NEKUNI crita rakyat gén kondangé kasebut legenda, sokan ora junun kanggo netepi aran wilayah. Vérsi kisahé ora mlulu siji, bisa uga luwih. Desa Bandasari, Kecamatan Dukuhturi, Kabupaten Tegal, salah siji contoné. Ning soal aran uga jalan critané, ana sing nyebut Bandasari uga ana sing ngarani Bandasantri. Ujung-ujungé kasebut “Bandasari”. Kepimén asal-usul adage désa kuwé, Mas Jon sing olih pitakonan sekang jakwir-jakwiré mbabar kisahé.
“Ndelén Jon, vérsi pertama sing kasebut Bandasari critané kepimén? Kowen sokan blusukan maring désa-désa mustiné paham bab kuwé,” Kapér mbalang pitakonan mbuka gendu-gendu rasa.
Kaya biasané obrolan jakwir-jakwiré Mas Jon manggoné nang Pos Ronda mburi umahé Mas Jon.
Jakwir-jakwiré ngerténi sadurungé wong telu pepek nyuara, Mas Jon ora gelem njawabi pitakonan. Merga kuwé, Sidul kambén Darto siap-siap nyusun pitakonan.
“Kanggo nambah pengetahuan jakwir-jakwir, cacak vérsi pertama sadurungé ningkat vérsi keloro, jal riwayaté dijéntrék, Jon?” sambung omongé Sidul. Salah siji jakwir sing sokan ora sabaran, kepénginé agé-agé ngerti bab sing diadepi.
“Wis Jon, ja su… kayong penasaran yanu?” tukas Darto. Sing dimaksud tembung “Ja su” singkatan saka kepanjangan ukara “Aja Kesuwén”.
Kaya biasané sadurungé Mas Jon njawabi pitakonan jakwir-jakwiré, tangané ngangkat cangkir isi wédang téh, latané nyumed sigarét. Kaya biasané tangané Kapér ndudut rokok saeler dékéné Mas Jon. Sidul kambén Darto ilon-ilon ndudut rokok saeleran.
“Legenda vérsi pertama, kisahé kaya kiyé.” Mas Jon molai mbuka omongan. Jakwir-jawiré pasang kuping, siap-siap ngrungokna.
Miturut Mas Jon, nalika déwéké dadi wartawan tabloid Tegal Tegal, tau olih crita saka Bekel Bandasari. Kasebut bekel kuwé: Mas To. Jaré Bekel Mas To, jaman mbangkana ana saudagar Bandasari sing dunyané mowak-mawik jumeneng ning wilayah kono. Saudagar sing paribasan ndunyané sahahaha kuwé, manggoné ning arél tanah sing ambané porét. Dikisahna, saudakar kuwé duwé usaha tembako kesohor nang endi-endi paran, jalaran usahané ngantrak-ngantrak.
Bebareng karo liplapé waktu, kejayaan usahané lon-lon mrétéli. Sedeng ahli warisé ora jégod nerusna usahaé wong tuwa, walhasil usaha tembakoné bangkrut. Asal mula sing kono, tembung Bandasari akhiré mbabar.
“Tembung “Banda” artiné gunakaya. Makna tembung liyané, artiné harta benda. Sedeng kata “Sari” artiné inti utawané sariné gunakaya. Makna luwih jero maning artiné, gemiyén-gemiyéné ning wilayah Bandasari akéh penghuni sing pada suksés nang bidang perdagangan. Mung seiring playoné waktu, lon-lon kesuksésané sirna kari sari-sariné gél!”
Sidul, Darto, uga Kapér cukup genah maring crita sing tembé dibabarna Mas Jon.
“Takon Jon,” ujug-ujug Kapér nyuwara.
“Iya pimén, Pér?”
“Jalaran nang kono ana saudagar tembako gedéan, bisa dikandakna masyarakaté jagoan udud ya, Jon?”
“Sikah! Dobol énté. Nék nyotong sametu-metuné.” Darto langsung nyenggak omongané Kapér.
“Képrét baé To. Nyingkrak!” timpal Sidul sadurungé Kapér ndisiti nyuwara.
“Sikah! Képrét wadukmu dilembag?”
“Wis… wis… aja rudu. Versi keloro pan dicritakna apa ora?” Mas Jon nengahi sekaligus pan mogok ngomong.
“Lanjut Jon. Awas kowen Pér, medot omongan tak képrét!” omongé Sidul karo matané mandeng Kapér.
Kapér sadar. Pasuryané Sidul ambang mlonang. Déwéké sekal cep klakep. Meneng getem.
“Tapuk Jon!” Darto nyuwara.
Ora let suwé Mas Jon ngelanjutna crita vérsi keloro. Nirukna omongané Bekel Mas To, tembung Bandasari, konon kabaré kawiwit saka tembung Bandasantri. Tembung kuwé kejaba para pengguniné duwé usaha maju porét, masyarakaté pinter maring élmu Agama Islam. Para ulama uga kyai nang kono porét por manggon ning désa kuwé. Akhiré wilayah kono diarani “Bandasantri”.
“Bisané saiki dadi Bandasari, Jon?” takoné Darto.
“Jalaran masyarakaté kangélan maca tembung kuwé, kewacané dadi Bandasari. Mung jaréné, perihal istilah Bandasatri, adong dikaitna karo aran pedukuhan nang Desa Bandasari, ana sambung rapeté karo jejak rekam perjalanan ulama gledegan sing dimakamna ning Desa Bandasari. Wis, crita legendané cukup saméné baé. Nyong pan ana rapat redaksi!” Mas Jon nutup pertemuan. (@)
—–
Lanang Setiawan, penerima hadiah Sastra “Rancagé” uga novelis.
Discussion about this post