DIENGGONÉ alat pelindung diri (APD), kaya masker, sarung tangan lan hazmat, kuwé penting nemen nggo nyegah nularé virus Corona utawa COVID-19. APD ora mung dienggo daning petugas kesehatan, tapi uga daning masarakat. APD nggo petugas medis dienggo sapisan nganggo lan sawisé kuwé dadi runtah.
Lah, terus mengendi limbah APD kesebut diguwang?
Kasi Pengelolaan Limbah B3 Dinas Lingkungan Hidup Kabupatén Tegal, Eko Supriyanto, ngomong limbah APD jeronéng penanganan virus Corona ora olih diguwang sembarang. Tapi limbah kuwé kudu dikelola.
Limbah medis sing asalé seka masarakat, sesuai Surat Edaran Bupati Tegal, dikumpulna maring puskesmas sing paling perek. Seka puskesmas diwékena maring Puskesmas satelit paling perek yakuwé Puskesmas Pagerbarang, Puskesmas Kalibakung, Puskesmas Pangkah, Puskesmas Kramat lan Puskesmas Jatibogor.
Sawisé kekumpul nang 5 Puskesmas satelit, petugas DLH Kabupatén Tegal njukut limbah kuwé lan digawa maring TPS limbah B3 nang TPA Penujah. Tutugané limbah kesebut diangkut daning PT. Wastéc Internasional seka Jakarta.
“Petugas sing njukut limbah APD kuwé uga nggunakna APD. Termasuk supir karo mobil khusus sing mung dienggo njukut limbah kuwé,” ungkapé.
Dhéwéké nyebut, limbah APD penanganan virus Corona seka wulan Maret nganti saiki sekitar 258 kilogram sing diangkut lan diwekena maring PT. Wastéc Internasional. “Runtah medis APD sing dihasilna sing paling akéh limbah masker lan sarung tangan. Angger hazmat sacuil.”
Dhéwéké ngomong, limbah APD diwékena maring PT. Wastéc Internasional nggo dimusnahna. Hal kuwé sesuai MoU karo DLHK Provinsi Jawa Tengah nggo wilayah Tegal, Brebes, Banyumas lan Cilacap.
Sementara limbah penanganan COVID-19 sing nang Rumah Sakit ora diangkut. Jaréné, limbah kuwé wis dadi tanggung jawab Rumah Sakit sing bersangkutan. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post