Brug Kaligung Digawé Nanjak Eben Ana Daya Kejut – Panturapost.com
Selasa, Januari 31, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Brug Kaligung Digawé Nanjak Eben Ana Daya Kejut

Rata-rata dalan ning Kota Tegal lurus.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
10 September 2020
3 min read
0
Brug Kaligung Digawé Nanjak Eben Ana Daya Kejut

Brug Kali Gung nang Jalan Pancasila, Kota Tegal. (Foto: Lanang Setiawan)

Share on FacebookShare on Twitter

RATA-RATA dalan ning Kota Tegal lurus. Awit Brug Ketiwon, mbang wétan perbatasan Kota Tegal karo Kabupaten Tegal, kosih mbang kulon perbatasan Tegal karo Kabupaten Brebes laka tanjakané. Nang jero kota uga laka tanjakané. Siji-sijiné dalan sengaja digawé tanjakan, kur nang dalan Pancasila. Persisé nang Brug Kaligung, ngarep Kantor BRI Cabang Tegal. Sing dadi pertanyaan, kaningapa Man Landa digawé nang kono kudu nanjak?

Kuwé omongané Jon Dapuk maring jakwir-jakwiré sing bengi kuwé ngumpul nang Pos Ronda mburi umahé Jon Dapuk.

“Coba kira-kira apa sebabé Mon Landa gawé dalan nang Brug Kaligung kuwé digawé nanjak, paling duwur déwék?” takoné Jon Dapuk. Maksud pitakoné Jon Dapuk maring Sidul, Darto, uga Kapér ébén pada mikir. Sapira adohé jakwir-jakwiré duwé wawasan.

ADVERTISEMENT

Olih pitakonan saka Jon Dapuk, uteké jakwir-jakwiré pada mayeng-mayeng. Golét alesan tepat kanggo njawabi pitakonané Jon Dapuk.

Baca Juga

3 Pekerja di-PHK Tak Dapat Pesangon, Komisi II DPRD Minta Disnakerin Berkomunikasi dengan Perusahaan

3 Pekerja di-PHK Tak Dapat Pesangon, Komisi II DPRD Minta Disnakerin Berkomunikasi dengan Perusahaan

24 Januari 2023
Pengolah Ikan Asin Tegalsari Berharap Lahan Blok J Tetap Dikelola Pemkot Tegal

Pengolah Ikan Asin Tegalsari Berharap Lahan Blok J Tetap Dikelola Pemkot Tegal

20 Januari 2023

“Jaré yanu, alesan dalan nang Brug Kaligung digawé nanjak, maksudé Man Landa supaya ning mangsa rendeng, banyu udané cepet mili mengingsor,” alesané Darto.

“Jaré enyong alesan kuwé kurang maton. Angger alesané kur kaya kuwé, akéh umah penduduk sing cedek alun-alun pada kebanjiran. Tapi enyong yakin, Man Landa ngrancang dalan kono nanjak dudu kaya kuwé. Man Landa kuwé jago mbangun kota anti banjir, To?” omongé Kapér nangkis pendapaté Darto.

“Jaré énté alesané apa, ndelén?” Darto balik takon.

“Angger pendapaté enyong, Man Landa sengaja gawé dalan nanjak supaya bocah-bocah cilik angger wayah udan pada slurukan! Kikikikik…..” Omongé Kapér asal mencotok.

“Sikah! Raimu angger nyotong sakampleng-kamplengé. Wanyad énté! Ditakoni nemen-nemen ka, ngablu!” timpal Darto. Sing dimaksud tembung “Nyotong” asalé saka bahasa Prokém Tegalan artiné “Ngomong”. Sedeng tembung “Wanyad” harfiahné, sebutan kondang masyarakat Tegal sing maksudé ngempra utawané ngawur, ora nganggo utek, kurang becus atawané sakarepé déwék.

“Gepak baé, To! Tuman,” semauré Sidul.

“Gepak ndasmu pokah! Ndelén jaré kowen alesané apa?” omongé Kapér sekaligus nakoni Sidul.

“Jaré enyong, Man Landa réka-réka. Pijara gawé dalan tengkula nanjak kedingan. Sing susah tukang becak kambén sing numpak pit. Angger liwat brug kuwé pada megap-megap. Nggenjot pedal pit karo paman bécaké téol! Wkwkwkw….” omongé Sidul karo nyekakak.

Kapér karo Darto orabada nyekékék. Omongané Sidul dirasa-rasa ana beneré. Masalahé, wong loro uga ngranapi saben-saben liwat dalan kono, ambekané megap-megap saking pité sing digenjot andep kaya momot beras sekintal.

“Alesané énté ana beneré, Dul. Yanu angger numpak pit ngliwati kono, ambekané pan pedot. Jarak satus méter, yanu nggenjot pit trembalap. Tak kebut sekuwat-kuwat. Barang anjog nduwur brug, ambekané ngos-ngosan,” omongané Darto.

“Bener To. Enyong uga pada. Sekang kadohan, pit tak genjot saporété. Sialé, durung anjog nduwur brug, pit mundur maning sebabé ora kuwat nggenjot tekan nduwur. Kikikikik….” omongé Kapér karo cekikikan. Ndéan baé kélingan zaman déwéké cilik.

Kosih jakwir-jakwiré Jon Dapuk pada pentetengan ribut alesan, Jon Dapuk tetep baé meneng getem. Masalahé, pan nyela omongan, jakwir-jakwiré nrocos baé. Tibané, déwéké mendingan meneng.

“Nah, Jon! Angger jaré énté kepimén? Bisané dalan kono digawé nanjak?” takoné Darto.

“Okéh!” Omongé Jon Dapuk. Mung sadurungé njawabi, kaya biasané déwéké nyeruput wédang sing wis kesanding nang adepané. Latané, nyuled sigaret. Kaya biasané tangané Kapér nyomot rokok saeler dékéné Jon Dapuk.

“Miturut jakwiré enyong, Abdulah Sungkar, mantan anggota déwén Kota Tegal sing getol genau ruang tata kota, bisané nang Brug Kaligung digawé duwur, kuwé salah siji pembatas….”

“Sori Jon. Penjelasané tak potong disit. Nyong pan takon…” ujug-ujug Sidul nugel omongané Jon Dapuk.

“Iya Dul. Pimén?”

“Sing dimaksud pembatas kuwé, kanggo mbatesi apa?”

Jon Dapuk mantuk-mantuk.

“Sing dimaksud pembatas, letak Brug Kaligung kuwé ana rong wilayah. Wilayah mbang kulon ana pusat pemerintahan. Sedengé mbang wétan brug ana wilayah PTKAI. Daning Pemerintahan Landa, wilayah mbang wétan kelebuné Kantor Pusat Perdagangan antara Kota Semarang karo Cirebon. Zaman gemiyén, barang-barang dagangan sing pan mlebu Tegal utawané sing pan dikirim maring Semarang lan Cirebon, angkutané nganggoné sepur. Péndéké barang-barang bisnisan apa kuwé saka Tegal utawané jaba Tegal, kudu mlebu disit maring stasiun sepur. Kuwé sebabé nang wilayah mbang wétan diarani wilayah bisnis. Pengertian bisnis nang kéné, dudu pedagang Kaki Lima!” omongé Jon Dapuk nerangena maring jakwir-jakwiré.

Sidul, Kapér, lan Darto mantuk-mantuk. Uteké Jon Dapuk, jaréré jakwir-jakwiré, pancén tokcér. Yahér tenan!

ADVERTISEMENT

“Terus mbang kulon diarani apa Jon?” takoné Kapér.

“Mbang kulon, daning Man Landa diarani wilayah sakral.”

“Maksudé?”

“Mbang kulon kasebuté wilayah sakral.”

“Maksudé sakral?” takoné Darto.

“Kuwé panggonané para Adipati alias penguasa kota. Para amtenar alias pamong praja alias PNS sing manggoné nang kono. Wilayah kuwé diarani “sakral” gawéané Man Landa. Dadi, bisané gili nang Brug Kaligung digawé nanjak utawané dibangun paling duwur, sawijiné simbol rong wilayah antarané mbang wétan karo mbang kulon,” ujaré Jon Dapuk.

“Alesan seliyané kuwé apa, Jon?” takonoké Darto.

“Supaya ana daya kejut!”

“Maksudé?”

“Angger kowen liwat sekang kulon utawa sekang wétan, durung anjog nduwur brug, trus ujug-ujug ana mobil sekang ngarep, dadané kowen digawé ngrajug sebab kena daya kejut dadakan!”

“Wkwkwkw….” Jakwir-jakwiré Jon Dapuk malah nyekakak.

“Wis! Acara dopokan ditutup saméné baé. Nyong pan rapat redaktur!” Jon Dapuk nutup obrolan. (*)

—-
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.      

Tags: Brug Kaligungkota tegalMoci
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In