BREBES – Seakéh 117.618 Keluarga Penerima Manfaat (KPM) Program Keluarga Harapan (PKH) Kabupatén Brebes pan nampa bantuan beras seka Kementerian Sosial RI. Bantuan kuwé wis ana nang Bulog Cimohong Bulakamba Brebes lan gari dibagekna tok.
Hal kuwé disampékna daning Menteri Kordinator Bidang Pembangunan Manusia dan Kebudayaan (Menko PMK) RI Prof Dr Muhadjir Efendy wayah nyerahna bantuan nganggo cara simbolis maring perwakilan KPM PKH nang gudang Bulog Cimohong Kabupatén Brebes, dina Rebo (30/9/2020).
Muhadjir njelasna, bantuan sosial sing rupané beras kiyé anu bentuk bantuan tambahan sing diwékena maring sing nampa PKH nang program Jaring Pengaman Sosial (JPS) nggo ngurangi dampak COVID-19. “Sesuai Intruksi Persiden Joko Widodo, beras kiyé disalurna nggo ngénténgna beban masarakat. Terutama keluarga sing nampa PKH wayah ngadepi wabah Virus Corona utawa COVID-19,” omongé Muhadjir.
Gedhéné, jaré Menko PMK, saben KPM PKH nampa 15 kilogram per wulan lan pan diwékena lawasé telung wulan runtung-runtung. Se-Indonesia dialokasikna seakéh 10 juta KPM PKH. Lah, nek nggo Kabupatén Brebes seakéh 117.618 PKM PKH.
“Brebes dadi penerima paling akéh kapan dibandingna karo daerah liya, mugané nyong langsung cek méné,” ungkapé.
Mentri langsung ngecék kualitas beras sing pan diedumna. Jaré Mentri, wis cocog karo ketentuan lan pantes nggo diedumna. Beras sing diedumna yakuwé produk petani lokal, lan Beras Brebes wis terkenal pulen lan énak.
Saliyané nyérahna bantuan beras, Menko PMK uga nyérahna nganggo cara simbolis bantuan paket sembako seka Badan Amil Zakat Nasional (Baznas) Kabupatén Brebes. Paket Sembako sing sumberé seka Kemensos kiyé uga pan diwékena maring 500 wong penerima se-Kabupatén Brebes.
Menko PMK ngélingna, dunia pan ngalami krisis pangan merga pageblug COVID-19. Mugané langkah-langkah ketahanan pangan kudu dilakoni bareng. Semangat nandur lan berjuang jeroneng dunia pertanian kudu terus digelorakna. Termasuk wéinan bantuan maring masarakat sing keimbas COVID-19 terus dilakoni.
Sementara kuwé, Wakil Bupati Brebes Narjo nyampékna matur nuwun soalé wis mampir maring Brebes. Dhéwéké nyampekna salam seka Bupati Brebes Idza Priyanti sing ora bisa teka soalé lagi meloni pendidikan sing digelar Lemhanas RI.
Narjo ngomong, senajan nang wayah pageblug, tapiné Petani Brebes nduwéni semangat sing gedhé nemen sing dibuktikna karo panen raya pari mugané hasilé surplus.
Saliyané pari, Narjo nglanjutna, bawang abang Brebes uga regané lagi stabil, dadiné wong tani bisa makmur. “Antengé rega bawang abang, belih ucul seka peran pemrentah pusat sing wis nyetop impor bawang abang,” ungkapé.
Teka nang acara kuwé antara liya Kapolrés Brebes, Dandim 0713 Brebes, Kepala SKPD kekait nang lingkungan Pemrentah Kabupatén Brebes, Kepala Wilayah Bulog Jateng, Pendamping PKH, lan jajaran Pimpinan Baznas Brebes. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post