SEMARANG – Bupati Brebes Idza Priyanti winginane nekani nang acara gowes massal nang Kecamatan Tonjong, Minggu (12/7/2020). Acara sing dianakna nang lapangan karo hiburan dangdut lan orjen tunggal kuwe ditekani ewonan massa.
Nang acara kuwe katon akeh warga sing ora njaga jarak. Seka poto lan vidio sing wis beredar, akeh masarakat sing ora nganggo masker. Jarak antara warga uga ora ngindahna protokol kesehatan soale pada nggrombol.
Malah, nang kono bupatine melu nembang karo njoged nang ndhuwur panggung. Nang ngarep panggung, akeh warga sing joged meloni irama musik lan tembangan dangdut sing judule ‘Kereta Malam’ sing digawakna bupati.
Gubernur Jawa Tengah, Ganjar Pranowo, sing ngerti ana kedadian kuwe langsung nembung Bupati lan Wakil Bupati Brebes lewat whatsapp. “Miki nyong dilapori kanca-kanca nang Brebes, ana masarakat lan kades sing lapor nyong. Langsung nyong deleng berita lan videone. Lho, Kuwe kan nrawasna,” omonge Ganjar, wayah siaran pers sing ditampa PanturaPost.com, dina Minggu (12/7/2020).
Ganjar njaluk Bupati Brebes ngandegna kabeh acara-acara sing nimbulna rumbengan massa. “Kiye kan nang Jawa esih berkembang (COVID-19). Meh kabeh titik, nang Jateng, Jabar, Jatim lan DIY uga esih kedaden. Mugane hayuh dhewek duwe sense soal kuwe,” imbuhe.
Ganjar uga mrentahna Bupati Brebes eben ngakehi aktivitas pengecekan massal. Mbuh kuwe tah rapid tes massal utawa PCR. “Kiye sing kudu disurung sabenere. Nyong njaluk cacak lakoni tes massif disit nang sakabehaneng wilayah Brebes eben ngarti petane kayang apa. Jare nyong kuwe malah luwih apik,” tegase.
Angger Brebes wis nglakoni tes masif kaya Kota Semarang umpamane, dadine pan dingerteni kepriben kondisine. Apa abang, kuning utawa ijo.
“Karo cara kuwe, dadine dhewek bisa ngarti kondisi sabenere. Angger pan ana event, ya dipilih endi sing ijo, kecamatan endi, desa endi, sing olih melu sapa, protokol kesehatane kayang apa. Nggo ngarti endi-endi daerah abang, kuning ijo kuwe mung bisa konangan angger wis dilakoni tes massal,” tutupe.
Njaluk Ngapura
Sawise ditembung Gubernur, Bupati Idza Priyanti langsung njaluk pangampura. Jere Kepala Dinas Komunikasi Informatika dan Statistik (Dinkominfotik) Kabupaten Brebes, Tatag Koes Adiyanto, bupati ora pan maning-maning nglakoni sing maha-maha. Deweke wis janji ora bakal sembarangan nekani acara sing rame-rame.
“Pokoke acarane kudu sesuai protokol kesehatan eben virus corona ora nyebar,” jere Tatag.
Tatag njelasaken, Bupati Brebes pas kuwe teka maring acara gowes asline nggo ngandani warga soal COVID-19. Pas kuwe Idza melu mbageni masker, nandur wit-witan, karo mbageni sembako. Bupati uga melu pit-pitan bareng karo sing liyane, termasuk melu donor darah.
“Tapine pas Bupati pan nembang karo pidato, maskere dheweke otomatis diuduna maring gulu. eben suarane luwih cetha,” ungkapnya. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post