Blai nang Dina Rebo Wekasan – Panturapost.com
Selasa, Januari 31, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Blai nang Dina Rebo Wekasan

Nang brug sing tinuju Gunung Tanjung, Kecamatan Lebaksiu, Kabupaten Tegal pernah ana kedadian nggilani

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
14 Oktober 2020
2 min read
0
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel

Lanang Setiawan.

Share on FacebookShare on Twitter

TAU krungu? Nang brug sing tinuju Gunung Tanjung, Kecamatan Lebaksiu, Kabupaten Tegal pernah ana kedadian nggilani? Ora setitik masyarakat ngendi paran kepédek-pédek uga kecemplung kali? Kedadéan kuwé gegara masyarakat pada sol-solan nang tengah-tengah brug. Sing wétan njubel wong-wong pan balik, dipapag moyéké uwong tinuju Gunung Tanjung. Akibat del-delan masyarakat, brug sing umuré wis tuwa ndadak repak. Bléh ampun maning, wong sekandang bentang kejebur maring dasar kali.

Crita nang nduwur kuwé dibabarna Jon Dapuk nalika jakwir-jakwiré ngumpul nang Pos Ronda. Krungu omongan kuwé, jakwir-jakwir Jon Dapuk merem-merem.

“Kuwé kedadéan taun piran Jon?” takoné Darto.

ADVERTISEMENT

Kaya biasané Jon Dapuk emoh njawabi sadurungé jakwir-jakwiré pada mbabar pitakonan. Déwéké ngenténi jakwir liyané nyuara.

Baca Juga

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022

“Ader tau ana kedadian kuwé, Jon?” omongé Kapér.

“Saslentingan enyong pernah krungu tapi embuh, kuwé kedadian taun pira, Jon?” omongé Sidul karo endasé ndengak. Kaya-kaya lagi nginget-nginget kedadian sing gawé ngenes ning ati.

Kaya biasané, sadurungé Jon Dapuk njawabi pitakoné jakwir-jakwiré, déwéké nyruput téh poci latané nyuled sigarét. Kaya biasané Kapér ndudut rokok saeler dékéné Jon Dapuk sing kesanding nang adepané jakwir-jakwiré.

ADVERTISEMENT

“Kedadian kuwé kira-kirané taun 1986. Waktu samana enyong awal-awal dadi wartawan nang Mingguan Swadesi, terbitan ibukota. Buku kliping sing muat berita kuwé, tak goléti ora ketemu. Tapi pristiwa kuwé akéh uwong sing dadi korban, kejebur maring kali!” omongé Jon Dapuk.

“Korbané ana pira, Jon?” dedes Darto.

“Saking suwéné pristiwa, enyong beléh kémutan.”

“Dilacak nang google laka, Jon?” takoné Kapér.

“Jaman samana durung ana internet. Média google ya durung lair. Dong nyong kirim brita, nganggoné faximil. Tapi brita kuwé jelas nyata.”

“Jaman samana, wong-wong gemredeg maring Gunung Tanjung ana apa sih?” takoné Sidul.

“Waktu samana pas dina Rebo Wekasan. Kebeneran baé ana péntas dangdut. Saka ngendi paran wong-wong pada teka. Tapi jalaran moyék akéhé masyarakat ngebeki brug, ketambahan umur brugé wis tuwa, akhiré rempak. Siji tut siji wong-wong pada kejebur maring kali gén akéh sing kepédek-pédek. Tapi embuh korbané pira, nyong klalén. Sebab kedadiané wis suwé nemen.”

“Kaya kuwé critané Jon?” takoné Darto.

“Yaul!” Jon Dapuk nutup critané. (*)

—
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel. 

Tags: MociRebo Wekasan
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In