Ati-Ati Duwé Group WA, Mbokan Anggotané Metu Kabéh - Panturapost.com
Selasa, Maret 2, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Uncategorized

Ati-Ati Duwé Group WA, Mbokan Anggotané Metu Kabéh

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
2021/02/21 9:23pm
2 min read
0
Ati-Ati Duwé Group WA, Mbokan Anggotané Metu Kabéh

Ilustrasi (HeikoAL/Pixabay)

139
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

ATI-ATI duwé Group WA, aja nganti “Group Yahéérrr” bubar! Ngko ilang silaturahminé! Kuwé pesené Mas Jon sing diunggah nang “Group Yahéérrr” maring jakwir-jakwir sing mélu gabung nang kono.

“Bisané, Jon?” Kapér nanggapi unggahané Mas Jon.

Mas Jon ora mbalesi.

“Musti ana sebab-musababé bisané Group WA bubar.” Sidul nrémbol komentar.

Baca Juga

Gegara COVID-19, Bocah Sekolah Kaya Anak Tiri

28 Februari 2021
5 Titik Blokade Beton di Kota Tegal Akhirnya Dibuka

‘Tontonan Film’ nang Tegal Molai Ramé, Ujungé Kena Ditebak

23 Februari 2021
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Crita Mas Jon lulus S2 Cukup Ngomong Curut

16 Februari 2021
Malem Pertama Nang Hotél Berlin

Malem Pertama Nang Hotél Berlin

14 Februari 2021

Mas Jon tetep ora mbalesi.

“Yanu yakin bisané Group WA anggotané pada metu, jalaran guyonané mateng gén nyinggung perasaan!” Darto ilon-ilon nimpali.

Mas Jon tetep meneng ora beraksi.

Sawetara jakwir-jakwir liyané, uga ora kurang pada nrimbung. Ana pitung menitan, Mas Jon malah mbalang unggahan status anyar. Mung unggahan tulisané, ora kanggo mbalesi komentaré jakwir-jakwir, tapiné malahan ngunggah crita kutipan saka unggahan Group WA tetangga sebelah. Isiné kaya kiyé:

KISAH BUBARÉ GROUP WA

Awalé saka chattingan antaranggota lawas karo anggota sing témbé mlebu kanyaran.

Pak Firman : “Halo Sari, selamat gabung ning group kiyé ya?”

Sari               : “Halo uga Pak Firman? Nyong anggota anyar nih. Njaluk bimbingané.”

Kang Sholéh: “Ya Sari, aja kuwatir sayang, nyong pan mbantu satemené kambén kowen.

Om Iwan       : “Halo Sari, angger ana perlu apa-apa kari ngomong enyong baé. Tak bantu.”

Om Nuridin   : “Halo Sari, nyong bisa mbatiri kowen maring endi paran. Kabari baé ya say?”

Om Adé         : “Halo Sari.. kalem baé. Adong ana enyong, kabéhané bérés!”

Sari                : “Suwun kanca-kanca. Sampéyan kabéh apik banget….”

Pak Ari           : “Maaf, aran lengkapé kowen sapa?”

Sari                : ”SARIFUDIN, asli Bulakpacing…..”

Pak Ari ndadak metu.

Om Iwan mélu metu.

Om Nuridin ilon-ilon metu.

Om Adé uga metu.

Pak Firman sing dadi Admin ya pada baé sekal metu. Kari Kang Sholéh sing mésih tetep online.

???????

Sari                 : “Kang Sholéh kok ora mélu metu???”

Kang Sholéh   : “Ya! Nyong husnudzon lan sabar. Kabéhané musti ana hikmahé.”

Sari                 : “Iya Kang Sholéh, seluguné aran lengkapé enyong: INDAH PUTRI SARIFUDIN. Sarifudin aran bapané enyong. Nyong mantan Putri Indonesia Taun 2013. Nyong randa ditinggal mati sauwisé nikahan. Dadi nyong karo bojoné enyong durung sempet bulan madu. Muga-muga Kang Sholéh bisa dadi imamé enyong….”

Kang Sholéh    : “Alhamdulillah… masa Allah…..”

Sari                  : “Aran lengkapé Kang Sholéh sapa, sih??”

Kang Sholéh    : “SITI SOLÉHA….”

Sekal kuwé, Sari ndadak metu sing group…..!!!

Maca unggahan critané Mas Jon nang Group WA “Yahééérrr”, Kapér kepikel-pingkel. Sidul sing biasané prengat-prengut, ora kalah nyekakak. Sedengé Darto ngguyuné kosih banyu matané ndéwér. Wetengé kaku. Jebulé, Mas Jon bisa gluwéhan uga ya?! (@)

—–

Lanang Setiawan, penerima hadiah Sastra “Rancagé 2011” uga novelis.

Tags: Lanang setiawan
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Dinas ESDM Jateng: Penambangan Pasir Sepanjang Sungai Pedes Harus Ditutup karena Ilegal
Brebes

Dinas ESDM Jateng: Penambangan Pasir Sepanjang Sungai Pedes Harus Ditutup karena Ilegal

19 Februari 2021
Bencana Tanah Gerak di Sirampog, Satu Rumah Terpaksa Dirobohkan
Uncategorized

Bencana Tanah Gerak di Sirampog, Satu Rumah Terpaksa Dirobohkan

17 Februari 2021
5 Pipa Transmisi PDAB Putus, Aliran Air Bersih ke Tegal dan Brebes Macet
Berita Utama

5 Pipa Transmisi PDAB Putus, Aliran Air Bersih ke Tegal dan Brebes Macet

14 Februari 2021
Angin Kencang Sapu Wotgalih, Puluhan Rumah dan 1 Unit Mobil Rusak
Uncategorized

Angin Kencang Sapu Wotgalih, Puluhan Rumah dan 1 Unit Mobil Rusak

10 Februari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Dédy karo Jumadi Lagi Ora Akur, Masalahé Nganti Digawa-gawa Maring Polisi

  • Dipecat dari Ketua DPC Demokrat Kabupaten Tegal, Ayu: Saya Bingung Dituduh Dukung KLB

  • Wali Kota Tegal karo Wakile Lagi Éng-éngan, Ganjar: Diruwat Baé Apa?

  • Ganjar Soal Kabar Dedy-Jumadi Pecah Kongsi: Suruh Ketemu Saya

  • Dedy Yon Laporkan Jumadi ke Polda Jateng Terkait Dugaan Rekayasa Kasus

  • Ungkap Pencurian Truk Lintas Propinsi, 10 Anggota Tim Resmob Polres Brebes Terima Penghargaan

  • Crita Segumuk Tlatah Brebes Manggon nang Wilayah Tegal

MEDIA SOSIAL

  • 122.8k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 47.1k Subscribers
-- Histats.com START (aync)-->
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
  • Advertorial
  • Inspire Slawi

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X