PEGADUNGAN salah siji aran pedukuhan sing ana nang Kelurahan Mintaragén, Kecamatan Tegal Timur, Kota Tegal. Aran kuwé artiné apa? Woh-wohan gadung, apa sawiji uwong kang aran Dudung, sing mbabad nang wilayah kono? Sidul, Kapér karo Darto babar blas ora ngerti. Mung baé wong telu péngin ngerti asal tembung “Pegadungan” saka apa?
Solusi jitu bén olih jawaban, wong telu sag-seg nekani Jon Dapuk. Kaya biasané, panggonané nang Pos Ronda mburi umahé Jon Dapuk.
“Jon, bengi ana persoalan sing kudu disampungi,” omongé Darto nalika anjog nang Pos Ronda.
“Persoalan apa, To?” Jon Dapuk ngerasa nada omongané kayong medéni nemen.
“Biasa Jon. Jakwir-jakwir pada rudu soal aran Pegadungan. Jaré Kapér tembung Pedukuhan Pegadungan moniné saka tembung woh-wohan gadung. Jaré Sidul, asalé saka aran Dudung, uwong sing mbabad pedukuhan kono. Ndelén, sing bener kepimén?” takoné Darto.
Kaya biasané Jon Dapuk ora gelem njawabi sadurungé jakwir-jakwir liyané mbalang suara.
“Jaré enyong, asal-muasal Pedukuhan Pegadungan kawiwité aran Dudung, sesepuh sing mbabad pedukuhan kono Jon,” semauré Sidul.
“Angger jaré enyong, bener apa sing diomongna Darto. Aran Pegadungan asalé saka tembung woh-wohan gadung. Jaré kowen apa, Jon?” omongé Kapér.
Sauwisé jakwir-jakwiré wis pada mbalang pitakonan, nang kéné Jon Dapuk molai ancang-ancang nyuara.
“Asliné ora kaya kuwé, bro. Critané cukup nggilani,” omongé Jon Dapuk.
“Nggilani pimén, Jon?” Sidul nimpali.
“Critané kaya kiyé!”
Miturut crita sing ana nang pedukuhan kono, ning taun 40-an daérah kono kelebuné wilayah paling runggud. Saambané pedukuhan kono, akéh wit waru, jati, albasiah, uga umah-umah penduduk dibangun nang tlatah pejaratan. Bisa dikandakna, wilayah kono tabet mbangkana-kana tabet alias singit. Akéh siluman pating sliwer nalika séndakala. Konon kabaré, saben-saben malem tanggal 12 Maulud, warga masyarakat Pegadungan nyediakna paso sing isiné banyu kembang jalaran akéh makhluk halus gén wujudé werna-werni. Kadang-kadang teka kalong wéwé, endas kluntung, kuntilanak, belis gundul, lan sebangsané.
Sing paling medéni maning, sekonyong-konyong muncul macan dadi-dadian. Bab kuwé sing ndadékna wong-wong Pegadungan waspada lan nyediakna paso isi banyu kembang pitung rupa.
“Bisané nyediakna banyu kembang Jon?” takoné Sidul medot critané Jon Dapuk.
“Adaté wong kono angger wayah séndakala kaya kuwé, Dul.”
“Okéh. Lanjut Jon.”
Kasebut wong separo umur kang aran Man Tabran. Ning séndakala, déwéké meruhi Macan Putih umpetan nang longan. Ambekané megap-megap kaya-kaya kas diuber-uber daning masyarakat. Meneng getem Man Tarban ngemat-ngemati Macan Putih. Tapi ujug-ujug mbak tralap, Macan Putih ngilang saka pandengan matané Man Tarban. Ora let suwé, Man Tabran krungu ana témbakan. Man Tabran gitir metu maring kolam, weruh Macan Putih mencolot témbok sumur latané ngilang.
Sapisan maning Man Tabran krungu ana témbakan dar dér dor! Déwéké nduga, nang njaba umah musti ana kedadén ngédap-ngédapi. Dugaané Man Tabran ora salah. Nang njaba umah warga masyarakat ramé ana gégéran Macan Putih ketémbak.
“Kulup, apa kowen weruh bocah cilik mampir maring umahé kulup?” Man Tabran kagét ujug-ujug ana Nyai-nyai mbalang pitakonan nang adepané.
“Angger bocah cilik laka Nék. Tapi angger Macan Putih, mau mlayuné ngulon. Ora let suwé nyong krungu ana témbakan….”
Zonder ngomong, Nyai-nyainé mencolot témbok lan wit-witan. Sakedépan mata, Nyai-nyai ngilang. Let sedinané, ana kabar salah siji tentara anda kang aran Van Lewet, mati ngenes. Sekujur awaké dédél duwél, rocak-racik dicabik-cabik daning Macan Tuwa!
“Ééhh…. jebul Nyai-nyai kuwé mbokéné bocah cilik sing njelma dadi Macan Putih, Jon?” takoné Darto.
“Jaré wong kampung kono, kaya kuwé To!” jawabé Jon Dapuk.
“Artiné, Nyai-nyai sing njelma dadi Macan Tuwa wales ukum maring tentara Landa sing némbak putuné?” takoné Kapér. Kaya biasané bar ngomong kaya kuwé, tangané Kapér nyomot rokok saeler dékéné Jon Dapuk.
“Critané kaya kuwé Pér.”
“Ngomong-ngomong, tembung sing ndadékna pedukuhan kono diarani Pegadungan apa, Jon?” takoné Darto.
“Ya… saka tembung Gadungan. Tembung kuwé kan artiné “dadi-dadian”. Dadi-dadian bocah cilik karo Nyai-nyai ndadak dadi macan, kuwé asal-usulé tembung gadungan, To!”
“Ohh… kaya kuwé?”
“Yaul!” Jon Dapuk nutup obrolan. (*)
—–
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.
Discussion about this post