BREBES — Tim SAR Gabungan akhiré nemukna jasadé korban sing klelep nang Kali Pemali tepaté nang Désa Glonggong Kecamatan Wanasari Kabupatén Brebes, dina Slasa, 14 Séptémber 2021. Wayah ditemukna, korban Sigit Nur Ismail (13) kondisiné wis ninggal dunya.
Kordinator SAR Kabupatén Brebes Waryadi ngomong, korban klelep ditemukna sawisé sadina dilakokna golétan. Mayidé korban ditemukna sekitaréng rong kilométer seka lokasi kedadénan sekitar jam sanga ésuk.
“Wayah ditemukna, korban keadaané wis ninggal dunya. Karo ditemuknané korban, secara langsung oprasi SAR gabungan ditutup,” omongé Waryadi.
Sementara kuwé, Kapolsek Wanasari AKP Mulyono nyatakna wayah ditemukna ora ditemukna luka utawa bekas penganiayaan nang awaké korban.
Sadurungé ilang klelep, dina Senén (13/9/2021) awan, korban bareng karo batiré yakuwé IM (11) lan IAF (8) inggek nang Kali Pemali manjing Désa Lengkong, Kecamatan Wanasari. Pas kuwé, kondisi kali céték lan laka arusé.
Apes, sekitaréng jam setengah rolas awan ujug-ujug teka arus seka arah hulu. Mugané korban, lan rong batiré kéli mengalor kurang luwih 10 méter nuju maring lokasi kali sing jero. Bocah telu kuwé ya akhiré klelep.
Untung, wayah klelep kuwé keteluné gemboran njaluk tulung. Akhiré bocah loro yakuwé IM lan IAF bisa ditulungi daning tukang jukung. Tapi, bocah siji liyané, Sigit belih ketulung. (*)
—-
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post