AWAN kiyé Mas Jon ngerasa bangga. Ngrongokna omongané, Dr. Imawan Sugiharto, SH.MH, Ketua Yayasan Pendidikan Pancasakti (YPP) Tegal ning adepané Mas Jon karo Penyair Tegalan Dwi Ery Santoso nang ruangan kerjané.
Waktu samana Mas Jon mbatiri Ery nemoni Imawan. Awan kuwé Imawan tembé baé mimpin rapat yayasan, weruh wong loro nunggu nang ruangan ngarep, langsung dikongkon stafé ngadep karo déwéké. Mas Jon karo Ery sagseg mlaku mlebu ruangan kerjané.
Imawan wongé santé, ora nyegani, tapiné grapyak maring tamu. Mas Jon kenal déwéké nalika ngadakna acara diskusi lan baca puisi Tegalan nang ruang pertemuan wétan kantor YPP. Mas Jon nilé, waktu Imawan méin sambutan ning acara kuwé, gawé bungah atiné para seniman sing njunjung duwur maring Sastra Tegalan. Ning sambutané, déwéké ngarepna para seniman Tegalan sing kegabung nang Komunitas Sastrawan Tegalan, ora perlu sungkan-sungkan angger pan nggelar acara ning lokasi Universitas Pancasakti (UPS) Tegal.
Kuwé asal-usul Mas Jon karo Dr. Imawan Sugiharto kenal sing akhiré, sesrawungané tambah ngraket. Awan kuwé Ery sing predikaté Presidén Penyair Tegalan, njaluk dibatiri Mas Jon.
“Tumbén Pak Ery njanur gunung. Apa sing bisa tak bantu?” omongé Imawan nalika wong loro wis pada njagong.
“Kiyé Pak Imawan, ana produk buku anyar. Kayané perlu kanggo nglengkapi perpustakaané UPS,” semauré Ery karo ngetokna setumpuk buku karya-karyané karo buku-buku novel produké Komunitas Satrawan Tegalan, langsung diserahna maring Imawan.
“Kiyé kanggo enyong, Pak Ery?”
“Njih Pak.”
“Enyong bangga maring seniman-seniman sing produktif nerbina buku-buku Sastra Tegalan. Sebab nang UPS duwé gedung perpustakaan. Salah siji ruangan paméré nggo ndalah buku-buku sastra Tegalan. Kaya dékéné Mas Jon karo Dr. Maufur tokoh-tokoh penggerak Sastra Tegalan, bukuné pirang-pirang,” ujaré Imawan karo nebar éseman.
Mas Jon krungu arané disebut lan dialem, mung mésem.
“Enyong atur gedé kesuwun maring kepeduliané Yayasan Pendidikan Pancasakti, sing dipimpin gonéng Pak Imawan nyatané duwé réspon maring gerakan literasi Sastra Tegalan,” omongé Ery.
“Sapa maning angger dudu wongé déwék sing mélu mbantu produktifitasé seniman-seniman Tegal? Ora liya ya kudu wongé déwéké, ya Mas Jon?”
“Bener Pak. Anané dukungan kalangan akademisi, nyepetna pengenalan buku-buku Sastra Tegalan maring lingkungan kampus lan khususé kanggo mahasiswa, sing kaitané buku-buku Sastra Tegalan wis dadi mata kuliah ning UPS,” omongé Mas Jon.
“Nyong pancéné duwé niat tulus, yén UPS mengkoné dadi rujukan para mahasiswa ngendi paran. Angger pan ngelakoni penelitian soal Sastra Tegalan, ora perlu adoh-adoh. Cukup maring perputakaan UPS, buku-buku kayadéné; novel, puisi, crita-crita rakyat, naskah drama, lan liya-liyané pepek.”
Luwih jero, Imawan nerusna omongan. Jaréné, angger déwéké dadi Dékan, ora tanggung-tanggung pan sokan nekakna para pelaku penggerak Sastra Tegalan kanggo diajak rembukan supaya dosén sing mbidani sastra lokal nambah élmu.
“Lha, ngundang penggerak lan tokoh Sastra Tegalan, ora kangélan lan bisa diajak seduluran. Kaningapa ogah-ogahan ngundang seniman Tegalan? Minimalé, paran pengerak sing getol maring Sastra Tegalan bakal ménéhi suport ora baén-baén kanggo nggerakna kréatifitas dunia akademisi.
Saiki durung ngerasa manfaaté, tapi nyong yakin insya Allah Kampus UPS bakal dadi barométer lan pusat kajian dokumén-dokumén karya-karya Sastra Tegalan, angger gelem nyawél para seniman Tegalan,” omongé Imawan dawa ngalar-ngalar.
Mas Jon ngrungokna ucapané Imawan, atiné adem ayem. Nang jero ati, Mas Jon ndongakna wong apik kaya déwéké diparingi berkah séhat lan dawa umuré. Uwong kaya Imawan kegolong wong apikan tur grapyak, ora adigang adigung abong-abongé dadi penguasa nang YPP.
Nyinggung gerakan Sastra Tegalan perlu ana wadah pétas lan diskusi sing bersinambungan, déwéké mbuka tangan amba-amba.
“Mangga mawon para seniman Sastra Tegalan nggunakna tempat sing wis ana. Kari pilih pan nang ruangan endi gén ora nampik, sisan logistiké tak bantu,” omongé Imawan.

Ora krasa wong ngobrol karo déwéké, jebulé ana sajaman luwih. Merga beléh kepénak, nang njaba akéh tamu sing pada nunggu, Mas Jon karo Ery pamitan. Éh jebulé, barang pan balik dislonongi sakepel cut!
“Kanggo ganti cétak bukuné Pak Ery? Aja dideleng gedé ciliké, Pak Ery?” omongé Imawan.
“Njih Pak. Jesuwun!” mujaré Ery. (*)
—–
Lanang Setiawan, penerima hadiah Sastra “Rancagé 2011” uga novelis.
Discussion about this post