Ana Wong Wani Adol Tuku Ganja Abote 9,9 Kilo nang Tegal, Ya Wis Oh Dihampad BNN – Panturapost.com
Rabu, Mei 31, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Ana Wong Wani Adol Tuku Ganja Abote 9,9 Kilo nang Tegal, Ya Wis Oh Dihampad BNN

Jere, pelakune mbuka klinik herbal nang Tegal karo Brebes.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
25 Februari 2020
2 min read
0
Transaksi Ganja Seberat 9,9 Kilogram di Tegal Digagalkan BNN

Petugas gabungan Badan Narkotika Nasional Provinsi (BNNP) Jawa Tengah bersama BNN Kota Tegal mengamankan 9,9 kilogram ganja. (Foto: Setyadi/PanturaPost)

Share on FacebookShare on Twitter

TEGAL – Badan Narkotika Nasional Provinsi (BNNP) Jawa Tengah bareng karo BNN Kota Tegal nggagalna adol tuku ganja sing bobote 9,9 kilo. Pelaku ditangkep daning Petugas dina Rebo (19/2/2020) winginane.

Barang bukti seakeh kuwe disita seka telung tersangka sing hurup ngarepe A (43), KD (46), karo WS (41) nang tempat sing beda. Pelaku sing esih ana keturunan Aceh diamana petugas gabungan nang dalan Dr. Citpomangunkusumo, Kaligangsa, Margadana, Kota Tegal, dina Rebo. Pas kuwe, pelaku nembe bae adol tuku ganja nang Terminal Bis Kota Tegal.

“Rebo (19/2/2020) sekitar jam tengah pitu esuk, petugas ngamana tersangka A alias I sing mesen karo tuku narkoba sing bobote 9.973 gram lagi njalakna motor nang Kaligangsa, Margadana, Kota Tegal,” jare Kepala BNNP Jawa Tengah Brigjen Pol. Beny Gunawan pas nggelar kasus nang BNN Kota Tegal, Senen (24/2/2020).

ADVERTISEMENT

Seka hasil pengembangan, A sing umahe nang Brebes kiye konangan mesen bareng karo kancane KD. KD daning petugas atane diamana jam sangan esuk ning umaeh sedulure nang Desa Tembokluwung, Adiwerna, Kabupaten Tegal.

Baca Juga

Lagi-Lagi Meresahkan, 7 Anak Jalanan Diamankan Tim Satpol PP Brebes

Gawé Ringsang, Bocah-bocah Punk nang Brebes Diréok Satpol PP

26 Mei 2023
Tak Lagi Rp 20.000, Tiket Masuk Pancuran 13 Wisata Guci Tegal Kini Hanya Rp 7.500

Murah! Tiket Mlebu Pancuran 13 Guci Tegal Saiki Mung Rp 7.500

23 Mei 2023

Adong seka keterangane tersangka A karo KD, ganja kuwe dipesen seka W wong Desa Banjarsari, Kecamatan Ajibarang, Kabupaten Banyumas. Daning A karo KD ganja kuwe kulake regan rong juta satengah sa kilone. Rencanane arep didol maning regan telung juta sa kilone. Lah kiye si W, ngaku tuku seka wong sing nang Aceh regan sajuta telungatus sa kilone.

ADVERTISEMENT

Mbuka Klinik Herbal nang Tegal karo Brebes

Pelaku A karo KD, nang Tegal karo Brebes malah mbuka praktek klinik pengobatan alternatif herbal. “Lan mbokaten klinik kiye didadekna kedok nggo peredaran peteng narkoba kiye. Kiye kudu diwaspadani,” jare Beny Gunawan.

BNN malah njaluk pemrentah daerah, termasuk kepala daerah angger nemoni ana klinik pengobatan herbal nang wilayahe eben bisa dikonfirmasi. “Bisa ditakokna perijinane, prakteke, lan kompetensine apa bener-bener nglakoni praktik herbal kuwe nggo pengobatan lan liya-liyane,” omonge Beny.

Ujare Beny, ganja esih njagongi posisi pertama peredaran peteng narkoba nang Indonesia. “Lan ganja kiye esih ditekakna sing Aceh atane lolos nang Lampung lan di gawa maring Jawa,” jare Beny.

Saliyane njaluk maspadani klinik herbal ilegal dadi sarang peredaran peteng narkoba, Pemda uga dijaluk melu aktif ngawasi panggonan-panggonan wong umum sing dadi tempat tersangka nggo transaksi.

Saliyane ngamana 9,9 kilo ganja, petugas uga ngamana motor siji karo mobil siji. Telung tersangka kuwe dijerat Pasal 114 ayat (2) juncto Pasal 111 ayat (2) juncto Pasal 132 ayat (1) UU 35 taun 2009. Anceman maksimale yakuwe ukuman mati utawa saumur urip.

Sakiye, petugas BNN esih nggoleti pelaku siji maning, sing wis dingerteni identitase. Pelaku sing sijine yakuwe anu pemasok nang Aceh sing magane si W kuwe olih barang kuwe. Sementara maring petugas, kelorone ngaku wis nglakoni transaksi ping pindo. (*)

Sing Nyunting: Irsyam Faiz

Tags: BNN TegalWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Beberapa Pekan Tidak Hujan, Petani di Balapulang Tegal Mulai Gelisah
Warta Ngapak

Wis Suwé Ora Udan, Petani nang Balapulang Tegal Molai pada Bingung

28 Mei 2023
Lagi-Lagi Meresahkan, 7 Anak Jalanan Diamankan Tim Satpol PP Brebes
Warta Ngapak

Gawé Ringsang, Bocah-bocah Punk nang Brebes Diréok Satpol PP

26 Mei 2023
Penahanan Sopir dan Kernet Bus Kecelakaan di Guci Ditangguhkan, Polres Tegal: Ada Jaminan Keluarga
Warta Ngapak

Diréwangi Hotman Paris, Supir Bis Kasus Kecelakaan nang Guci Akhiré Ora Ditahan

25 Mei 2023
Tak Lagi Rp 20.000, Tiket Masuk Pancuran 13 Wisata Guci Tegal Kini Hanya Rp 7.500
Warta Ngapak

Murah! Tiket Mlebu Pancuran 13 Guci Tegal Saiki Mung Rp 7.500

23 Mei 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Umar, Perajin Replika Robot di Tegal Terus Berinovasi, Kini Bikin Becak Robot dari Barang Bekas

  • Christine Hakim Kunjungi Spasi Saat Syuting di Tegal

  • 67 Pengurus ASKAB Brebes Masa Bakti 2023-2027 Resmi Dilantik

  • Bupati Tegal Sambut 32 Biksu Thudong di Purin, Biksu Kantadamo: Terharu Pada Toleransi Umat di Indonesia

  • Tak Lagi Rp 20.000, Tiket Masuk Pancuran 13 Wisata Guci Tegal Kini Hanya Rp 7.500

  • Balawana Park, Tempat Nongkrong Baru di Tengah Hutan Jati Balapulang Tegal

  • Cerita Abas, Petani Asal Desa Karangmangu Jadi Calon Haji Tertua dari Tegal

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 56.9k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In