SLAWI – Pemrentah Kabupatén Tegal saiki wis ngolihna masarakat pada nganakna hajatan utawa pesta kawinan. Senajan kaya kuwé, tapi laka acara prasmananan utawa mangan lan nginung nang tempat hajatan. Kebijakan kuwé dijukut sawisé Pemkab Tegal ngévaluasi dilaksanaknané simulasi pesta kawinan nang Gedung Korpri, dina Senen (31/8/2020).
Bupati Tegal, Umi Azizah, dina Slasa (31/1/2020) ngomong diterapnané protokol kesehatan nang era normal mbené dadi syarat mutlak nggo diselenggaraknane kegiatan hajatan. Salah siji ketentuan sing kudu dipatuhi panitia penyelenggara yakuwé ora anané prasmanan utawaha aktifitas mangan lan nginung nang tempat acara. Pasalé, penyajian panganan lan inungan karo pola prasmanan nduweni risiko dhuwur kecemar virus corona timbang sing diwadahi nggo digawa balik.
“Prasmanan malah duwé potensi rawan penularan soalé nimbulna rumbengan lan pastiné mékena kesempatan nggo tamu-tamu mbuka maskeré. Nang kéné nyong ora kepéngin njukut risiko lan nyaranna menging prasmanan nang acara hajatan. Luwih apik disajikna nang jero bentuk wadah nggo digawa balik, ora dipangan nang tempat acara,” omongé Umi sing uga Ketua Satuan Tugas (Satgas) Penanggulangan COVID-19 Kabupatén Tegal.
Umi ya ngaprésiasi dalané simulasi acara sing diongkosi nganggo cara swadaya daning Ikatan Pengusaha Pernikahan (IPP) Tegal. Soalé, diterapnané protokol kesehatan nang kegiatan simulasi wis cukup apik. Molai seka menskrining tamu uleman sing diwajibna nganggo masker nganti laka prosesi salaman antara tamu uleman karo manten. Sementara nang sesi poto bareng wis nerapna aturan jaga jarak.
“Nang prinsipe kiyé wis padha kaya simulasi hajatan kawinan sing digelar nang Pendopo Amangkurat Pemda awal Juni 2020 wingi. Kirane, diselenggaraknane acara hajatan mbuh muwe nang gedung utawané nang umah wajib meloni aturan protokol kesehatan sing padha,” jaréné.
Pada baé kaya sing diomongna daning Kepala Dinas Kesehatan (Dinkes) Kabupatén Tegal Hendadi Setiadji. Jaréné, cara prasmanan bisa dialihna karo penyiapan sega kotak sing olih digawa balik.
“Dadi tamu uleman mung teka nggo mekena omongan slamet lan poto bareng tanpa ana mangan lan nginung nang lokasi acara. Mugané nang kene, laka kesempatan nggo tamu uleman nggo nguculi maskeré,” ungkapé.
Hendadi ngomong, nang éra normal anyar kiyé sakabéhanéng pihak kudu bisa nyesuékna awaké dhéwék. Sing duwe hajat aja maksakna karepé maring tukang jasa usaha kawinan nggo nyiapna acara utawa kelengkapan nang jeroné sing kuwé duwé potensi nglanggar protokol kesehatan, ya mengkono sawaliké.
“Nang acara kaya hajatan kawinan kiyé dhéwék ésih olih ketemu karo sadulur utawaha kanca, tapiné aja klalen terusan nerapna protokol kesehatan. Aja kosih wayah betah omong-omongan, klalen ngucali maskere soalé kuwe duwe resiko nular,” pungkase. (*)
Discussion about this post