TEGAL — Badan Usaha Milik Désa (BUMDés) Gemilang nang Balapulang Wetan, Kecamatan Balapulang, Kabupatén Tegal, mbuka Minimarket. Usaha kuwé resmi dibuka nggo nglayani perékonomiané warga désa.
“Minimarket kiyé dibuka nggo nglayani masarakat. Salah sijiné nyediakna kebutuhan masarakat kaya sembako karo rega grosir,” tuturé Direktur BUMDés Gemilang Muhammad Hasan maring PanturaPost, dina Kemis (7/1/2021).
Ora mung nyediakna sembako, minimarket kiyé uga nampung produk-produk Usaha Mikro Kecil dan Menengah (UMKM) warga désa kononé.
“Dadi sing duwé produk UMKM bisa di benahi utawa dititipna nang minimarket. Kebeneran wis ana pirang-pirang produk jambalan. Dhéwék pan terus nglakoni sosialisasi karo masarakat,” jaréné.
Jaréné Hasan, warung-warung cilik sing ana nang lingkungan pan tetep dikekepi nggo kerja samanan.
Hasan ngarep-arep, karo dibukané minimarket kiyé bisa mékena urun-rembug sing apik neng roda perékonomiané masarakat.
“Dadi senajan saiki wis akéh minimarket seka perusahaan sejen utawa luar daérah. Minimarket BUMDés Gemilang siap saingan neng hal perékonomian lan pemasarané,” jaréné. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post