KIYÉ crita nggegiris perjalanan jurnalistik Jon Dapuk nalika déwéké dadi wartawan harian nang Tegal. Kedadian kuwé asli ora digawé-gawé. Nalika samana déwéké nganter tarok biduan dangduté, péntas nang wilayah PAI Kota Tegal, ujug-ujug taroké kelebon roh sing mbaurekso pantai pesisir segara lor, kasebuté Dewi Rantamsari. Ketadiané sekoyong-konyong, weruh-weruh ana kebul mangli rupa dadi putri manjing maring raga taroké Jon Dapuk. Waktu kuwé taroké Jon Dapuk lagi nembang.
Kedadian kuwé, dicritakna nang adepané jakwir-jakwiré kosikén pada mrekitik. Wulu gitok jakwir-jakwiré ndadak ngadeg kabéh. Rasané kaya ana sing teka nyekséni Jon Dapuk crita pristiwa rong puluh taun kepungkur.
“Kuwé asli kedadian nyata apa énté ngarang Jon?” takoné Darto nang tengah-tengah Jon Dapuk crita.
“Selawas kiyé nyong tau goroh beléh, To? Disiplin wartawan kuwé pantang gegeroh. Disiplin wartawan kuwé kerja nganggo dasar fakta, fakta lan fakta!” timpal omongané Jon Dapuk kosih Kapér sing biasané slonang-slonong njukut rokoké Jon Dapuk, ora wani nyomot. Rainé Kapér malah diumpetna nang dengkul loroné, saking ngerasa mrekitik.
“Asalé taroké énté kranjingan roh Rantamsari kepimén?” Darto ngejar pitakonan.
Jaré Jon Dapuk, waktu samana taroké lagi nembang lagu Tegalan “Mas Tommy” ujug-ujug ana sinar campur kebul teka sing pojokan panggung. Jon Dapuk sing lagi nyoting kahanan para penjogét nganggo tustélé kaméra digitalé, weruh-weruh nang layar kamérané nangkep bayangan sinar putih. Sangsaya suwé, bayangané manglih rupa dadi wong wadon ayu. Rainé aristokrat persis putri bangsawan kaya nang dongéng Cinderéla. Mung baé sorot matané sang putri mbeku, tajem gén angkuh kaya lagi ngemu dendam. Detik-detik mlaku, kamérané Jon Dapuk terus mbidik playoné sang putri misteri.
“Nalika samana sekujur awaké enyong ndadak panastis. Enyong digawé mrinding. Durung pernah nyong ngliput menangi kedadian mistik sing kaya kuwé. Seumur-umur nembé bengi kuwé, ngranapi pristiwa nggilani,” omongé Jon Dapuk.
“Kowen sempat nyoting tralapé roh Dewi Rantamsari?” takoné Sidul.
“Ndilalah sempet. Kamérané enyong tak arahna maring endi playoné roh sang putri misteri. Ujug-ujug…. subhanallah… subhanallah, subhanallaaaahhhhhh…. playoné roh Rantamsari manjing nunjem maring raga taroké nyong sing lagi nembang…..”
Anjog nang kéné Jon Dapuk ndadak ambekané ngos-ngosan. Matané kosong hampa nembus paran embuh maring ngendi. Jakwir-jakwiré Jon Dapuk ngira angger Jon Dapuk lagi mbayangna pristiwa rong puluh taun kepungkur diranapi.
Ana telung menitan kahanan sepi tapi hawané krasa wingit sintru. Ketambahan bengi kuwé gésékan gegedongan pring pinggir Pos Ronda berderit-derit. Suarané mirip gésékan biola kaprungu mrinding kaya arwah gentayangan tak-takan nggoléti panggonan kang netep. Mula kuwé, rainé Kapér ndadak mangkina temungkul karo tangan loroné nyekeli gitoké. Sakecap baé, déwéké ora nyuwara.
“Sauwisé raga taroké nyong kanjingan roh bangsa alus mawujud Rantamsari, polah njogété dadi édan-édanan. Nyong rikat maténi kaméra. Puluhan jeprétan, nyong motrét. Ujug-ujug…..” Jon Dapuk sengaja ngandeg omongan.
“Ujug-ujug pimén Jon?” takoné Sidul kambén Darto. Kompak.
“Sekonyong-konyong ruh Dewi Rantamsari melesat metu sekang raga taroké enyong. Sekal kuwé, awake taroké nyong oléng gentoyoran persis kaya wong ténggéng!” Omongé Jon Dapuk. Sing dimaksud tembung “Ténggéng” artiné “Mabok”.
“Akhiré pimén?” takoné Darto.
“Ora let suwé, penontoné gégér. Kahanan péntas dadi ramé, nalika ujug-ujug taroké nyong ambruk nang nduwur panggung. Musik sekal mandeg greg! Wong-wong gemrudug maju nggotong taroké nyong. Rikat nyong manjat panggung, tapiné sial, sikilé nyong kepaduk sikilé orjen. Nyong oleng latané ambruk. Tustél nyong mental, tibané embuh maring endi….” omongé Jon Dapuk karo matané mandeng adoh. Adoh nemen.
Kahanan bengi kuwé sangsaya digubet hawa mbeku sintru ngédap-édapi. Rainé Kapér tambah nunjem. Ora wani madep.
“Tustél tak goléti babar blas ora ketemu. Padahal nang kono ana chip isi foto pristiwa kuwé. Sekujur awaké nyong lemes dedes kélangan data foto lan video. Kuwé pengalamané enyong sing ora bakal ilang kosih sapréné!” omongé Jon Dapuk mungkasi critané. (@)
—-
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.
Discussion about this post