Wisuda Online Sambil Mancing di Muara Sigempol Brebes

Istiqlal Fauzan Hidayat menjalani wisuda sambil mancing.

408
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

SAWISÉ taun-taunan nang padung kuliah, momen wisuda dienténi nemen. Wisuda dadi momen sing penting lan sakral nggo ngepolna masa kuliah. Tapi wayah pageblug Corona kaya saiki kiyé, akéh sekola lan perguruan tinggi sing mung nylenggarakna wisuda nganggo cara virtual utawa onlen. Lan soalé onlén, sing diwisuda bisa ana nang éndi baé.

Kaya sing dilakoni Istiqlal Fauzan Hidayat, mahasiswa jurusan D3 Teknik komputer Politeknik Harapan Bersama Kota Tegal. Fauzan nglakoni wisuda onlén nang tempat pemancingan sing ana nang wilayah muara Sigempol, Brebes, dina Rebo (14/10/2020).

“Iya, nyong wisuda onlén nang tempat pemacingan. Posisiné nang ndhuwur tengah muara, utawa njagong nang powotan pring utawa ranggon/gubug tempat nggo macing,” tuturé wayah dibell daning panturapost.com, dina Jemuah (16/10/2020).

Dhéwéké nyritakna, awalé bengi sadurungé wisuda, sadulur-saduluré dolan maring umahé nang Désa Balamoa, Pangkah, Kab. Tegal. Lan ngejaki mancing nang muara Sigempol Brebes.

Baca Juga

4 Kapal Tongkang Terdampar di Pesisir Pantai Tegal Akibat Cuaca Buruk

4 Kapal Tongkang Terdampar di Pesisir Pantai Tegal Akibat Cuaca Buruk

19 Januari 2021
Jubir Satgas COVID-19 Kabupaten Tegal: Setiap Hari Ada Pasien Meninggal Dunia

Jubir Satgas COVID-19 Kabupaten Tegal: Setiap Hari Ada Pasien Meninggal Dunia

18 Januari 2021
195 CPNS Kota Tegal Terima SK, Wali Kota Wanti-wanti Agar Tak Pindah ke Daerah Lain

195 CPNS Kota Tegal Terima SK, Wali Kota Wanti-wanti Agar Tak Pindah ke Daerah Lain

18 Januari 2021
Pasca Dilanda Banjir, Warga Wotgalih Jatinegara Bikin Tanggul Sungai

Sawisé Kena Banjir, Warga Wotgalih Tegal pada Kerigan Nggawé Tanggul Kali

16 Januari 2021

“Nyong mojar ngesuk pan wisuda, terus sadulur-saduluré pada mojar, emang wisudané piben, onlén kan, iya. Iya uwis wisuda nang ranggon (gubug tempat mancing) baé, soalé onlen uga,” jaréné.

Akhiré dhéwéké melu ejakan mancing. Kebeneran dhéwéké uga lagi seneng mancing akhir-akhir kiyé.

“Nang saminggu bisa ping telu mancing. Pas wektu kuwé, dhéwék mangkat seka umah jam enem anjog si Gempol jam pitu luwih. Lan pas jam 8 anjog jam 10, nyong nglakoni wisuda nang kono.”

Sadurungé mangkat mancing, Fauzan wis nyiapna klambi, toga lan liyane nggo persiapan wisuda. Énggal wisuda, dhéwéké ésih sempet macing.

“Mugané pas lagi diwisuda nyong lagi nyekel pancingan. Pas lagi wisuda tanggal 14 Oktober wingi, kebeneran nyong uga ulang taun. Dadi nyong uga pengin happy-happy lan kebeneran laka pegawéan,” tuturé dhéwéké.

Pas dhéwéké nglakoni wisuda onlén, sadulur-saduluré mékena ucapan slamet nyambi sibuk mancing dhéwék-dhéwék. “Yah seneng. Campur aduk pokoké.” (*)

Tags: TegalWarta Ngapakwisuda onlineWisuda sambil mancing
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Gadis 16 Tahun Digilir di Rest Area Banjaratma 7 Bulan Lalu, Pelaku Belum Ditangkap
Warta Ngapak

Dicucus Ramé-ramé nang Rést Aréa Banjaratma, Prawan Umur 16 Beraraun

20 Januari 2021
Tabrak Truk yang Melintang di Depan Pom Bensin Cabawan, Pengendara Sepeda Motor Luka Berat Dihantam Avanza
Warta Ngapak

Sawisé Nabrak Trek, Motor Scoopy Dihampad Mobil Avanza Nang Ngarep Pom Bensin Cabawan

20 Januari 2021
Seorang Balita Bojong Terluka Tertimpa Atap Rumah yang Ambruk
Warta Ngapak

Melas Nemen! Bayi Umur 1 Taun Nang Bojong Kurugan Plapon Nganti Batuké Suwék

20 Januari 2021
Jubir Satgas COVID-19 Kabupaten Tegal: Setiap Hari Ada Pasien Meninggal Dunia
Warta Ngapak

Jaré Petugas, Nang Kabupatén Tegal Nggal Dina Ana Wong Ninggal Gara-gara Corona

19 Januari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Ora Kuwat Nyalip, Bis Sudiro Tungga Jaya Nyrudug Adang-adang Dalan Nang Tol Pejagan-Pemalang

  • Debit Air Sungai Sentuh Level Merah, Jembatan Pemali di Jalur Pantura Ditutup Sementara 

  • Tanpa Pamit Keluarga, Pemuda Asal Musi Banyuasin Mendaftar Persekat Academy hingga Dikabarkan Hilang

  • Melas Nemen! Bar Niliki Emané nang Tegal, Widia Numpak Sriwijaya Air sing Tiba nang Laut

  • Warta Lelayu Ésuk Uput-uput

  • Dalan Pantura Tegal Keleban Banjir, Kendaraan sing Liwat pada Kangélan

  • Guru Honorer di Atas Usia 35 Tahun Diusulkan Jadi PNS Tanpa Tes

MEDIA SOSIAL

  • 121.9k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 45.8k Subscribers
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Iklan Baris

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Sejarah
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Advetorial

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X