Bar Padu Karo Bojoné, Amir Nglalu Ngobong Awaké Dhéwék lan Kluwargané – Panturapost.com
Senin, Januari 30, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Bar Padu Karo Bojoné, Amir Nglalu Ngobong Awaké Dhéwék lan Kluwargané

Anak karo bojoné ninggal dunya merga ngalami luka obong saawak sakojor.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
30 Agustus 2020
3 min read
0
Seorang Bapak di Pekalongan Nekat Bakar Diri Serta Istri dan Anaknya Usai Terlibat Cekcok
Share on FacebookShare on Twitter

PEKALONGAN – Amir (35) warga Desa Karangsari, Kecamatan Bojong, Kabupatén Pekalongan nglalu ngobong awaké dhéwék lan kluwargané lubar padu karo bojoné, Muamalah (29). Peristiwa kuwé nggawé tangga-tanggane pada gégér.

Peristiwa kuwé kedadén sekitar jam telu lewih seprapat nang umah mertuané nang Désa Karangsari, Pekalongan. Gara-gara kedadénan kuwé, Amir, bojo lan anaké sing umuré ésih 3 taun ngalami luka obong temenanan nang saawak sakojor.

Kapolsék Bojong, Kabupatén Pekalongan, AKP Suhadi ngiyakna anané kedadénan kuwé. Jaréné, geni sing ngobong umah kuwé pertama nongol seka jeronéng kamar korban sing kondisiné kekunci.

ADVERTISEMENT

“Keterangan warga, seka soré nganti bengi kuwé kluwarga kuwé pada padu. Lan informasi sing dhéwék olih pancén kluwarga kuwé sering pada tukaran,” jaréné.

Baca Juga

Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

Anaké Mantan Bupati Brebes Mbojo: Mas Kawiné Lemah 3,2 Hektare lan Emas 100 Gram

29 Januari 2023
Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023

Wayah warga krungu ana wong pada tukaran, Suhadi nglanjutna, warga pada inisiatif nekani umah kuwé. Warga kuwatir kedadén apa-apa. Tapi wayah pan ndobrag kamar sing kekunci, ujug-ujug korban sing arané Amir metu seka kamar lan njaluk warga lunga lan ora melu campur masalah rumah tanggané.

“Warga nduwéni inisiatif ndobrag kamar, tapi latané Amir metu lan langsung ngomong maring warga ‘wis aja melu campur, kiyé masalah kluwargané nyong’,” jaréné.

Senajan wis dijaluk lunga, tapi warga ésih tetep nang kono lan ngenténi nang ngarep lawang kamar. Ora let suwé, nongol geni seka jeronéng kamar lan akhiré warga ya kepaksa ndobrag lawang kamar lan nylametna korban sing kekobong.

“Kaya kuwé deleng ana geni seka jeronéng kamar, warga ya langsung manjing lan ngevakuasi korban. Saiki korban wis digawa maring 2 Rumah Sakit sing sejen. Nggo Amir digawa maring RSI Pekajangan karo luka obong 70 persen. Lah, nek nggo Muamalah lan anaké digawa maring RSUD Kajen,” jelasé.

Sementara kuwé, Kepala Désa Karangsari, Kecamatan Bojong, Azizah ngiyakna ari korban sering pada tukaran. Malah, informasi terakhir, Amir lan bojoné sering tukaran soalé rayahan hak asuh anak.

“Ya nyong ringokna seka warga pancén dhéwéké sering tukaran, lan warga ya kuwatir kedadén apa-apa. Lan oramenéya bener kedadénané kaya kuwé. Pol-polan tukaran soal hak asuh anak,” ungkapé.

Dingerténi, nang njero umah kuwé ana 3 kepala keluarga (KK) karo jumlah 10 wong. Azizah ya ngaku wis koordinasi karo pihak Dinas Sosial (Dinsos) sakoloman nggo ngréwangi tempat manggon sementara nggo kluwarga kuwé.

ADVERTISEMENT

“Ya seka désa uga pan ngréwangi samampuné, utamané nggo kebutuhan sadina-dina nang sementara waktu kiyé. Nggo luka lumayan temenanan yah, malah sing anaké sing ésih umur 3 taun lukané anjog 90 persen, seka ngingsor anjog rambut kekobong,” pungkasé.

Bojo lan Anaké Akhiré Ninggal Dunya

Senajan sempet dirawat nang Rumah Sakit Umum Daerah (RSUD) Kajen, Muamalah lan anak balitané Nafisa (3), akhiré ninggal soalé ngalami luka obong temenanan. Nafisa ninggal sekitar jam sepuluh awan merga luka obong sing dialaminé tekan 90 nganti 100 persen.

Sa jam sawisé dikuburna, giliran mamané balita, Muamalah uga akhiré ninggal wayah pan dirujuk maring Rumah Sakit nang Semarang. “Nggo sing balita kiyé kondisi luka obong sekitar 90-100 persen. Lan ninggal nang jam 09.50 Wib,” omongé Imam Prasetyo Kabid Pelayanan Medis Rsud Kajen.

Proses pemakaman ke loro korban ya disambut tangis daning kluwarga. Keloroné dikuburna jéjéran nang pemakaman umum désa kononé. Sasuwénéng proses pemakaman, wong tuwané Mauamalah ya katon lemes, soalé ora nyana pan ditinggalna daning anak wadon mbarepé kuwé.

Sadurungé, jenazah Nafisa dikubur ndisiti nang tempat pemakaman Désa Karangsari sekitar 500 meter seka umahé. Jenazahé dibopong daning pamané Narto maring peristirahané. Nafisa ya sempet disemayamna sedelat nang umah saduluré.

“Sing balita dikuburna sekitaréng jam siji awan lan sempet disemayamna sa jam nang umah saduluré lawasé sa jam. Latané, manéné uga akhiré ninggal,” omongé Solichin, salah siji relawan Tagana Kabupatén Pekalongan. (*)

Tags: Ora Ngapak Ora Kepenak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia
Warta Ngapak

Anaké Mantan Bupati Brebes Mbojo: Mas Kawiné Lemah 3,2 Hektare lan Emas 100 Gram

29 Januari 2023
Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar
Warta Ngapak

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023
Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun
Warta Ngapak

Badeg Nemen, Bapa-bapa nang Brebes Kiyé Kolu Nyucus Anak Tiriné Nganti 7 Taun

27 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In