SLAWI – Bejad nemen kelakuane Tari (52), wong sing dadi kuli tani nang Desa Traju, Kecamatan Bumijawa, Kabupaten Tegal. Dheweke tega nyucus anak kuwalone alias anak tirine sing esih cilik wayah umahe lagi sepi. Pelaku ngancem pan mateni korban angger nglaporna maring manene utawa wong liya.
“Aksi kuwe dilakoni wayah kondisi umah lagi sepi utawa bojone si pelaku kiye laka nang umah. Moduse pelaku ngancem pan mateni korban angger nglaporna maring manene utawa wong liya,” omonge Kasat Kapolres Tegal, AKBP Muhammad Iqbal Simatupang, dina Slasa (7/7/2020) .
Peristiwa kiye, jare Iqbal, kedaden nang dina Kemis awal Maret wingi. Wayah awan, korban sing lagi turu ujug-ujug tangi soale ngrasakna lara nang anune. Wayah tangi, korban weruh pelaku wis lagi njagong nang amben lan langsung mbingkem cangkeme korban. Latane, pelaku ngancem pan mateni korban angger nglapor maring manene.
“Wayah tangi korban ya weruh cawete madan mlorod seka posisine uga ana lendir karo getih. Pas kuwe uga, pelaku ngancem pan mateni korban angger nglaporna maring manene utawa wong liya,” omonge.
Ora mung kuwe, pirang dina selanjute, pelaku ya mbaleni maning kelakuan bejate. Pas kuwe, korban manjing maring kamare pelaku terus nggugah nggo njaluk duwit. Tapi, dudu duwit sing diwekena, pelaku malah nyucus korban maning.
“Nggo kedadenan sing keloro, pelaku uga ngancem korban maning. Bedane sing ke loro pelaku ngancem ora pan mekena duwit angger ora nuruti kekarepane,” jarene.
Sementara kuwe, pelaku ngaku tega nyucus anak tirine soale kegawa hawa nafsu wayah weruh korban lagi turu. Pelaku ya ora nyanal wayah petugas nakokna apa aksine kuwe dipeloni karo anceman.
“Nang umah, wayah kondisi lagi sepi. Nglakokna kaya kuwe ya soale pengen bae,” ngakune tersangka.
Pelaku akhire dicekel polisi sawise dilaporna manene korban. Saliyane ngamanna pelaku, polisi uga ngamanna ana pirang barang bukti sing rupane klambi, cawet ndeke korban.
Gara-gara kelakuane, pelaku dijerat karo Undang-undang Perlindungan Anak. Ancemane pidana 15 taun penjara. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post