BREBES — Rapat Paripurna Dewan Perwakilan Rakyat Daerah (DPRD) Kabupatén Brebes bareng karo Pemkab wis nyepakati APBD Brebes Taun Anggaran 2021. Saliyané kuwé uga netepna Program Pembentukan Peraturan Daerah (Propemperda) Brebes Taun 2021.
Kesepakatan kuwé ditandani karo penandatanganan nota kesepakatan ngenani penetapan Propemperda lan Ranperda Brebes taun 2021 daning Ketua DPRD Brebes Mohammad Taufik lan Wakil Bupati Brebes Narjo nang ruang rapat paripurna, dina Senen (30/11/2020).
Belih mung adep-adepan langsung karo nerapna protokol kesehatan sing ketat, uga pirang anggota dewan méloni nganggo cara virtual. Lah, nggo rapat paripurna kiyé ditekani pimpinan lan anggota DPRD Brebes lan jajaran, sekretaris uga pejabat eselon nang lingkungan Pemkab Brebes.
Wakil Bupati Brebes Narjo ngaprésiasi pimpinan lan anggota DPRD Brebes anané dukungan lan sinergitasé bareng. Termasuk diterapnané pirang agenda kerja sing duwé nilé konstruktif nggo pembangunan daérah maring ngarep.
“Nyong nyampékna omongan matur nuwun lan mékena aprésiasi sing dhuwur maring sadulur Ketua, Wakil Ketua lan kabéh Anggota DPRD, karo diselenggaraknané Rapat Paripurna kiyé, anané penetapan Program Pembentukan Aturan Daérah Kabupaten Brebes Taun 2021, lan penetapan Ranperda APBD Brebes Taun Anggaran 2021 lan penetapan papat Pansus,” jaré Narjo.
Nganggo cara khusus, jaré dhéwéké, makili Bupati Brebes, dhéwéké ngaprésiasi semangat lan komitmen sing ditudukna pimpinan lan kabéh Anggota Badan Anggaran DPRD Brebes wayah ngoréksi, nglakoni pembahasan lan pengkajian nganggo cara kritis, cermat, teliti, obyektif lan komprehénsif maring usul Ranperda APBD Brebes Taun Anggaran 2021.
Sementara kuwé, Wakil Ketua DPRD Brebes, Teguh Wahid Turmudi ngomong, APBD taun 2021 sing wis ditetepna sekitar Rp 3,2 triliun. Pirang blanja langsung sing dadi skala prioritas nang antarané, alokasi pembangunan Kantor Pemrintahan Terpadu (KPT) segedhé Rp 60 milliar. Lah, nek alokasi nggo biaya tak terduga (BTT) tekan Rp 40 milliar.
“Nggo pembangunan KPT manjing neng skala prioritas, soalé wis dadi kebutuhan kawit lawas. Alokasiné nganggo cara mipil. Latané, BTT dialokasikna nggo penanganan COVIE-19, termasuk program-program jaring pengaman sosial atapun program pemulihan ékonomi nang wayah pageblug,” omongé Teguh Wahid Turmudi sing uga dadi politisi Golkar kuwé.
Nggo informasi, diterapnané Propemperda, Ranperda APBD Brebes 2021 lan Pansus kuwé penting nemen, sekalian mampu njawab pirang-pirang persoalan jeronéng proses tumbuh kembang daérah mengarep. Mugané bisa nggawa progres karo pembangunan Brebes nang tahapan sing luwih maju. (*)
Discussion about this post