Bapa-bapa Ditangkep Gara-gara Konangan Nyolong Bawang nang Brebes - Panturapost.com
Kamis, Februari 25, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Bapa-bapa Ditangkep Gara-gara Konangan Nyolong Bawang nang Brebes

Dhéwéké ngaku kepaksa nyolong soalé nggo menuhi kebutuhan uripé.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
2021/01/26 9:54pm
1 min read
0
Kepergok Curi Bawang 75 kilogram di Brebes, Warga Tegal Ditangkap

Pelaku mengamankan pelaku pencurian bawang merah di Brebes. (Foto: Dok. Kodim Brebes)

501
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

BREBES — Taro, 48 taun, Warga Margasari, Kabupatén Tegal, konangan nyolong bawang abang nang Désa Tegalgandu, Kecamatan Wanasari, Kabupatén Brebes, dina Senen (25/1/2021). Pelaku dicekel warga sing lagi nglinter nang lokasi kedadénan.

Informasi sing ditampa PanturaPost, pelaku nglakoni aksiné wayah subuh sekitar jam papat ésuk. Warga curiga karo gerak-geriké pelaku sing wira-wiri karo numpak motor.

“Wayah konangan warga, pelaku lagi nggawa bawang abang sekitar 75 kilo sing dibenahi neng njero plastik. Bawang kuwé, dijukut seka gudang sing nggo njemur bawang ndéké warga,” omongé Danramil 03 Wanasari Kodim 0713 Brebes metung Babinsa kononé, Serda Toni.

Lah, nggo bawang sing dicolong pelaku yakuwé ndéké Mustofa (42) lan Somari (50). “Pelaku ora nggawa idéntitas. Dhéwéké uga nyopot plat nomer motoré,” jaréné.

Baca Juga

Sulitnya Mengalirkan Kembali Air Bersih ke Tegal dan Brebes

Perbaikan Pipa Transmisi di Kalibakung Selesai, Air Bersih Sudah Mengalir 40 Persen

22 Februari 2021
Melas Nemen! Pasangan Lanang-Wadon Seka Tegal Ninggal Kecelakaan nang Brebes

Melas Nemen! Pasangan Lanang-Wadon Seka Tegal Ninggal Kecelakaan nang Brebes

20 Februari 2021
Pasangan Suami Istri Asal Tegal Tewas Terlindas Truk Trailer di Jalan Pantura Brebes

Pasangan Suami Istri Asal Tegal Tewas Terlindas Truk Trailer di Jalan Pantura Brebes

19 Februari 2021
Cegah Banjir Kembali, Warga Dukuhturi Gotong Royong Perbaiki Tanggul Sungai

Ébén Ora Banjir Maning, Warga Kademangaran pada Kerigan Ndandani Tanggul Kali Ketiwon

19 Februari 2021

Lah, nggo barang bukti sing diamanna yakuwé Motor Honda Beat, tas krésék, lan bawang abang hasil colongan dianjingna maring njero jok motor.

Jaréné saksi mata, Fatkhulloh (46), awalé dhéwéké weruh wong karo gerak-gerik nyurigakna lagi njukut bawang abang.

“Nyong gemboran maling bawang. Latané Pak Mustofa lan Pak Somari metu. Akhiré dhéwék nangkep pelaku,” omongé Fatkhulloh.

Wong-wong akhiré nglaporna kedadénan kuwé maring petugas pikét Polsék Wanasari lan Koramil 03 Wanasari. Latané pelaku diamanna nang Polsék Wanasari nggo diusut luwih lanjut.

Wayah ditakoni daning petugas, pelaku ngaku kepaksa nyolong soalé nggo menuhi kebutuhan uripé.

“Pelaku wis dhéwék amanna nang Mapolsék termasuk barang bukti. Saiki dhéwék ésih ngembangna maning,” omongé Kapolsék Wanasari AKP Mulyono. (*)

 

Disunting Daning: Irsyam Faiz

Tags: Bawang merahbrebespencurianWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Jalan Pantura Rusak Parah, Ganjar Panggil Pengelola Jalan Nasional
Warta Ngapak

Dalan Pantura Akéh sing pada Bodhol, BBPJN Diundang Ganjar Maring Kantor

24 Februari 2021
Tenaga Kesehatan di Jatinegara Terpaksa Jalan Kaki 5 KM Akibat Jalan Rusak
Warta Ngapak

Dalané Bodhol, Tenaga Keséhatan nang Jatinegara Kepaksa Mlaku Limang Kilo Nggo Nglayani Warga

24 Februari 2021
Siap-siap! Malam Ini PDAB Jateng Mulai Uji Coba Alirkan Air PAM
Warta Ngapak

Dandanan Pipa Transmisi nang Kalibakung Pragat, Banyu Bersih Wis Mili 40 Persén

23 Februari 2021
Sarung Goyor Buatan Napi Lapas Slawi Tembus Pasar Ekspor
Warta Ngapak

Pentol! Napi nang Lapas Slawi Nggawéni Sarung, Hasilé Dikirim Maring Luar Negri

23 Februari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Pasangan Suami Istri Asal Tegal Tewas Terlindas Truk Trailer di Jalan Pantura Brebes

  • Cerita Warga Tiap Malam Merasakan Tanah Bergerak di Jalan Raya Kalibakung Tegal

  • Sulitnya Mengalirkan Kembali Air Bersih ke Tegal dan Brebes

  • Udan Gedhé Nemen, Limang Désa nang Ketanggungan Keleban Banjir

  • Ganjar Soal Kabar Dedy-Jumadi Pecah Kongsi: Suruh Ketemu Saya

  • Viral Konvoi Remaja Brebes dan Acungkan Celurit, Kapolsek Tanjung: Video Lama dan Sudah Ditindaklanjuti

  • Wakil Wali Kota Tegal Jumadi Dikabarkan ‘Menghilang’ Tanpa Kabar, Ada Apa?

MEDIA SOSIAL

  • 122.7k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 46.7k Subscribers
-- Histats.com START (aync)-->
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
  • Advertorial
  • Inspire Slawi

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X