Balekambang, Terbangan Maskumambang – Panturapost.com
Kamis, Februari 2, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Balekambang, Terbangan Maskumambang

Manggon nang désa pancén asyik. Suasané ayem, adem, tur ora ringsang lan semromong.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
27 Agustus 2020
3 min read
0
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel

Lanang Setiawan.

Share on FacebookShare on Twitter

MANGGON nang désa pancén asyik. Suasané ayem, adem, tur ora ringsang lan semromong. Ning kota ruwed gén pirang-pirang gangguan. Akéh démo sing ora-ora. Sitik-sitik démo. Negarané digawé ruwed ora kober ayem. Gili wis sesek tambah sesek. Gedung kantoran duwur-duwur onjo-onjonan kaya pan nyundul langit. Masyarakaté lu lu gué-gué. Dong ditakoni wong sing kenang kéder dijawabé: tahu! Wong kota khususé nang métropolitan geblegé bléh mufakat. Ora rakyat bleketiran ora amtenaré, rata-rata pada compong.

Ngomong “tahu” jebul béda sing diajarna nang sekolahan. Nang jagad kasunyataan métropolitan, makna “tahu” dudu artiné “ngerti” tapiné duwé makna “beleh paham”. Kentir jan mbangkana-kana kentir!

Angger bengi, wulané ketutup gedung-gedung. Lintangé diganti lampu-lampu dalanan. Sliwar-sliwer kendaraané rupek, pating war wer sing ngendi paran. Bencoléngé bléh kurang. Nang métropolitan, saben uwong kudu waspada. Aja kosih meléng mundak ketipu. Kejahatané ora nguwati. Wong-wong sing duwé pangkat pada dibui. Samana uga politisisé ora nganggo tatanan, gebleg kabéh. Tujuané mung siji, édan jabatan. Ngas-ngasan maring cut sing dudu haké diembat. Péndéké urip nang kota métropolitan kudu siap didupak, disingkang-singkang, diemplo-emplo. Sing méntalé bléh kuwat, nggléwang dadi gelandangan. Kéré saumur-umur akhiré dadi penjahat. Kanggo wong wadon sing imané céték, solusiné adol ‘barang empuk-empuké’, nyambi ider sabu-sabu. Pungkasé mlebu nang buwén. Pokoké rena mbangkana rena!

ADVERTISEMENT

Béda adong urip nang désa. Platarané jembar diiyubi tetanduran. Tiba wayah bengi bocah-bocah cilik pada rok citut, maén rok umpet, sléduran lan sejenisé. Luwih-luwih dong padang wulan ramé pisan. Wong-wong tuwa pada metu jagongan. Ora kur nang tritisan, tapiné tekan pinggir kali ndeleng éloké wulan kemencar, gedéné setampah. Warnané kuning emas nang suasana bengi kang semriwingé angin. Kemrucuké banyu kali sing nénggor selagan gedéné watu ditingkah uniné kéwan-kéwan, kaya suara orkestra alam sing kecipta daning Pengéran.

Baca Juga

Makna “Kacar Kucur” pada Ritual Pernikahan Jawa

Makna “Kacar Kucur” pada Ritual Pernikahan Jawa

30 Januari 2023
Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

24 Januari 2023

Asyik lan mistis dong wayahé wis lingsir wengi sepi liti, kadangkala ana musikal rebana kang nuansané reliji lamat-lamat kaprungu ning kuping. Musik terbang kencér Jawa kuwé, embuh asalé sing ngendi, wong-wong kampung ora pada paham. Sidul, Kapér, uga Darto sokan krungu terbang kencér kuwé nalika wenginé wis ngamplik. Suara terbangan sing nggalik-nggalik sekang kadongan kadang ilang, kadang muncul maning. Tekané uga ora saben bengi, tapiné sewayah-wayah.

“Jan-jané suara terbangan sing sokan nggalik nang tengah wengi wongé sapa sih, Jon?” Darto ngawali takon maring Jon Dapuk.

Kaya biasané Jon Dapuk ora rikat njawabi. Sadurungé jakwir-jakwiré pada mbalang pitakonan. Bab kuwé dadi kebiasaané Jon Dapuk. Déwéké ngenténi jakwir-jakwiré rampung pitakon kabéh.

ADVERTISEMENT

“Nyong tau nglacak nggoléti asal suara tak lawani tengah wengi ngonjogi, tapi asal suarané monglah manglih. Kadang tekané saka kidul, barang tak parani pindah ngulon. Tak parani maning, éh jebul pindah ngétan. Tibané nyong lémpoh déwék ora nemoni asal suara. Dongé grup terbangané sapa kaur-kauré terbangan tengah wengi?” omongé Sidul embuh ditujuknané kanggo sapa.

“Pada baé Dul. Nyong uga penasaran lan sengaja metu nggoléti asal suara. Awité suara sing kulon tak parani kosih tekan rongatus meter, uju-ujug kupingé enyong krungu asal suarané pindah ngétan. Tak parani maning, suara malah ngilang ujug-ujug ana nang mbang kidul. Bengi kuwé, nyong kayong dikerjani. Sampé sapréné, nyong babar blas ora nemu jawab tetep penasaran. Kuwé makhluk halus sing lagi duwé gawé, apa pimén Jon?” mujaré Kapér njaluk pendapat maring Jon Dapuk.

Kaya sing uwis-uwis, Jon Dapuk nyruput wédangé latané nyumed sigarét sadurungé njawabi. Kaya biasané uga, Kapér nyomot saeler rokoké Jon Dapuk sing diumbar nang adepané.

“Suara terbangan nang lingsir wengi, sejatiné ora mung diranapi kowen kabéh. Rata-rata wong sing manggo nang désa, musti tau menangi bab kuwé,” omongé Jon Dapuk.

“Mugané kuwé Jon, jakwir-jakwir pengin ngerti. Angger jaré yanu, mustahil sing terbangan tengah wengi menungsa. Pengangené yanu, kuwé bangsa alus. Tapi apa iya bangsa alus kenal hajatan?” omongé Darto di-iya-ni daning jakwir-jakwiré.

“Wallahu a’lam. Mung Allah Kang Mahatahu barang sing bener. Tapi lepas masalah Pengéran, nyong tau wawancara karo sesepuh sing manggoné nang Desa Kedokansayang, Kecamatan Kramat, Kabupaten Tegal. Sebut baé arané Mbah Mul, salah siji pemaén terbang Jawa sing nggatékna élmu tuwa. Jaré déwéké, sing sokan menangi suara-suara ramé nang tengah wengi sepi liti, kuwé arané Balékambang….” Omongé Jon Dapuk.

“Balékambang sih apa?” takoné Sidul.

“Balékambang kuwé, tempat paling misteri. Sawiji panggonan maskumambang, kumpulan para siluman. Sedeng pengertian Kambang, artiné mengapung. Bisa dikandakna Ngelayang nang awang awang.”

“Lha… kaitané karo suara-suara terbang nang tengah wengi kuwé apa, Jon?” pitakoné Kapér.

“Yakuwé suara sing ngawang-ngawang nang angkasa, kadang pindah-pindah sing kangélan dilacak. Jaré Mbah Mul, panggonan maskumambang kuwé, siji baé laka wong sing bisa meruhi, kejaba wong-wong sing élmu kebatinané duwur!” Jon Dapuk ngakhiri critané. (*)

—–
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.   

Tags: Lanang setiawanMoci
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Jasad Wanita Muda Penuh Luka Ditemukan di Sungai Brebes, Identitas Masih Misteri 

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In