TEGAL — Akhir-akhir kiye lagi heboh vidio warga nang Kota Pekalongan pada émosi karo mbodhol kasur sing lagi ditawakna sales. Peristiwa kuwé kedadén gara-gara warga krasa diapusi daning sales. Pasalé dibubrak, kasur kuwé jebulé digawé seka bahan saanané yakuwé kardus, tali bahan lan kayu pinus.
Gara-gara kuwé, wong sing sokan nggawéni kasur sing laka mérk-é nang Désa Grobog Kulon, Kecamatan Pangkah, Kabupatén Tegal, kepaksa mandeg produksiné. Salah sijiné, Riyanto (40), warga RT 04 RW 05 Désa Grobog Kulon.
Riyanto ngomong, angger sales kasur sing dadi sasaran émosiné warga Pekalongan lan viral kuwé pancén salesé dhéwéké. Wong-wong kuwé yakuwé Ahmad Sekhemi, Ahmad Yulianto lan Ramedon.
“Bener kuwé salesé nyong. Tapi kuwé sabeneré salah sasaran. Soalé warga dudu tuku nang selesé nyong, tapi seles séjén,” jaréné, dina Rebo awan, 6 Januari 2021.
Saliyané kuwé, Riyanto nglanjutna, kasur sing didol daning seles lan videoné viral nang medsos ngakoni, kasur sing ana pér-pérané sing didol pancén dudu gawéan pabrikan. Kasur kuwé dirakit daning pirang pegawé nang ngarep umahé.
Rangkané nggunakna kayu pinus. Lah, angger nggo karet penyangga nggunakna encit lan dilapisi kardus bekas uga parang kawat sing bentuké per. Ébén tampilané menarik, kasur dibungkus karo plastik sing bening.
“Angger rega sing nyong kuwé Rp 140.000 per unit. Tapi jebulé sales pan ngedol pira apakarepé dhéwék,” ungkapé.
Kekait peristiwa kuwé, Riyanto ngaku ora ngarti, angger wayah dodolan maring kampung-kampung, salesé sokan nawani karo rega dhuwur yakuwé sekitar Rp 1.200.00 per kasur. Malah, nggo ngrayu calon sing-tuku, sales sokan ngomong ari kasur sing didol asalé seka cuci gudang produsén gedhé.
“Nyong ngartiné sales ora ngedol karo rega dhuwur. Soalé sales bayar maring nyong sesuai rega,” tegasé.
Kekait usaha ngawéni sping bed, Riyanto ngaku wis nggeluti lawasé rong taun. Neng sawulan rata-rata dodolané tekan 100 kasur.
“Angger itungan sawulan ya rata rata 100 kasur kekedol. Dadi adolé ora kudu sadina payu pira. Ya rata-rata sawulan 100 kasur. Sekitar samono,” jaréné.
Merga ana kedadénan sing nibani telung salesé nang Pekalongan, Riyanto dijaluk nggawé surat pernyataan ora maning ngedol kasur sing ana pér-pérané kuwé nang wilayah Pekalongan. Surat Pernyataan kuwé digawé nang Polsék Pekalongan Selatan disaksikna daning warga lan Polisi.
“Saiki nyong mandeg produksi disit. Nyong ésih trauma karo kedadénan sing dialami salesé nyong wingi nang Pekalongan,” tambahé.
Camat Pangkah Bambang Sihana karo Kapolsék Pangkah AKP Awan Agus ngampiri pirang produsén kasur sing ana pér-pérané lan laka mérk-é nang Désa Grobog Kulon. Bambang ngomong, pihaké bareng karo Muspika pan gagiyan ngumpulna tukang nggawéni kasir kuwé.
“Mengko dhéwék kumpulna, dhéwék méin pembinaan. Ya mengko dhéwék méin pengertian angger ngedol karo rega lumrah lan aja kosih ngrugikna konsumén,” tuturé. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post