BREBES – Atusan umah nang Désa Bantarkawung Kecamatan Bantarkawung, Kabupatén Brebes dihampad banjir bandang, dina Selasa (1/12/2020). Peristiwa kuwé kedadén wayah warga lagi pada nglakokna sembahyang Magrib sekitar jam enem soré.
Informasi sing diolihi PanturaPost nyebutna, peristiwa banjir kuwé kedadén merga lubéran Kali Pemali sing ngalir nang désa kuwé. Apamaning, wayah kedadénan, nang wilayah kuwé lagi udan barat.
Jaré salah siji warga Dukuh Gempol Désa Bantarkawung, Wati, 55 tahun, banjir teka ujug-ujug. Dhéwéké ya kaget lan langsung mlayu ninggalna umahé nggo nylametna awaké dhéwék.
“Nyong sembahyang durung rampung, weruh-weruh banjir teka. Langsung gedhé banjiré kira-kira sedada,” jaré Wati.
Merga rundag, dhéwéké ya ora sempet nylametna barang-barangé. Méh kabéh perabotan kaya TiVi, kulkas, lemari, lan liyané teles keleban banjir. “Teles kabéh, kiyé nyong mung nggawa klambi sing nyong nganggo kiyé,” omongé.
Jaré Wati, banjir bandang segedhé kiyé mbené pertama kedadén nang desané. Sadurungé umahé pernah keleban banjir, tapi ora nganti segedhé bengi kiyé. “Sadurungé satitik-satitik. Angger saiki gedhé nemen,” jaréné.
Sementara kuwé, banjir uga ngelebna jalur utama Bumiayu-Bantarkawung-Salem. Akibaté lalu lintas nang dalan Provinsi kuwé sempet macét.
Kedadénan kuwé uga nggawé wong pada ngungsi maring umahé saduluré lan tangga-tanggané.
Camat Bantarkawung Eko Supriyanto ngungkapna, nganggo dasar pendataan awal, banjir dampaké maring 830 nyawa seka 153 kluwarga. 12 wong nang antarané yakuwé lansia.
“Saliyané kuwé, ana 65 wong ngungsi maring umah saduluré lan tangga. Wong-wong kuwé asalé seka 18 kluwarga,” ungkapé Eko Supriyanto.
Saliyané nrajang permukiman, banjir bandang uga nglelebna puluhan hektar lahan pertanian. Padahal lahan kuwé mbené ditanduri pari pirang dina winginané. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post