Argatawang sawijine aran desa sing ana nang wilayah Kecamatan Jatinegara, Kabupaten Tegal. Sadina-dinane sesrawungane masyarakat kono nganggo basa Tegalan. Wargane guyup rukun. Pengurupane ngandalna pertanian lan perkebunan.
Ngomong-ngomong soal desa kuwe, Sidul, Kaper uga Darto ora pada mudeng asal-usul desa kuwe diarani Argatawang pimen? Wong telu babar blas ora paham.
“Bisane wilayah kuwe diarani Desa Argatawang mau-maune kepimen, Jon?” takone Kaper nalika wong telu jagongan nang Gazebo pinggir umah Mas Jon.
“Iya, Jon. Argatawang kuwe saka tembung apa?” Darto nyambung omongane Kapir.
“Aja kesuwen, Jon. Jakwir-jakwir penasaran kabeh. Mau awan jakwir-jakwir dolan maring kanca nang desa kono, tak takoni asal-usul desane malah plonga-plongo ora paham babar blas. Ndelen, critane pimen. Kowen musti paham. Sok… Jon,” Sidul nggenepi pitakonan wong telu.
Kaya biasané sadurungé Mas Jon njawab pitakonan jakwir-jakwir, tangané ngangkat gelas isi inungan téh poci. Sauwisé kuwé latané nyuled sigarét. Kaya biasané Kapér ndudut rokok saeler dékéné Mas Jon. Jakwir liyané ilon-ilon.
“Critane kaya kiye. Jaman kuna lecit ana sesepuh nang kono jumlahe 4, yakuwe Pangeran Mertajaya Samparangin, Glodog, lan Basar. Gemiyen aran desane dudu Argatawang tapi Sangenkerta. Sing ngein aran Sangenkerta yaiku Pangeran Mertajaya. Diarani Sangenkerta sebabe ana 9 Werna Werita.” Anjog nang kene Mas Jon medot omongan.
“Werna Werita maksude apa, Jon?” takone Sidul.
Mas Jon njelasna, tembung kuwe maknane 9 Pendapat sing beda-beda. Miturut pitutur wong tua, jare Mas Jon sateruse, Desa Argatawang adong dideleng sing peta bentuke kewan lagi ngringkel.
“Arti tembung Werna Werita
jakaran wonge macem-macem ana sing nurut ana sing rewel. Mulane ana 9 werna.
“Waktu samana nang Desa Sangenkerta ana rong pedukuhan yakuwe; Pedukuhan Kemiri.
“Pedukuhan Kemiri kuwe jebule arene sang putri sing lagi dioyok-oyok goneng Aki-aki nang Desa Gantungan. Ngerasa dioyok-oyok Aki-aki, dewekd latane mlebu blumbang. Goneng Aki-aki blumbang kuwe diduduk, akhire ketangkep latane sang putri disak gen digawa mlaku. Neng tengah dalan ana wong lewat takon; “Neng sak katon nggendol, Aki nggawa apa?“ Aki-akine njawab: “Nggawa kemiri”. Barang barang sing disak diweruhna ding takon, jebule dudu ujud putri, tapine wujud kemiri. Akhire daerah kuwe dinamani Pedukuhan Kemiri.”
“Pedukuhan sing keliro aeane apa, Jon?” takone Darto.
“Sing keloro arane Pedukuhan Larangan. Sedeng Pedukuhan ketelune, arane Sangenkerta. Diarani Pedukuhan Sangenkerta sebab gemiyen-gemiyene ana Desa Sangenkerta. Akhire daerah kono diarani Sangenkerta.
“Nang wilayah kono ana alas gledegan, sawiji perbatasan antara Desa Sangenkerta karo Desa Blisuk sing ora keurus. Goneng Sekertaris (sebutan camat jaman gemiyen) rong bekel nang rong desa kuwe ditegur. Gelisan crita,
bekel loro sing dadi pimpinan nang kono rembugan goleti cara ngrawat alas gledegan. Ora suwe bekel loro sing ana nang wilayah kono Akhire
sepakat nggabungna loro desa antarane Desa Sangenkerta karo Desa Blisuk eben alas perbatasan mau bisa keurus.
“Desa gabungan kuwe akhire didadikna siji diarani
Desa Argatawang,” Mas Jon nerangna ng-ngalar.
“Bisane diarani Argatawang. Jon?” Kaper mbalang pitakona.
“Sebab nang wilayah kono ana gunung sing duwur, arane gunung Tawang sing letake neng bukit gertukung. akhire diarani Argatawang.
“Arti Arga kuwr ora liya dataran sing paling Duwur. Sedeng tembung Tawang njukut aran gunung. Paham?”
“Paham…” ujar jakwi-jakwir Mas Jon.
“Kowen olih crita kuwe sing sapa?” takone Kaper.
“Compong kowen, Per. Pati-pati Si Jon bisa crita, wong kerjane dadi wartawan gen bkusukan maring endi-endi paran!” timpal Sidul radan culag.
“Kepret bae, Dul!” Darto manas-manasi.
“Sikah! Kepret ndasmu pokah!” omonge Kaper. Orabada cekikikan. Jakwir-jakwire uga cekikikan kabeh. (@)
___
Lanang Setiawan kolomnis lan novelis penerima Hadiah “Rancage” 2011.
Discussion about this post