TEGAL – Melas nemen nasibe bocah cilik nang Kelurahan Tegasari, Kecamatan Tegal Barat, Kota Tegal. Bocah sing umure esih sepuluh (10) taun kuwe HPne dijambret daning wong pas dheweke lagi betah-betahe dolanan.
Ndilalah aksine kerekam CCTV sing ana nang perek lokasi kedadenan. Videone uga wis nyebar maring endi bae. Nang jero vidio kuwe, katon ana wong sing nganggo jaket, helem, lan maskeran mlayu dioyok bocah cilik telu.
Jare saksi mata sing arane Sunarti (55), peristiwa kuwe kedaden lagi dina Slasa (8/7/2020) sekitareng jam pitu bengi. Sunarti njelasna, ana bocah papat termasuk korban, Anto (10) lagi jagongan dolanan handphone nang brug got belih adoh seka umahe.
“Ujug-ujug ana wong teka sing langsung ngrebut HaPene Anto. Anto lan batire ngoyok. Tapi pelaku mlayu lan langsung mbonceng motor batire sing wis ngenteni belih adoh seka lokasi,” jare Sunarti, monge Sunarti, sing duwe CCTV wayah ditemoni nang umahe sing ana nang Dlanggung Banyar RT 7, RW 8, Tegalsari, dina Rebo (9/7/2020) .
Sunarti ngomong, seka vidio sing dheweke deleng, maune pelaku apen-apen lagi nrima telpon karo wong liya. “Eh, tapi jebule lagi ngawasi lingkungan. Kebeneran pas kuwe sepi soale lubar magrib. Nyong uga lagi nang jero,” omonge Sunarti.
Pas kuwe kondisine lagi sepi lan laka wong kaplak sing lagi nang njaba utawa metung ngumah. Termasuk dheweke tembe metu sawise ana sruwangan bocah-bocah.
“Maune nyong pikir bocah-bocah padha mlayu lagi dolan utawa gluwehan. Kaya kuwe nyong metu jebule nyong deleng bocah-bocah mlayu lagi ngudag wong. Nyong ora bisa melu ngudag,” omonge.
Merga nang lokasi laka wong kaplak, dadi pelaku gampang minggate. Sementara bocah-bocah akhire nyerah sawise sempet mlayu ngoyok pelaku tapi ora kena-kena. “Sing digawa handphone siji,” omonge.
Pantauan PanturaPost.com nang lokasi, kawasan kuwe sebenere melune pemukiman sing akeh wargane. Dalan Banyar kuwe dalan sing langsung tembus maring Dalan Hangtuah sing belih tau sepi termasuk bengi-bengi. Lokasi kedadenan kuwe jarake sekitar 25 meter maring Dalan Hangtuah.
Kapolsek Tegal Kulon Kompol Sugeng wayah dikonfirmasi ngaku pan nyusuri kedadenan kuwe. “Pan dhewek cek, kebenerane (vidio),” omonge Sugeng. (*)
Discussion about this post