TEGAL – Wali Kota Tegal Dedy Yon Supriyono ngolihi bakul sega tetep pada dodolan mengko pas ana local lockdown utawa isolasi wilayah nang 30 Maret-30 Juli 2020. Tapi ya kaya kuwe, ana pirang syarat sing bakul-bakul kudu pada nurut. Sing paling penting kuwe, bakul-bakul ora pada olih nglayani wong sing pada tuku kuwe mangan nang warung.
“Wong dagang, PKL utawa bakul sega ora olih nglayani sing pada tuku mangan nang warung. Mung olih pesen online utawa delivery karo dibungkus nggo dipangan nang umah,” jare Dedy Yon nang Bale Kota Tegal, Jemuah (27/3/2020).
Dedy ngemukakna, alesan kuwe mertimbangna eben laka wong pada ngumpul pating nggrombol. Pasale, rumbengan kuwe bisa gawe potensi nyebare virus corona (Covid-19) dadi luwih gedhe. “Mengko ana surat edaran nggo bakul-bakuk,” terange Dedy.
Dedy ngakoni, kebijakan kuwe bisa duwe dampak nang temurune omzet dodolan. Tapi ya kaya kuwe, Dedy njaluk eben bakul-bakul bisa pada maklumi.
“Kabeh wong sing pada usaha angger ora bisa ngelingi mesti pan ngangluh. Tapi kudu dipahami bareng, lan pancen ekonomi lagi kena imbas kabeh anane kedadenan virus corona kiye,” omonge Dedy.
Ujare Dedy, wayah kiye sing paling utama yakuwe keslametan warga seka anceman virus corona. Karo ditetepnane Kota Tegal dadi zona abang sawise terkonfirmasi anane pasien positif corona, bisa nggo perhatiane bareng-bareng.
“Mesti dhewek kabeh ngarep-arep wabah kiye ora kedaden suwe. Lan muga-muga ora anjog patang wulan. Mengko tergantung ndeleng situasi karo kondisine kaya apa,” ujare Dedy.
Ujare Dedy, warga uga diarep-arep bisa nglakoni imbauan pemrentah. Karo ngurangi aktivitas nang njaba, njaga jarak lan ngadohi rumbengan. “Nyong negasna masarakat tetep ora olih metu sing umah kejaba kepentingan darurat lan mendesak, ora olih uga ngumpul wong akeh, mengko dhewek ana petugas patroli,” Dedy nutugna. (*)
Discussion about this post