Borek Bank Nganggo Buku Prokém – Panturapost.com
Sabtu, Januari 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Borek Bank Nganggo Buku Prokém

Jaré Sidul karo Darto, moniné angger péngin olih kridit Bank, boreké cukup nganggo buku

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
7 November 2020
3 min read
0
MOCI: Geger Badanan

Lanang Setiawan.

Share on FacebookShare on Twitter

BENGI kiyé, Jon Dapuk saumur-umur digawé ngrajug gonéng tekané Sidul karo Darto. Ora pranti-pranti wong loro nyangking bungkusan saté embé langsung telung kodi, asem-asem balungan limang bungkus plastik lengkap sega putih limang bungkus, sisan.

“Kiyé jawané apa-apanan To? Sing Ulang Taun bengi kiyé sapa? Kowen apa Sidul?” omongé Jon Dapuk takon maring Darto. Bengi kiyé déwéké bener-bener kagét ora ketulungan.

“Laka sing Ulang Taun, Jon. Critané, Darto kas olih waledan. Kridit 7 juta punjul nang Bank nggo usaha warung cilikan ngarep umah cair!” omongé Sidul njelasna asbbun nuzul Darto mborong-mborong.

ADVERTISEMENT

“Lho?” Jon Dapuk ndadak mangkina kagét krungu penjelasané Sidul, “Cut nggo usaha, tengkula nggo hura-hura, apa ora keliru? Enyong pan mangan dadi maju mundur.”

Baca Juga

Jurnalis Senior dan Dosen UPS Tegal Zaini Bisri Terbitkan Buku “Mati Ketawa ala Tegal”

Jurnalis Senior dan Dosen UPS Tegal Zaini Bisri Terbitkan Buku “Mati Ketawa ala Tegal”

22 Desember 2022
Cari Kapolaga ke Hutan, Nenek 56 Tahun di Paguyangan Brebes Hilang

Patang Dina Ilang nang Alas, Mbah-mbah nang Brebes Kiyé Akhiré Ditemukna

19 Desember 2022

Matané Darto ndadak mandeng maring rainé Jon Dapuk. Nadané kayong pan ora trima.

“Maaf Jon. Kiyé dudu hura-hura. Yanu kepéngin urip sapisan genau sodakoh. Duwé kesempatan bisa sodakoh nang bengi kiyé. Plis Jon, sodakohé yanu aja ditampik. Yanu ikhlas tulusing batin. Aja ditampik!” Darto njaluk ridhoné Jon Dapuk nrima sodakohé.

“Wis Jon…. aja ditolak. Kiyé dudu cut suyadan. Idep-idep syukuran buka warungé Darto. Wis sag-seg njukut piring karo baskom nggo wadah sega uga jangan asem-asemé mumpung ésih panas,” omongé Sidul.

Jalaran Jon Dapuk dipaksa, akhiré nyerah. Déwéké latané bying mlebu njeru umah njukut piring, baskom, éskan isi banyu lan séndok. Lengkap karo tisu.

Karo mbagi piring maring jakwir-jakwiré, Jon Dapuk mujar.

“Kiyé Kapér ora katon maring endi, To? Bisané ora diajak sisan?” takoné Jon Dapuk maring Darto.

“Mau waktu pan mangkat tak ampiri jaré bojoné Kapér wis metu ndisiti.” Semauré Darto.

“Daning ora méné ya?”

“Embuh Jon. Tak WA ora njawab. Nang HP-né yanu, WA-né mégin conténg siji.” Darto njawabi pitakoné Jon Dapuk.

“Wis lah… Jon. Dipangan disit. Sing penting Kapér disisani sepuluh tusuk. Sing sakodi karo asem-asemé nggo joboné kowen Jon,” omongé Sidul ndisiti Darto pan ngomong. Sing dimaksud tembung “Jobo” artiné “Bojo”.

“Wah! Kayong répot nemen To?” omongé Jon Dapuk.

“Sengaja nukokna nggo joboné énté Jon,” sambung omongé Darto.

Lagi énak-énaké wong telu mangat saté, ujug-ujug ana suara gedobrag! Barang wong telu nglinguk jebulé Kapér ndalah pité kayong dibanting.

“Kowén jahat kabéh ya To, ya Dul? Mbodoni enyong ora kira-kira!” Ora ba ora bu, Kapér mamprang-mamprang. Hawané kaya wong kesurupan. Embuh kesambet nang endi.

“Maksudé pimén Pér? Teka-teka ngamuk. Njagong disit. Bareng-bareng mangan saté royoman, bén atiné aja panas!” omongé Sidul.

“Kowen mbodoni enyong!”

“Mbodoni pimén?” takoné Sidul.

“Wis Pér. Njagong disit. Ana urusan dirembuk. Aja peténtang-peténténg kaya kuwé….”

Kapér tetep ngadeg. Jon Dapuk akhiré nandangi.

“Wis Pér, sabar. Njagong sing tanek.”

Krungu omongané Jon Dapuk, Kapér sendiko dawuh. Kapér ndeleng sing ngomong Jon Dapuk ora duwé daya. Déwéké nurut njagong. Jon Dapuk kepaksané mangan saténé mandeg greg!

ADVERTISEMENT

“Critané pimén, ujug-ujug séwot maring Sidul karo Darto?” takoné Jon Dapuk.

“Jaré Sidul karo Darto, moniné angger péngin olih kridit Bank, boreké cukup nganggo buku. Krungu boreké kur buku, enyong sing duwé rencana pan nyetak buku Puisi Tegalan, langsung gitir maring Bank karo nggawa buku….” critané Kapér.

“Langsung cair?”

“Cair apané? Nang adepa petugas Bank karo nasabah sekandang bentang, nyong digawé isin. Nyatané borek buku sing tak gawé ditolak mentah-mentah malahan nyong digeguyu uwong. Nyong bener-bener digawé wirang. Isiné mbangkana-kana isin. Dalban kabéh ka!” omongé Kapér karo mucu-mucu.

“Ngomong-ngomong ya Pér? Waktu kowen ngawa borek buku, bukuné apa?” takoné Sidul.

“Buku Prokém Tegalan, Nyad?!”

Krungu jawaban kaya kuwé, Darto karo Sidul nyekakak saporété.

“Énté compong! Sing dimaksud borek buku kuwé dudu buku Prokém Tegalan, bol?” Omongé Darto karo nyengir kuda.

“Sih apa?”

“Sing dimaksud buku nang kéné, dudu buku Prokém Tegalan Nyad? Tapi buku Sertifikat umah, Nyaaadddd….???!!!”

Jon Dapuk karo Sidul, lan Darto langsung nyekakak ora kira-kira!

“Dobol!” Omongé Kapér karo mucu-mucu. Tapi orabada akhiré Kapér uga nyekakak. (*)

——-
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: BukuMociTegalan
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Polisi Kejar 2 Oknum LSM Terduga Pelaku Pemerasan Terkait Kasus Pemerkosaan Gadis 15 Tahun di Brebes 

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Polisi Ungkap Nama LSM Tersangka Pemerasan dalam Kasus Pemerkosaan Anak di Brebes

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.4k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In