Asal Muasal Brug Suling – Panturapost.com
Sabtu, Januari 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Asal Muasal Brug Suling

Brug Suling? Ader ana? Kepimén sejarahé ana aran Brug Suling?

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
25 September 2020
4 min read
0
Asal Muasal Brug Suling

Ilustrasi jembatan. (Foto: Pixabay)

Share on FacebookShare on Twitter

BRUG Suling? Ader ana? Kepimén sejarahé ana aran Brug Suling? Kayong ana-ana baé ngarani brug, arané Brug Suling. Kapér, Darto karo Sidul ndadak pilingané mengkerut gén cangkemé mlongo. Aja-aja Jon Dapuk kur ngagul. Abong-abongé wartawan latané ndopok sekepénaké boyok.

Selawas jakwir-jakwiré Jon Dapuk urip nang dunya, aran Brug Suling tembé krungu. Mung jakwir-jakwiré pan ngomong sanyatané ora wani. Selawas wong telu kekancanaan awit sekolah nang SD kosih sapréné, Jon Dapuk pancéné ora tau goroh. Déwéké dudu tipikal wong sing sokan ngapusi. Omongané lurus, beléh gelem nyotong sing ora nyata.

Prinsipé Jon Dapuk, ngomong jujur wis dadi laku uripé kanggo njaga kekancanan karo sapa baé. Maring bab goroh déwéké pantangan. Luwih becik meneng angger ora paham maring masalah. Tapi nang bengi kiyé, jakwir-jakwiré kayong rada mangmang apa sing diomong déwéké. Sangertiné jakwir-jakwiré, aran brug kur-kuré Brug Belis, Brug Ketiwon, Brug Langon, Brug Kembar, Brug Duwur, uga Brug Tugel  sing ana nang wilayah Desa Malahayu Brebes.

ADVERTISEMENT

Brug Suling? Pengangen jakwir-jakwiré Jon Dapuk ora nyandak tekan samono. Yakha ana, brug kuwé manggoné nang endi lan sejarah asal-usulé kepimén?

Baca Juga

Warga Gerebek Toko Popok Bayi di Margadana Tegal, Temukan Ribuan Pil Penenang Tanpa Izin Edar

Gara-gara Ngadoli Pil Koplo, Toko Popok Bayi nang Margadana Tegal Digrebek

10 Januari 2023
Malam Refleksi Tahun Ke-4 Umi-Ardie diawali Dengan Pesta Rakyat

Malam Refleksi Tahun Ke-4 Umi-Ardie diawali Dengan Pesta Rakyat

9 Januari 2023

“Jujur ya Jon? Tapi sadurungé nyong ngomong, sori baé. Dudu nyong ora percaya maring kowen sing statusé wartawan. Tapi ya kadangkala menungsa kuwé panggonan keliru, termasuké wartawan ora bisa ucul saka bab kuwé. Nah, kaya kiyé Jon. Selawas nyong klendangan maring désa-désa jaman dadi kuli bangunan, nyong ora pernah krungu aran Brug Suling!” omongé Kapér.

Jon Dapuk kaya biasané ora gelem njawabi sadurungé jakwir-jakwiré pepek mbalang omongan.

“Énté yakin kuwé Brug Suling? Yanu uga pada baé tembé krungu aran kuwé. Arané unik tapi radan mistis. Brug kuwé bener ana apa kur cerita komik, jon?” omongé Darto.

Saluguné, Jon Dapuk pan njawabi, mung ujug-ujug Kapér ndadak mujar.

“Enyong tah percaya karo kowen Jon. Awit sekolah nang SD kosih kekancanan kosih sapréné, wateké kowen tetep jujur laka robahé. Tapi maaf baé Jon, sénggané brug kuwé ana, lokasiné ngendi lan sejarah asal-usulé pimén?”

Jon Dapuk ngerasa utek jakwir-jakwiré tambah kritis. Ora sia-sia déwéké ngglontor ilmu pengetahuan saben bengi gendu-gendu rasa nang pos ronda, hasilé gawé atiné bungah. Wajar angger saikiné jakwir-jakwiré ora kur nrima, saben déwéké mbabar crita.

Kaya biasané sadurungé Jon Dapuk mbuka crita, déwéké nginung rong cecepan latané nyuled sigarét. Kaya biasané tangané Kapér nyomot saeler rokoké Jon Dapuk. Sauwisé nginung lan udud, Jon Dapuk molai nanggapi omongan jakwir-jakwiré.

“Brug Suling bener ana tur dudu cerita nang komik. Jenat wong tuwa loroné enyong mégin urip, wanti-wanti maring anak-anaké poma rong poma aja nganti gegoroh maring sapa baé. Adong wis gegoroh sepisan, musti bakal kulina goroh selanjuté. Pertama, bakal ora diregani kanca batir lan seterusé. Keloro, adong gegoroh rejeki diadohna daning Pengéran. Ketelu, adong gegoroh kapan waktuné digorohi wong liya. Welingé wong tuwa, tak cekeli satemené kosih sapréné. Kebeneran baé, kasabé enyong pas nemen dadi wartawan. Sebab apa? Prinsip wartawan kuwé cekelané kejujuran. Cilaka mencit adong wartawan gawané gegoroh, britané musti ora akurat. Akibaté apa? Bakal urusan karo sing dibritakena. Apesé, bisa mlebu krangkeng!”

Krungu omongan kuwé, jakwir-jakwiré Jon Dapuk  tibané meneng cep klakep. Siji baé laka sing wani nyuara. Apa maning ngéyél. Sebab apa sing diomongna Jon Dapuk, dingerténi daning jakwir-jakwiré angger Jon Dapuk pantang gegoroh.

Sawetara kuwé, kanggo Jon Dapuk déwék, sebab akibat gegoroh kuwé perlu diterangna maring jakwir-jakwiré bén pada duwé akhlak muliya. Sebab saripati menungsa sejatiné dudu lantaran bagusé, ayuné, sugihé, jabatané, uga mlaraté. Patokan menungsa urip, poma rong poma aja  nganti gegoroh utawané mbodoni!

“Lokasi Brug Suling kuwé persisé ning dalan Arjuna kalebu Desa Kedungsukun, Kecamatan Adiwerna, Kabupaten Tegal. Miturut crita Pak Muarif, asal muasal brug kono diarani Brug Suling, critané kaya kiyé!”

Jon Dapuk nenggak inungan téh poci sing mégin melep-melep. Ora suwé déwéké mbabar crita. Jakwir-jakwiré njémbréng kuping, siap-siap ngrungokena. Jaré Jon Dapuk ngutip omongané Muarif, aran Brug Suling asalé ana wong tuwa umuré 70 taun punjul sokan nabuh suling saben wayah bengi angger wong-wong wis pada turu. Nggalik-nggalik suara suling nggentawan ning awang-awang kosih keprungu warga kono. Sing nggo éram, suara sulingé nggalik-nggalik pendak malem Jemuah. Langgam kidung sing digawakna, macem dedonga tolak bala ngusir paneluhan, jin lan sétan brekasakan. Man sapa sing krungu tiupan suling kuwé, ndadekna mrinding nggegiris. Atiné rasané kaya dibetot-betot.

Ilustrasi jembatan. (Foto: Pixabay)

“Sori Jon, nyong pan takon.” Sidul nyetop critané Jon Dapuk.

“Pimén Dul?”

“Penabuh suling kuwé jelmaan bangsa alus apa jalma menungsa?”

“Miturut Pak Muarif, wujudé jalma menungsa. Tapi menungsa sing élmuné duwur. Kono kabaré keturunan bangsawan sokan ngembara saparan-paran.”

ADVERTISEMENT

“Bisané penabuh suling kuwé anjog nang Desa Kedungbungkus?” takoné Kapér.

“Jaré sumber liya, zaman samana wilayah kuwé mégin rungkud. Akéh semak belukar gén wit-witané gedé-gedé. Sedengé ujug penabuh suling nabuhé nang atak-atak brug kuwé, konon kabaré nang sekitar wilayah bruk kuwé pusaté istana para belis, banaspati, lan makhluk-makhluk halus gentayangan sing rohé durung ketampa daning Yang Kuasa, ngumpul dadi siji nang kono. Solusi jitu kanggo ngusir bangsa alus kuwé, kudu diusir nganggo tiupan suling sakti. Sebab apa? Nang wilayah kono bakal dipanggoni menungsa. Mergané, sadurungé ketekan menungsa, para belis kudu lunga sing wilayah Kedungbungkus. Ana sing pan takon?” ujar Jon Dapuk.

“Yanu Jon.” Darto nyuara.

“Iya To.”

“Brarti lantunan suling wong tuwa kuwé, mawujud dedonga pengusir sétan ya Jon?”

“Kira-kirané kaya kuwé. Soalé sauwisé Si Penabuh suling ngonékna sulingé kosih wulanan, para belisé ora betah latané pada semingkir siji tut siji.”

“Wong gemiyén sakti-sakti ya Jon?” takoné Sidul. Sedeng Kapér mégin baé bas bus bas bus udud baé.

“Ndéan baé. Sing jelas, kaya kuwé asal usul brug kono diarani Brug Suling kosih sapréné!” Jon Dapuk nutup critané. (*)

—-
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: Brug SulingMociTegal
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Sejarah Sate Blengong hingga Jadi Kuliner Khas Brebes
Kuliner

Sejarah Sate Blengong hingga Jadi Kuliner Khas Brebes

24 Januari 2023
Wong Siji Arané Dobel-dobel, Ngablu!
Sejarah

Sejarah Tegal: Saat Martoloyo Tanding Melawan Martopuro

9 Januari 2023
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Kilas Balik Museum Situs Semedo Tegal: Impian Dakri yang Kini Terwujud
Sejarah

Kilas Balik Museum Situs Semedo Tegal: Impian Dakri yang Kini Terwujud

31 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Polisi Kejar 2 Oknum LSM Terduga Pelaku Pemerasan Terkait Kasus Pemerkosaan Gadis 15 Tahun di Brebes 

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Polisi Ungkap Nama LSM Tersangka Pemerasan dalam Kasus Pemerkosaan Anak di Brebes

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.4k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In