KIMPLING salah siji aran pasar sing manggoné nang wilayah Kecamatan Tegal Selatan, Kota Tegal, dadi panggonan kegiatan ékonomi masyarakat ning telung kelurahan, yakuwé Desa Bandung, Desa Debong Kidul, uga Desa Tunon.
Mung sapa sing ngerti pasar kuwé diarani Kimpling, sapa? Sidul, Kapér, lan Darto nyerah nalika Mas Jon mbalang pitakonan. Jakwir-jakwiré tibané mung pasrah.
“Yanu buta soal kuwé, Jon?” omongé Darto.
Mas Jon mantuk.
“Jaré kowen pimén, Pér?” takoné Mas Jon maring Kapér.
“Angger dicerna tembung Kimpling, ndéané ning jaman gemiyéné akéh masyarakat sing gawé alat musik kendang kempling, Jon?” jawabé Kapér. Pancén radan mirip karo sinonim aran Kimpling. Tapi jawabané Kapér, babar pisan durung tres.
“Sih apa, Jon?” takoné Kapér.
Mas Jon ora nanggapi pitakonané Kapér tapi langsung mbalang pitakonan maring Sidul.
“Jaré kowen apa Dul?”
Sidul sing ditakoni lagi plonga-plongo.
“Ish! Énté ditakoni malah plonga-plongo, Dul? Mikiri apa sih?” Omongé Darto gawé Sidul ndadak ngrajug.
“O, o, o…. takon apa sih Jon? Sori, nyong lagi kurang fokus. Coba diulangi pitakonan kowen, apa Jon?”
“Aran Pasar Kimpling asalé saka ngendi?” Mas Jon ngulangi pitakonan.
“Jujur baé nyong beléh paham, Jon. Jaré kowen apa sih?” Sidul malah balik takon.
Mas Jon kepaksa mbabar asal-usul aran Kimpling. Tapi sadurungé déwéké njawabi, kaya biasané tangané ngangkat gelas isi wédang téh poci, latané nyumed sigarét. Kaya biasané tangané Kapér ndudut rokok saeler dékéné Mas Jon sing diumbar ning adepan jakwir-jakwiré.
Sauwisé Kapér bas bus ngetokna kebul rokok saka cangkemé. Darto karo Sidul ndudut rokok saeleran langsung disuled. Tembé nang kéné jakwir-jakwiré Mas Jon pasang kuping siap-siap ngrungokna Mas Jon crita asal-usul tembung Kimpling.
Jaré Mas Jon, tembung Kimpling asalé saka tembung “Kampleng” alias “Tempiling”. Tembung kuwé sokan diucapna Kibuyut Semblo, tokoh masyarakat ning kono jaman Mataram.
“Waduh! Asal-usulé serem nemen ya, Jon? Brarti Kibuyut Semblo kuwé wongé pugalan ya?” sela Kapér sauwis krungu sejarah asal-usul tembung “Kimpling”.
“Antara pugalan apa orané, nyong beléh paham. Sing jelas baé, miturut crita tutur tinular masyarakat kana, Kibuyut Semblo salah siji wong sing kentengan lan dihormati masyarakat kana.
Kibuyut Semblo paling najis adong weruh para lenggaong sokan meres maring para pedagang pasar, langsung lenggaongé ditempilingi. Sadurungé kapok lan ora mbaléni tindakané, ditempilingi kosih babak belur. Kuwé sebabé déwéké olih julukan Mbah Kimpling,” omongé Mas Jon.
“Takon Jon,” ujug-ujug tangané Sidul ngacung.
“Pimén Dul?”
“Sing dimaksud tembung lenggaong kuwé apa?”
“Bagus. Pitakonan jeli. Lenggaong kuwé tembung jaman kuna lecit. Kasebut kasaré, gento. Bajingan tengik!”
“Owh…?”
“Yanu takon Jon?” Gantian tangané Darto ngacung. Persis kaya lagi diwulang bu guru waktu sekolah nang SD nalika ana pelajaran mencongak.
“Iya To.”
“Pati-pati Kibuyut Semblo wani nempiling para lenggaong, brati Kibuyut Semblo dudu wong péré-péré ya?”
“Kibuyut Semblo pancén dudu uwong sembarangan. Déwéké salah siji prajurit wadyabala alias pasukan keték nalika nglancarna Sultan Amangkurat Agung kanggo nyerang pasukan Trunojoyo jaman Mataram. Déwéké ngeculna parajurit kuwé maksud kepéngin dadi warga biasa.
Kira-kira patang abad kepungkur déwéké anjog ning panggonan sing saiki dadi aran Pasar Kimpling. Ora éram adong déwéké weruh bencoléng-bencoléng ngganggu ketenangané pedagang pasar, seguluné mbangkana-kana. Langsung para bencoléngé dikepruki!”
“Kaya kuwé ringkes critané, Jon?” omoné Darto.
Mas Jon durung njawabi, Kapér wis mbalang pitakonan.
“Bisané kowen ngarti crita kuwé sumberé sing ngendi, Jon?”
“Jaman modéren kaya kiyé, informasi pating slebar nang internet. Wong sapa baé bisa ngerti asal-usul wilayah ngendi baé. Tapi ya ora kétang kanggo nyocoknané, nggoléti narasumber sing paham. Kuwé baé ya nyong ora njamin satus prosén. Wong penulis-penulis sejarahé baé, kadang sokan ora pas. Tapi saora-orané, inti critané asal-usul tembung Kimpling kaya kuwé. Kanggo beneré, wallahu alam bishawab!” Mas Jon nutup obrolan. (*)
—–
Lanang Setiawan, Penerima hadiah Sastra “Rancagé” lan uga novelis.
Discussion about this post