KANINGAPA Stasiun Sepur nang Kota Tegal madepé ngulon? Ora ngalor ora ngidul atawané ngétan? Pitakonan gampang tapi njawabé ora bisa sembarangan.
Kuwé isu obrolan ning bengi kiyé ing atasé Mas Jon nglémpar masalah maring jakwir-jakwiré. Sidul, Kapér, uga Darto, bener-bener mikir satemené.
“Sebab Alun-alun Tegal ana mbang kulon stasiun, Jon?” omongé Kapér mbébéni jawaban.
Kaya biasané Mas Jon beléh gelem nanggapi sadurungé jakwir-jakwiré genep telu mujar omongan.
“Nek madepé ngalor, lokén playoné sepur pan ngliwati segara? Sing pan numpak sapa lan pan ngangkut apa?” ujaré Darto.
Mas Jon tetep ora gelem nyemauri. Déwéké mégin meneng getem. Saiki kari ngenténi Sidul mujar omongan.
“Pancén kudu madep ngulon, Jon. Sebab angger madep ngétan, jaman samana durung ana umah. Bisa dikandakna penduduk Tegal mbang wétan mégin arang. Gelem ora gelem, Stasiun Sepur diadepna ngulon,” kuwé alesané Sidul.
Pepek wong telu mujar omongan, Mas Jon molai ngomong.
“Salah kabéh! Masalah pan madep ngétan utawané ngalor karo ngidul laka masalah. Tapi miturut analisé enyong ora kaya kuwé,” omongé Mas Jon gawé jakwir-jakwiré ndomblong.
“Analisané énté bisané madepé ngulon pimén?” takoné Darto.
Kaya biasané, sadurungé Mas Jon njawabi pitakoné jakwir-jakwiré, tangané ngangkat gelas isi inungan téh tubruk, latané nyumed sigarét. Kaya biasané tangané Kapér ndudut rokok saeler dékéné Mas Jon. Darto karo Sidul ilon-ilon ndudut rokok saeleran.
“Dadi kaya kiyé sejarahé,” Mas Jon molai pan mbabar crita, “Nalika taun 1885 wiwitan Tegal dibangun stasiun trém JSM…”
“Ngko disit Jon, nyong takon; trém kuwé apa lan JSM kepanjangané apa?” Sidul medot omongan Mas Jon.
“Trém kuwé sepur sanjeroné kota. Sedengé JSM, asli kepanjangan ‘Javasche Java Spoorweg Maatschappij, N.V’, yakuwé salah siji perusahaan sepur sing ana nang Hindia Belanda.
“Nah! Jawaban kaningapa Stasiun Sepur Tegal madepé ngulon, sebab ning jaman samana, sadurungé Stasiun Sepur Tegal dituku gonéng Maskapai Persepuran SCS jaluré saka wilayah Tegal – Balapulang. Senajan aran JSM ana tembung “Java” ora anjog maring ngendi-ngendi wilayah. Barang taun 1897 Stasiun Tegal dituku gonéng Maskapai Persepuran SCS kepanjangan Semarang-Cheribon Stoomtram Aatschappij, tembé jaluré kosih Margasari gonéng ‘Staatsspoorwegen’ lan diresmikna bareng ségméné Cirebon-Prubug gén daérah Operasi V Purwokerto. Khusus kanggo ngangkut komuditas saka wilayah Tegal, pusat kantoré. Kuwé kajiané enyong bisané Stasiun Sepur Tegal madepé ngulon.” Mas Jon nutup omongan, bisné déwéké ngerti sejarahé olih omongan saka Wio, sing Simbahé kosih sedulur-seduluré
dadi pegawé sepur. Ketambahan dicocokna tulisan nang irps.or.id sumberé. (*)
—–
Lanang Setiawan, penerima hadiah Sastra “Rancagé 2011” uga novelis.
Discussion about this post