TEGAL – Menteri Koordinator Bidang Pembangunan Manusia dan Kebudayaan Republik Indonesia (Menko PMK RI), Muhajir Effendy njaluk ebén bantuan jaring sosial nggo nangani dampak COVID-19, sing rupané beras kudu dijujugna anjog maring umahé sing nampa.
Hal kuwé disampékna daning Muhajir wayah nglongok Gudang Bulog nang Désa Munjung Agung, Kecamatan Kramat, dina Rebo (30/9/2020).
Muhajir ngomong, nggo nangani dampak pageblug COVID-19, sosial lan ékonomi, pemréntah mékena tambahan bantuan nggo Keluarga Penerima Manfaat (KPM) Program Keluarga Harapan (PKH) rupané beras sing diwékena lawasé telung wulan maring ngarep.
“Biasané, KPM nampa bantuan seka program PKH rupané bantuan dana non tunai nggo kebutuhan sadina-dina lan bantuan pendidikan. Persiden njukut kebijakan mékena bantuan tambahan rupané beras seakéh 15 kilonan lan diwékena lawasé telung wulan runtung-runtung,” jaréné.
Mugané kuwé, Muhajir nglanjutna, dhéwéké ya njaluk ebén transporter tanggungjawab maring pelaksanaan distribusi beras bantuan kuwé. Pasalé, tanggung jawab transporter yakuwé ngangkut lan dijujugn anjog maring umahé kluwarga sing nampa PKH. Muhajir ya menging beras bantuan kuwé ditumpuk nang sa tempat lan sing nampa teka nggo njukut dhéwék.
“Olih mengko ana titik kumpul lan kudu didampingingi daning pendamping PKH. Tapi, nggo anjog nang umah, tetep dadi tanggung jawabé transporter. Dhéwék ora kepéngin ana berita ari berasé numpuk nang sa tempat lan PKM ramé ramé njukut beras bantuan,” pesené.
Saliyané kuwé, Muhajir uga nyampékna ari hasil sidak sing dhéwéké lakoni maring pirang Gudang Bulog nang Kabupatén/Kota Pekalongan lan Kabupatén Tegal, kwalitas beras sing disiapna Bulog lumayan apik, yakuwé sedeng. Lan beras kuwé yakuwé hasil penyerapan seka produk lokal.
“Keningapa produk lokal. Tujuané yakuwé nganjatna nilé ijol petani. Saliyané kuwé, ebén angger beras kiyé wis ditokna seka Gudang Bulog, Bulog bisa nduwéni kemampuan nggo mresepi maning panén raya saterusé. Dadi kiyé dhéwék karep gudang kiyé gagiyan kopong mugané mengko panén raya bisa diserep daning Bulog. Toli pan kejamin penghasilané lan nilé ijol sing diolihi petani bisa memadahi,” jelasé.
Sementara kuwé, Bupati Tegal, Umi Azizah nyampékna matur nuwun lan nyatakna pan njaga terus komitmen, Pemrentah Kabupatén Tegal nggo mékena bantuan karo kwalitas sing apik. “Saliyané kuwé, tepat waktu uga njamin kelancaran distribusiné. Kekarepané, Kabupatén Tegal mengarep olih terus perhatian seka Pak Mentri,” ungkapé. (*)
Discussion about this post