Banner Gambaré Buku-buku Tegalan – Panturapost.com
Senin, Mei 16, 2022
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Banner Gambaré Buku-buku Tegalan

Jakwir-jakwiré Mas Jon pada ndomblong weruh Gazéboné kayong ana prubahan.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
18 Januari 2022
3 min read
0
Banner Gambaré Buku-buku Tegalan
81
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter
ADVERTISEMENT

JAKWIR-JAKWIR Mas Jon pada ndomblong weruh Gazéboné kayong ana prubahan. Njero Gazébo diubengi banner isi gambar-bambar sampul buku gawéané para sastrawan Tegalerin. Adong dideleng saka kadohan, Gazéboné persis menara water lédeng sing nang dalan Pancasila Kota Tegal. Warnané putih byur sebab posisi gambaré nang jero Gazébo.

Wong telu nyawang gambar buku sing ditata nang baner porét nemen. Dawané baner kurang luwih 3,2 méter. Sedengé lébaré 2 meter luwih setitik. Kapér, Darto, uga Sidul nyawang gambar-gambaré awit nduwur kosih mengingsor. Desén gambaré gedé cilik, lan corak bukuné macem-macem. Ana gambar pengarangé, wong-wong pada démo, kupu-kupu pada mabur, tugu Pasar Ésuk, beton-beton memeti jalan zaman gili-gili gedé uga gang-gang nang Tegal dipepeti kabéh, gambar asu, gambar iwak gések, gambar sosok Mardiyah wong wadon legendaris Tegal sing sugihé sehahahaha. Samana uga ana gambar patang bendéra Indonesia, Jerman, Prancis, uga Italia dipadu karo wong wadon sing lagi njagong rainé ndengak, pasrah pan diambung. Kejaba kuwé ana gambar katedral lan kubah kaca nang Berlin, Jerman lan liya-liyané. Pendéké pepek nemen!

“Gazébo tambah apik, Jon. Saka njaba persis water lédeng. Pas njagong nang njeroné, nyong ngerasa kaya lagi nang ngarep kelas. Pengangené enyong kaya lagi diubengi guru-guru sastra saka ngendi paran. Idené kowen pancén laka tunggalé, Jon. Jiwa kepenyairané enyong ndadak mulad-mulad, agé-agé nyong mbukukna karya puisiné enyong. Kapan bukuné enyong bisa némpél nang bener kuwé, Jon?” omongé Kapér kayong ngerasa ketinggalan selawas puluhan taun durung mbukukna karya puisiné.

ADVERTISEMENT

“Bener, Pér. Gambar bukuné kowen siji baé laka. Sing paling moyék bukuné Mas Jon lan buku-buku Komunitas Sastrawan Tegalan. Puluhan taun kowen dadi penyair, sabuku baé ora duwé sempet mbukukna?” omongé Sidul.

Baca Juga

Juadah Pasar Nang Acara Hajatan, Kanggo Tolak Bala?

Juadah Pasar Nang Acara Hajatan, Kanggo Tolak Bala?

12 Mei 2022
Bada Syawal Undangan Hajatan Poret

Bada Syawal Undangan Hajatan Poret

9 Mei 2022

Mas Jon kaya biasané kur meneng getem. Durung nyuasa adong jakwir-jakwiré durung pada ngomong kabéh.

“Kuwé sing gawé yanu getun. Padahal puisiné énté ora kalah tanding karo penyair-penyair liyané. Mulané énté sitik-sitik nabung, Pér.” Sambung omongané Darto nimpali ujarané Sidul.

“Nyong bisa nabung pimén, To? Wong kasabané enyong saiki dadi tukang parkir? Bisa mangan baé untung. Boro-boro gawé buku? Wis lah… aja ngomong kuwé maning. Nyong mung pan takon karo kowen, Jon. Jumlah buku sastra awit puisi, KUR 267, Wngsi, Puisi Tegalerin 2:4:2:4, naskah drama, cerita rakyat Tegal, kamus kosih novél lan liya-liyané ana pira?” Kapér ngalihna omongan sauwisé njawabi omongané Darto.

Kaya biasané sadurungé Mas Jon njawabi pitakonan jakwir-jakwiré, tangané ngangkat cawik isi inungan wédang téh poci, latané nyumed sigarét. Kaya biasané tangané Kapér ndudut rokok saeler dékéné Mas Jon. Jakwir-jakwiré ilon-ilon ndudut saeleran.

“Adong digunggum ana 84 judul buku. Buku-buku produksi Komunitas Sastrawan Tegalan sekitar 67 ta ana. Selebihé terbitan Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah, jakwir-jakwir liyané, Média Tegal Tegal, Yayasan Pustaka Tegal, Mimbar Pengajian Seni Budaya Tegal. Sing nulis nang kumpulan Puisi 2:4:2:4 Tegalerin, KUR 267, Wangsi lan liya-liyané,” jawabé Mas Jon.

“Karya puisi lan novél nganggo bahasa Indonesia ana, Jon?” takoné Darto.

ADVERTISEMENT

“Ana. Malah ana sing nganggo bahasa Landa, patang bahasa uga ana.”

“Kuwé buku apa, Jon?”

“Novél “Markonah Ratu Sehahahaha” telung bahasa: Indonesia, Jerman, Inggris, uga Tegalan. Trus Novél “Laki Pilihan” uga ditulis patang bahasa. Sing nganggo bahasa Indonesia, Belanda, uga Tegalan judul novélé “The Tempest At The Coast”….”

“Kuwé bukuné énté, Jon?”

Mas Jon mantuk.

“Liyané sapa, Jon?”

“Buku kumpulan sing judulé “Kasmaran Kur 267 Ayat Pujangga” karyané Ria Candra Dewi dituli patang bahasa; Tegalan, Indonesia lan Inggris. Buku kumpulan puisi Tegalané enyong ya ana. Tapi sing paling top buku kumpulan puisi Terjemahan sing judulé “Roa”. Kiyé salah siji tonggak lahiré Sastra Tegalan sing nang jero bukuné ana puisiné WS. Rendra “Nyanyian Angsa” sing tak alihwacan maring bahasa Tegalerin dadi “Tembangan Banyak”. Puisi kiyé dadi awal anané Puisi Tegalan,” omongé Mas Jon.

Jakwir-jakwir Mas Jon pada kamitenggengen. Tapi jujur baé, sedawané jakwir-jakwir omong-omongan, pikirané Kapér kayong ngiler kepéngin karya puisiné dibukukna.

“Jon, énté wis luwah-luwih penguripané, mbok karyané Kapér didadékna buku. Yanu ndeleng uripé Kapér megap-megap, rasané ora ngangkir bisa nyétak buku. Idep-idep apa énté, mbiayahi. Tulung, Jon. Ébén gambaré Kapér mlebu nang bénner kayadéné sastrawan-sastrawan Tegal,” omongé Darto, dengarén kayong duwé perhatian khusus.

Mas Jon ora njawabi. Tapi langsung mlaku mlebu jero umah. Ora sedélat déwéké metu maning karo nggawa dus. Mas Jon nggawané kayong andeb.

Anjog nang Gazébo dus dibuka. Jebul isiné tumpukan buku kumpulan Puisi 2:4:2:4 Tegalerin karyané Kapér, judulé: “Tonggak Kepenyairan Kapér”.

Kapér weruh buku kuwé, matané merkabak gén ora suwé déwéké nangis karo nyikep ragané Mas Jon kenceng nemen. (*)

———-
Lanang Setiawan, penerima hadiah Sastra “Rancagé 2011” dan juga novelis.

Tags: Buku tegalanLanang setiawanMoci
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Juadah Pasar Nang Acara Hajatan, Kanggo Tolak Bala?
Moci

Juadah Pasar Nang Acara Hajatan, Kanggo Tolak Bala?

12 Mei 2022
Bada Syawal Undangan Hajatan Poret
Moci

Bada Syawal Undangan Hajatan Poret

9 Mei 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Badanan Olih Amplop Isiné Kur Tulisan “Abang-abang” Tok

7 Mei 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Badanan, Umahè Kapér “Close The Door”

4 Mei 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Kisah Pemudik Asal Brebes Naik Travel Gelap, Lalu Dirampok dan Dibuang di Cirebon

  • Baru Dibangun, Gedung Museum Manusia Purbakala Brebes Ambruk di Bagian Depan

  • Pengakuan Penumpang Mobil yang Tersesat di Brebes, Saripah: Mobil Tabrak Cahaya dan Terbang

  • Ana Trek Nyruduk Umah Loro Nang Jalur Pantura Tegal, Dinyana Supiré Ngantuk

  • Cerita Nia Daniati, Ibu di Tegal Lahirkan Anak Kembar 3 Laki-laki

  • Pecah Ban, Mobilio Terbalik di Tol Pejagan – Pemalang KM 265

  • Nipu Bekas Bojo Siriné Ngantikan 3 Miliar, Wong Brebes Kiyé Divonis 3 Taun 6 Wulan Penjara

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 53.2k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In