PEMALANG – Kabéh lurah utawa kepala désa sing ana nang Kabupatén Pemalang pada dirapid tést nang Pendopo, dina Rebo (22/7/2020). Hal kuwé dilakokna merga kabéh lurah dingerténi nduwéni riwayat kontak fisik karo Bupati Pemalang Junaédi sing dinyatakna positif kena virus Corona utawa COVID-19.
Jare tukang ngomong Gugus Tugas Percepatan Penanganan COVID-19 Pemalang, Tutuko Rahardjo, ora mung lurahé tok sing dipriksa, dina kiyé pemeriksaan uga dilakoni maring sakabéhanéng bojoné lurahé.
“Kiyé nggo nyegah anané penularan COVID-19, mugané kabéh lurah lan bojoné nglakoni tést ésuk kiyé. Saliyané kuwé, dhéwék uga nglakoni penyemprotan disinfektan nang sakabehaneng perkantoran,” omongé.
Sementara kuwé, Kepala séksi Survéilans dan Imunisasi, Dinas Keséhatan (Dinkes) Pemalang, Teguh, ngomong jumlahé wong sing meloni rapid tést dina kiyé luwih seka patangatus (400) wong.
“Rapid test kabéh rampung dina kiyé. Lan hasilé mengko pan disampékna daning gugus tugas maring sing bersangkutan,” jare dhéwéké.
Nang pelaksanaan rapid tést kiyé, kabéh lurah nglakoni pemeriksaan antibodi karo njukut sampel getih. Ebén ora nimbulna rumbengan utawa sel uselan, rapid test ya dilakoni nganggo cara mipil.
“Kiyé antisipasi baé ébén tetep njaga jarak. Sadurungé, rapid tést wis dilakoni maring aparatur sipil negara (ASN) nang lingkungan Pémkab Pemalang,” jaréné.
Sementara kuwé, lurah Clekatakan, Kecamatan Pulosari, Sutrisno ngaku sempet mangmang wayah méloni rapid test. Pasalé, dhéwéké sokan ketemu wong akéh lan kuwé ndadékna dhéwéké bisa ketularan COVID-19.
“Mangmang sih ana, tapi pasrah baélah. Alhamdulillah hasilé non reaktif. Sing penting waspada lan ati-ati. Ebén awak fit lan waras, nyong terusan nginung jaé abang utawa bawang abang. Ya nggo jaga jaga baé,” jelasé. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post