Rabu, Januari 27, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Béda Désa Béda Legenda, Tapi Tokohé Pada

Jalaran langkané penulis sejarah sing jempolan, dampaké asal-usul cerita wilayah atawané désa sokan saketemuné alias srampangan.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
2021/01/04 8:32pm
3 min read
0
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel

Lanang Setiawan.

53
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

JALARAN langkané penulis sejarah sing jempolan, dampaké asal-usul cerita wilayah atawané désa sokan saketemuné alias srampangan. Sing paling ngéderi, tokoh-tokoh sing ana nang ceritané, gawé wong sing maca tambah mumet. Ana riwayat ngempra nang rong désa. Konon critané, ana Bapak maténi anaké, lan tutuné maténi Simbah.

Cerita kuwé sing ndadékna tangan Mas Jon cekalan batuk sajeroné maca legenda rong désa nang wilayah Kabupaten Tegal. Mas Jon crita bab sing kaya kuwé panggonané nang Pos Ronda nalika kumpul-kumpul kambén jakwir-jakwiré.

“Ader Jon? Kayong nggilani nemen ya?” omongé Sidul nanggapi ceritané Mas Jon.

Kaya biasané angger jakwir-jakwiré durung kabéh mbalang pitakonan, déwéké ora gelem njawabi.

Baca Juga

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Uteké Wong Tegal Pancén Laka-laka

26 Januari 2021
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Dasar Kapér Wanyad

25 Januari 2021
Menikmati Kupat Kikil Bapak Kidi yang Legendaris dari Margasari

Menikmati Kupat Kikil Bapak Kidi yang Legendaris dari Margasari

25 Januari 2021
Wali Kota Tegal Batal Divaksin Corona Gara-gara Gula Darah Tinggi

Wali Kota Tegal Batal Divaksin Corona Gara-gara Gula Darah Tinggi

25 Januari 2021

“Ndéan salah tulis nama, Jon?” ujaré Kapér.

“Riwayat kuwé kedadiané nang désa endi, Jon?” Darto nyambung omongané Kapér.

“Nang Desa Kedokansayang karo Desa Dukuhwaru,” jawabé Mas Jon.

“Angger tak cerna crita kuwé kayong ngablu, Jon? Critané pimén tur bisané ana Bapak kolu maténi Anaké, lan Putuné maténi Simbahé?” takoné Sidul.

Kaya biasané sadurungé Mas Jon njawabi pitakonan jakwir-jakwiré, déwéké nyeruput wédang pociné latané nyumed sigarét. Kaya biasané tangané Kapér ndudut rokok saeler dékéné Mas Jon.

“Critané kaya kiyé!” omongé Mas Jon sauwisé nyedot kebul sigarét rong empotan. Jaré Mas Jon, nalika maca legenda nang Desa Dukuhwaru, Kecamatan Dukuhwaru, lan Desa Kedokansayang, Kecamatan Kramat, rong désa kuwé kelebuné ning wilayah Kabupaten Tegal.

Runutan silsilah wong telu kuwé, kasebut Tumenggung Gedowor duwé anak Ki Gedé Kulur. Sedeng Ki Gedé Kulur duwé anak loro lanang karo wadon. Anak lanangé arané Radén Bagus Swanda, sedengé anak wadoné arané Imansari.

Simbah karo anak, lan putu loroné manggoné nang wilayah sing saiki diarani Desa Dukuhwaru. Antarané Tumenggung Gendowor sing awité dadi plekatiké Adipati Martoloyo akhiré dadi Adipati Tegal. Déwéké musuhan temenanan karo Landa. Sawetara Radén Bagus Swanda uga sengité maring Landa mbangkana-kana. Dadi antara Simbah karo putuné, pada-pada sengité maring Landa.”

Penjelasané Mas Jon maring jakwir-jakwiré cukup dipahami. Mung sing gawé jakwir-jakwiré Mas Jon bingung, asal-usul crita patén-paténan antara Simbah, anak  karo putu kepimén?

“Bab kaya kiyé sing ndadéna nyong éram gén getun mbangkana-kana! Kuwé sebabé jalaran langka penulis sejarah sing jempolan, akhiré asal tulis ora dikroscék disit. Sing penting pokoké mung males ora gelem gogoh bahan-bahan sejarah, hasilé dadiné ngablu!” Nada omongané Mas Jon adong wis nyinggung soal data ntur beléh pas, ndadak getun por-poran.

“Anéh bin ajaib! Péndéké asal désa duwé crita, mbuh pas mbuh ngaweg, hantam kromo! Urusan generasi penerus klabakan, urusan mburi!” Darto mélu-mélu séwot sauwisé krungu critané Mas Jon.

“Enyong takon Jon….” Sidul ujug-ujug ngacung.

“Iya Dul? Pimén?”

“Enyong péngin genah, crita wong telu akhiré patén-paénan kuwé, pibé?”

“Nah! Kiyé tembé pitakonan aos! Okéh Dul, tak critani,” jawabé Mas Jon.

Ora kesuwén Mas Jon akhiré mbabar pristiwa sing ngédap-ngédapi. Miturut sumbér nang Desa Kedokansayang ditambah bahan-bahan nang internét, versi legenda nang Desa Kedokansayang, sauwisé Tumenggung Gendowor lérén dadi Adipati Tegal jalaran wani nentang kambé préntah Raja Mataram, déwéké pecoh-pecohan kambén Radén Bagus Swanda.

Nalika Gendowor nekani umahé Bagus Swanda ora ketemu karo Bagus Swanda, sebab waktu samana déwéké lagi maring Jawa Barat. Gendowor  ketemuné kambén Bapané Bagus Swanda sing wis renta latané digebugi kosih mati….”

Kaya biasané Mas Jon ngandeg crita supaya jakwir-jakwiré ana sing takon.

“Ha?! Sing dipaténi Gendowor kan sing arané Ki Gedé Kulur, kelebuné anaké déwék owh, Jon? Bisané dipaténi?” Kapér mujar pitakonan.

“Bener Pér. Adong legenda versi Desa Dukuhwaru, Ki Gedé Kulur anaké Gendowor. Samana uga Radén Bagus Swanda kelebuné putuné Gendowor. Tapi adong versi legenda nang Desa Kedokansayang, Gendowor laka sangkut pauté karo silsila keluarga,” omongé Mas Jon nerangna.

“Anéh! Bener-bener anéh! Liya daérah critané béda-béda. Tokohé pada baé. Ajeg! Mm….” omongé Sidul karo nggerem.

“Akhir critané pimén, Jon?” takoné Sidul sing ora sabaran.

“Pungkas crita sauwisé Bagus Swanda balik saka Jawa Bara, weruh Bapané mati latané rikat ngoyok Gendowor. Pas nang tengah dalan, déwéké papagan. Wong loro sing pada saktiné tanding kosih Gedoworé mati! Konon kabaré, geluté kosih pirang-pirang dina.” Mas Jon nutup omongané sing ndadékna pikirané jakwir-jakwiré kebek pitakonan! (*)

 

—–
Lanang Setiawan, Penerima hadiah Sastra “Rancagé” lan uga novelis.

Tags: Asal usul DesaLanang setiawanMociTegal
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Uteké Wong Tegal Pancén Laka-laka

26 Januari 2021
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Dasar Kapér Wanyad

25 Januari 2021
Nglukis Mardiyah Digubed Énérji Mistis
Moci

Nglukis Mardiyah Digubed Énérji Mistis

24 Januari 2021
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

23 Januari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Dicucus Ramé-ramé nang Rést Aréa Banjaratma, Prawan Umur 16 Beraraun

  • Sawisé Nabrak Trek, Motor Scoopy Dihampad Mobil Avanza Nang Ngarep Pom Bensin Cabawan

  • Mblunat! Bapa-bapa Nang Banjarharjo Kolu Nyabuli Tanggané Dhéwék Nganti Papat

  • Alesan Bapa-bapa Nang Brebes Nyabuli Anaké Tanggané, Merga Ditinggal Bojoné Kerja Nang Arab

  • Gadis 16 Tahun Digilir di Rest Area Banjaratma 7 Bulan Lalu, Pelaku Belum Ditangkap

  • Tabrak Truk yang Melintang di Depan Pom Bensin Cabawan, Pengendara Sepeda Motor Luka Berat Dihantam Avanza

  • Kepergok Curi Bawang 75 kilogram di Brebes, Warga Tegal Ditangkap

MEDIA SOSIAL

  • 122.2k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 45.8k Subscribers
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Iklan Baris

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Sejarah
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Advetorial

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X