Sabtu, Januari 16, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Bab Rong Perkara Kiyé Aja Kosih Pedot

Darto kéderen duwé ponakan lulus sarjana olih rong taunan, mégin nganggur baé.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
2020/12/02 7:32pm
3 min read
0
Bab Rong Perkara Kiyé Aja Kosih Pedot

Ilustrasi Doa. (Foto: Pixabay)

47
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

DARTO kéderen duwé ponakan lulus sarjana olih rong taunan, mégin nganggur baé. Wong tuwané ngodor, bocahé glang-glong ngalor ngidul ngétan ngulon. Nglamar gawéan maring kantor ngendi baé ditolak terus. Pan mélu dadi kuli batu kayong ora macem, wong titelé sarjana S2. Darto sing dadi Om-é kemelasen.

Darto didikané Mas Jon ngerti bab sodaqoh kur-kuré mecingi kanggo tuku udud. Kuwé angger ponakané dolan maring umahé. Bab sodaqoh, ora mung nggo wong sugih. Tapi kanggo menungsa sajagad, mbuh kuwé lagi kecukupan utawané cekak arto.

Welingé Mas Jon pancén kaya kuwé. Merga jakwir-jakwiré olih pitulungan sing Pengéran. Senajan penguripan jakwir-jakwiré pas-pasan, anak-anaké pada dadi “uwong” kabéh. Anak pembarepé Kapér karo sing nomer loro, sekolah kur SLTA nyatané wis pada nyambut gawé gén masing-masing bojoné mbuka usaha warung lan ana sing mbuka konter HP. Anaké Sidul ya ora béda. Seliyané kerja dadi mandor ning pabrik, bojoné usaha dagang nggawéni roti. Umahé gedongan pantes disawang. Sedeng bojoné Darto nyambi bisnis sandangan liwat online. Péndéké, jakwir-jakwiré Mas Jon rejéh.

Saiki sing lagi kepikiran Darto, bab nasib keponakané. Titelé S2 mésih nganggur. Melasi ta melasi. Tapi kanggo mikir kaya kuwé, uteké Darto ora ngangkir. Bareng jakwir-jakwir,  akhiré kloyong maring Pos Ronda. Panggonan biasa, kanggo tukar pikir karo Mas Jon.

Baca Juga

Warta Lelayu Ésuk Uput-uput

Warta Lelayu Ésuk Uput-uput

15 Januari 2021
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel

Kisah Ngenes Pundén Desa Cangkring

13 Januari 2021
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel

Aja Ngomong Dlawéran Mundak Kedadén

12 Januari 2021
Adegé Wilayah Slawi Ana Pirang-pirang Vérsi

Adegé Wilayah Slawi Ana Pirang-pirang Vérsi

11 Januari 2021

“Yanu lagi kegugu kyéh, Jon. Ponakané yanu lulusan S2 tapi kalah sét karo anak-anaké kita orang jebolan SLTA, bisa dikandakna uripé ora taktakan. Anak-anaké yanu karo Kapér uga Sidul sami mawon. Sing pan tak takokna maring énté, kaningapa ponakané yanu kosih rong taun nganggur jegur?” Darto tembé rong menit njagong nang adepan Mas Jon langsung mbrondong pitakonan.

Krungu omongan penting, Mas Jon ora latané ngendé-ngendé jawabé. Langsung pitakonané Darto ditangani.

“Kebeneran To. Nyong tembé baé maca brita Menteri Pendidikan Nadiem Makarim, nang internét. Nang brita kuwé, Nadiem mujar adong jaman saiki masalah gelar sarjana dudu jaminan kompenténsi maning. Gampangé ngomong lulusan sarjana ora jaminan mutu olih gawéan. Ngadepi jaman serba tarung, akéh wong tuwa mégin silo formalitas. Padahal gelar kuwé, dudu tikét sepur sing otomatis bisa lunga maning tempat sing dituju.

Ana bab harasia sing ora bisa dilawan karo sapa baé. Lan kiyé amat-amat vital, mung baé akéh uwong maén bureng utawa ora nggatékena, padahal wis jelas gamblang…..” Kaya biasané Mas Jon nugel omongan. Semata-mata ébén jakwir-jakwiré pada mbalang pitakonan. Mas Jon kadang kala sokan métu sing kaya kuwé.

“Apa kuwé Jon?” sosor Sidul nidisiti Darto pan nyecer omongan.

“Kira-kira adong anak-anaké kowen pada sing kur lulus SLTA dités ujian lawan sarjana, menang endi? Enyong mélu takon, ndelén?”

“Menang sarjana!” Kapér nyerobot omongan langsung ngalahna jakwir-jakwiré sing pan njawab pitakonané Mas Jon.

“Jaré kowen Dul?”

“Idem jawabé Kapér.”

“Yanu sami mawon, Jon” omongé Darto sadurungé Mas Jon nakoni.

Sepi sakléndab. Mas Jon nguyup wédang pociné latané nyuled sigarété. Kaya biasané tangan Kapér nyomot rokok saeler dékéné Mas Jon.

“Kowen pada jawabé: sarjana sing menang! Saiki enyong pan takon….”

Bengi kiyé, jakwir-jakwiré Mas Jon kaya rumangsa lagi ngadepi ulangan mencongak jaman sekolah ning SD. Mas Jon bener-bener kaya lagi ngetés maring jakwir-jakwiré.

“Takon apa Jon?” omongé Sidul.

“Anaké kowen pada, sekolahé kur SLTA tapi kerja kabéh. Sedeng ponakané Darto lulus S2, mésih nganggur. Kaningapa kalah karo bocah lulusan SLTA?”

“Lha kuwé Jon. Yanu dadi éram. Anak-anaké kita kerja ora nganggo sogokan cut. Nglamar sepisan langsung ditrima. Kaningapa ya?”

“Kunci urip kuwé ana rong perkara. Kowen kabéh sokan dedonga kanggo anak-anaké beléh?”

“Awit bocah mégin bayi, kosih sapréné mésih tak dongakena, Jon?” omongé Darto.

“Ora béda enyong!” Omongé Kapér karo Sidul kayong serempak.

“Kowen pada sokan sodaqoh beléh?”

Jakwir-jakwir Mas Jon pada mantuk.

“Nah rong perkara kuwé sing ndadékna, anak-anaké kowen pada gangsar sajeroné urip lan penguripané.”

Jakwir-jakwiré Mas Jon pada meneng.

“Dedogan kalawan sodaqohé wong tuwa mujarabé laka padané. Anak lanang karo anak wadoné enyong bisa kuliah nang UI, jalaran ya rong perkara kuwé. Poma rong poma, nyong pesen aja kosih rong perkara kuwé pedot!” Mas Jon mungkasi omongané karo wanti-wanti rong perkara kuwé. (*)

——–
Lanang Setiawan, Penulis uga novelis.

Tags: MociSodaqoh
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Warta Lelayu Ésuk Uput-uput
Moci

Warta Lelayu Ésuk Uput-uput

15 Januari 2021
Asal Mula Bandasantri Dadi Bandasari
Moci

Asal Mula Bandasantri Dadi Bandasari

14 Januari 2021
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel
Moci

Kisah Ngenes Pundén Desa Cangkring

13 Januari 2021
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel
Moci

Aja Ngomong Dlawéran Mundak Kedadén

12 Januari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Ora Kuwat Nyalip, Bis Sudiro Tungga Jaya Nyrudug Adang-adang Dalan Nang Tol Pejagan-Pemalang

  • Debit Air Sungai Sentuh Level Merah, Jembatan Pemali di Jalur Pantura Ditutup Sementara 

  • Tanpa Pamit Keluarga, Pemuda Asal Musi Banyuasin Mendaftar Persekat Academy hingga Dikabarkan Hilang

  • Melas Nemen! Bar Niliki Emané nang Tegal, Widia Numpak Sriwijaya Air sing Tiba nang Laut

  • Video: Melihat Wajah Baru Alun-alun Kota Tegal dari Udara

  • Guru Honorer di Atas Usia 35 Tahun Diusulkan Jadi PNS Tanpa Tes

  • Tabrak Pembatas Jalan, Bus Sudiro Tungga Jaya Melintang di Tol Pejagan-Pemalang

MEDIA SOSIAL

  • 121.4k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 45.8k Subscribers
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Iklan Baris

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Sejarah
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Advetorial

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X