PEKALONGAN — Kholiri (32) cah nom seka Dusun Sringgit, Désa Samborejo, Kecamatan Tirto Kabupatén Pekalongan mbacok 2 kancané karo bendo. Lan bapa angkaté uga kesabet bendo wayah pan misah. Dhéwéké nekad nglakokna kaya kuwé merga ora trima pacaré dipoyoki daning korban.
Dingerténi, korban arané Slamet Bejo (21), Susanto (31) lan bapa angkaté dhéwék, Wario (68). Ketelu korban ngalami luka suwek nang mata tengen, gulu, gigir lan jentiké.
Kapolres Pekalongan Kota, AKBP Wahyu Rohadi, wayah gelar press release nang Mapolres, dina Rebo (30/11/2021) ngomong, tindakané tersangka dipicu rasa dendam sing dilampiasna maring 2 tanggané sing sekaligus batir nyambut gawéné dadi Anak Buah Kapal (ABK).
“Pelaku sing kalap nyabet korban karo bendo. Pas kuwé bapa angkaté usaha nyegah anaké ngamuk lan akhiré kena sabetan uga,” jaréné.
Kedadénan kuwé kedadén pas tanggal 18 Novémber 2021 wayah pelaku nggawa senjata loro yakuwé arit lan bendo nggo nekani umahé tanggané. Pelaku dingerténi pan ngluapna émosiné gara-gara pacaré sering dilédék karo kalimat ‘perkoroné teko’ utawa masalahé teka.
Kapolres njelasna, pelaku kiyé émosi gara-gara pacaré sering dilédék daning 2 tanggané saben teka maring umah. Lubar mbacok, pelaku minggat lan sempet nggawa kabur motor ndéké bakul mie ayam sing dhéwéké kenal. Barang kaya kuwé, pelaku ninggalna motoré nang daérah Pemalang.
“Seka Pemalang, pelaku numpak élep maring Tegal lan balik maring Kendal. Pelaku akhiré dicekel nang wilayah Petebon, Kendal sawisé rongpuluh dina buron,” ungkapé.
Korbané ésih dirawat nang Rumah Sakit. Salah siji korban malah kudu dirujuk maring Rumah Sakit Semarang soalé luka nang matané madan parah. “Pelaku dijerat pasal dobel yakuwé pasal 351 KUHP ayat 2 karo anceman ukuman maksimal limang taun. Uga penggelapan karo pasal 372 KUHPidana karo ukuman maksimal patang taun,” jelasé. (*)
Discussion about this post