Badanan, Umahè Kapér "Close The Door" - Panturapost.com
Selasa, Juni 6, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Badanan, Umahè Kapér “Close The Door”

Awit bada plenong umahé Kapér katon sepi.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
4 Mei 2022
2 min read
0
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Lanang Setiawan.

Share on FacebookShare on Twitter

AWIT bada plenong umahé Kapér katon sepi. Nang nduwur lawang jebul ana tulisan “Close the Door”. Sidul, Darto, uga Mas Jon kegugu maca tulisan kuwé.

Tekané jakwir-jakwir maring umah Kapér pancén sengaja. Masalahé awit malem lebaran kosih bada telung dina, WA jakwir-jakwir ora dibales-bales. Nang HP-né wong telu mégin contréng siji.

Jalaran bab kuwé, Mas Jon duwé inisiatif nekani umahé Kapér bareng Sidul karo Darto mbokata déwéké lagi mriyang. Barang anjog nang umahé Kapér, jebul nang nduwur lawang ana tulisan mau. Nék tulisan sing dipasang nang nduwur umahé Kapér diterjemahna maring bahasa Tegalerin, artiné “Kancingan lawang”.

ADVERTISEMENT

“Kayong ana-ana baé Kapér. Bada-bada lawangé kancingan,” omongé Sidul.

Baca Juga

Jelang Natal dan Tahun Baru, BI Tegal Siapkan Uang Tunai Rp 4,41 Triliun

Persiapan Badanan, BI Tegal Nyiapna Duwit Anyar Nganti Rp 5,04 Triliun

23 Maret 2023
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022

“Embuh kuwé. Bocah selaga-lagané kayong ora peta!” timpal Darto.

Usut punya usut, jebulé Kapér lagi ndekem nang mushola cedek sawah. Sedeng bojoné nyisih maring wong tuwa.

“Bada-bada umah kancingan baé, dongéné ana apa, Pér?” takoné Sidul nalika wong telu nang adepané Kapér.

Kapér ora semaur. Pasuryané katon besem kayong laka semangaté.

“Trus maksudé énté némpélna tulisan “Close the Door” kuwé apa?” sambungé Darto. Sawetara kuwé, Mas Jon mégin durung angkat suara. Déwéké mung nyawang rainé Kapér kayong melasi nemen. Rasa-rasané ngandut hawa susah.

Suwé Kapér durung jawab pitakonan. Sauwisé didedes-dedes, akhiré tembé mujar omongan.

“Nyong njaluk maaf maring kowen kabéh. Sengaja nyong gawé tulisan “Close the Door” lan bojoné nyong tak kongkon nginep maring wong tuwané, sebab nyong kéder….”

ADVERTISEMENT

“Kéder pimén, Pér?” senggak Sidil.

“Nyong ora duwé bekal kanggo ngadepi bada, Dul. Sedeng sedulur-seduluré nyong karo bojo pirang-pirang. Ponakan-ponakané nyong ya akéh. Ngadepi bab sing kaya kuwé, nyong kéder ngadepi bada. Sénggané pada teka kabéh. Saora-orané nyong kudu mecingi ponakan-ponakan. Sedeng pisankala olih waledan saka anaké enyong mung pacél karo sarung kanggo salat riaya. Lubar kuwé, langsung lawang tak témpéli tulisan “Close the Door”. Nyong wedi ketekan sedulur-sedulur,” omongé Kapér karo mbebes mili. Tembé bada kiyé, déwéké ngalami bab sing ora kepénak.

Krungu critané Kapér, matané Darto karo Mas Jon ngecembong bayu bening. Sedeng Sidul kaya biasané molai méwék-méwék. Wong siji kiyé sakalé jogrogé gedé duwur, tapi matané sokan nangisan angger krungu bab penderitaan. Paribasané, matané Sidul mata yuyu.

“Wis Pér, saiki kowen balik. Bojoné kowen uga dijak balik. Ora pantes bada-bada kowen ngendon nang mushola baé,” omongé Mas Jon kambén ngrogoh tas njukut cut sing pancéné wis disiapna kanggo Kapér.

Kapér nampa cut saka Mas Jon mata sing awité merkabak, dadi mbrebes mili. Amplop sing ditampa déwéké cukup kandel. Ditambahi maning karo cut saka Darto karo Sidul gedéné satus éwunan.

“Matur suwun kanggo kowen kabéh. Muga-mugaha kowen kabéh olih walesan rejeki sing gedéné ora kira-kira,” omongé Kapér karo nyikep jakwir-jakwiré.

“Wis Pér, saiki bojoné kowen disusul. Insya Allah duwit jakwir-jakwir bisa luwih kanggo mecingi ponakan-ponakan lan nggo badanan,” omongé Mas Jon nutup omongan. (*)

 

——-
*Lanang Setiawan*, novelis penerima hadiah sastra “Rancagé” 2011

Tags: BadaBadananMoci
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Mampir ke Tegal Kulineran, SBY: Saya Suka Sate Kambing Muda 

  • Kabar Duka, Seorang Calon Haji Asal Brebes Meninggal Dunia di Madinah

  • Cerita Abas, Petani Asal Desa Karangmangu Jadi Calon Haji Tertua dari Tegal

  • Irigasi Mengering, Satu Bulan Lebih Petani Bawang Merah Brebes Terpaksa Airi Lahan Pakai Comberan 

  • Warung Sate Cempe ECO Hadir di Tirus Tegal, Tawarkan Daging Kambing Usia di Bawah 6 Bulan

  • Sabet Banyak Penghargaan, Film “Mbutik” Brebes Tayang di CGV Transmart Tegal Mulai 1 Juni 2023

  • Polisi Tangkap Pelaku Begal Payudara yang Berkeliaran di Kota Tegal, Diduga Banyak Korbannya

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 57k Subscribers
-- Histats.com START (aync)-->
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In