TEGAL — Berkas perkarané Wasmad Edi Susilo wis dinyatakna pepek utawa P21 daning Kejaksaan Negri (Kejari) Tegal. Wakil Ketua DPRD Kota Tegal kuwe ditetepna dadi tersangka neng kasus pelanggaran Undang-undang Kekarantinaan Kesehatan soalé nganakna konser dangdut nang wayah pageblug COVID-19.
“Tahap loro seka Polda Jateng wis diwékena maring Kejari Kota tegal. (Berkasé) Wis P21,” omongé Kasi Intel Kejari Tegal Ali Mukhtar, wayah dibell, dina Rebo (4/112/020).
Ali ngungkapna, artiné proses hukum Wakil Ketua DPRD Kota Tegal seka Parte Golkar kuwé gagiyan leboni meja ijo. “Rencana minggu kiyé berkas pan dilimpahna maring Pengadilan Negri (PN) Tegal,” omongé Ali.
Jaréné, Wasmad wis mari maning wajib lapor maring Mapolda Jawa Tengah. Saiki, Wasmad dikenakna wajib lapor maring Kejari Tegal.” Maring Kejari (wajib lapor),” pungkasé.
Kaya dingerténi, sawisé nglakoni ana pirang pemeriksaan ngantikan gelar perkara, penyidik gabungan Polda Jateng lan Polrés Tegal Kota akhiré netepna Wasmad Edi Susilo dadi tersangka, dina Senen (28/9/2020) ndisit.
Wasmad disangkakna Pasal 93 Undang-undang No. 6 Taun 2018 ngenani Kekarantinaan Kesehatan Jo. Pasal 216 ayat 1 KUH Pidana Jo. Pasal 65 Ayat 1 KUH Pidana karo anceman maksimal sa taun kurungan penjara.
Senajan ditetepna dadi tersangka, tapu Wasmad ora ditahan utawa sementara wajib lapor maring Polda Jateng.
“Weruh anceman ukumané dhéwék ora pan nahan, ancemané sa taun penjara lan denda Rp 100 juta,” omongé Rita wayah konferensi pérs nang Mapolrés Tegal Kota, dina Senen (28/9/2020).
Dadi informasi, acara dangdutan nang lapangan Tegal Kidul, Kota Tegal, dina Rebo (23/9/2020) bengi dikebeki daning éwonan warga. Acara kuwé nggo ramékna hajatab sing dianakna daning Wakil Ketua DPRD Kota Tegal, Wasmad Edi Susilo.
Éwonan warga ngebeki ruang kebuka sing ambané kaya lapangan bal kuwé. Antara warga siji karo liyané akéh sing ora duwé let babar blas.
Utamané neng ngarep panggung, wong-wong katon pada usel-uselan. Apamaning, akéh warga sing belih nganggo masker. Acara kiyé uga gawé arus lalu lintas macet.
Acara kuwé nyedot perhatiané wong-wong. Akéh sing nyayangna anané acara konser dangdut sing anakna malah nang wayah kasus COVID-19 sing ésih terus manjat.
Neng pirang-pirang kesempatan, Wasmad Edi Susilo wis nyampékna permohonan maaf maring umum lan ngaku pan kooperatif wayah nglakoni proses hukum. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post