Crita Ikna Saskia, Prawan Tegal sing Wis Ping Kopang-kaping Manjat Gunung Slamet – Panturapost.com
Senin, Februari 6, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus
Panturapost.com
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Crita Ikna Saskia, Prawan Tegal sing Wis Ping Kopang-kaping Manjat Gunung Slamet

Jaréné angger lagi putek lan ana masalah ya mlayuné manjat gunung.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
2 November 2020
2 min read
0
Semula Dilarang Orang Tua, Gadis Desa Guci ini Sudah Tujuh Kali Mendaki Gunung Slamet
Share on FacebookShare on Twitter

GUNUNG Slamet wis ping pitu dianjati prawan sing asalé seka Désa Guci Kecamatan Bumijawa Kabupatén Tegal Kiyé. Nggo Ikna Saskia, sing saiki umuré 18 taun, gunung paling dhuwur nang Jawa Tengah kuwé dadi umah keloroné.

Sajegé ésih njagong nang padung SMP, prawan sing seneng mangan pukis kiyé wis hobi manjat. Senajan kluwargané laka sing seneng manjat gunung.

Wayah PanturaPost ketemu Ikna, sosoké ora katon dadi wong sing demen tantangan manjat. Misale kaya ora pantes nggawa gawanan abot, turu nang jero tenda lan liyané. Tapi pandengan kuwé salah. Jebulé Ikna wis kecanduan manjat gunung.

ADVERTISEMENT

“Angger seneng manjat kuwé sajegé kelas 1 SMP. Pas kuwé, angger pan manjat ngumpet-ngumpet malah mlayu seka umah. Soalé angger poyan maring wong tuwa nggo manjat gunung, ora diolihi malah dioméih,” tuturé maring PanturaPost, dina Minggu (1/11/2020).

Baca Juga

Tidak Terjadi Penculikan Anak di Kabupaten Tegal, Kapolres Imbau Warga Tetap Waspada

Kabar Penculikan Anak nang Kabupatén Tegal Jebulé Hoaks, Kiyé Jaré Kapolres

4 Februari 2023
Ayah Dedy Yon Belum Restui Anaknya Maju Lagi Jadi Wali Kota Tegal

Dedy Yon Durung Olih Maju Maning Dadi Wali Kota Tegal Daning Bapané

2 Februari 2023

Pengalaman pertama manjat gunung Slamet diejak batir. Kebeneran umahé perek karo Gunung Slamet. Seka pendakian pertama kuwé, dhéwéké kepincut lan dhemen maring pucukéng gunung lan nganti saiki ketagihan.

“Nyong wis ping pitu manjat gunung Slamet. Pol-polan manjat seka jalur Permadi pas lagi préi dawa wingi. Gunung nggo nyong yakuwé pelampiasan paling pas wektu ana masalah. Dadi angger lagi putek lan ana masalah ya mlayuné manjat gunung,” jaréné.

ADVERTISEMENT

Dhéwéké akoni manjat gunung kuwé kesel, gawa barang abot, turu nang tenda, cuaca atis angger nang ndhuwur gunung. Tapi, rasa kesel kuwé ilang sanalika wektu ngnikmati alam. Lan ngileng keindahan sing wong liya arang weruh.

“Apamaning pas lagi nang gunung, mangan pukis kuwé tambah nikmat. Saben manjat gunung kuwé, nyong terusan gawa panganan pukis. Mangan pukis kuwé sapisan mugané gawe wareg weteng pas lagi nang gunung,” jaréné.

Saliyané Gunung Slamet, Ikna wis manjat Gunung Cermai lan Gunung Merbabu. Lan maring ngarepé pan njelajah gunung liyané. Wayah aktifitas manjat kuwé, Ikna terusan ketemu batir anyar lan bareng-bareng nuju maring pucuk pegunungan. “Kuwe pengalaman nyenengna,” jaré dhéwéké.

Tapi, wayah manjat gunung kuwé ora salawasé nyenengna. Hal-hal aneh uga tau dhéwéké alami wayah manjat.

“Pas kuwé nyong loronan karo batir lagi mudun gunung, sawisé seka pucuk lan kondisiné grimis. Sawise manjing jam lima soré, wis molai peteng. Pas lagi metung salah siji pos ana kedadénan anéh. Nang pos kuwé, dhéwék weruh wit-wit nang sekitar gerak tapi bentuké kéwan. Dhéwék loronan nacak tenang lan yakin anjog ngingsor slamet. Akhiré anjog ngingsor slamet. Seka kono kuwé dhéwék krasa anéh soalé dhéwék loronan weruh wit-wit nang pos kuwé kuwé gerak lan bentuké kéwan,” critané.

Tapi kedadénan aneh kuwé, jaré Ikna, ora nyiutna atiné nggo njelajah gunung maning. Dhéwéké ya ora urus omongan batir-batiré sing seneng mojar, “Pan apa sih manjat gunung. Kesel dibayar ora, mending turu énak.”

Sawisé lulus SMA, Ikna dadi model iklan klambi, éndorsé produk, pilem cendek lan akeh liyané. Hasilé, dhéwéké tukokna peralatan manjat.

“Angger olih bayaran seka model, nyong céléngi lan barang kaya kuwé nyong tukokna nggo peralatan gunung,” omongé.

Senajan hobi manjat saiki diolihi daning rong wong tuwané, saiki dhéwéké durung ngarti nganti kapan pan terus manjat. Pastiné pan terus ngnikmati hobiné kuwé, senajan kadang belih direncana. (*)

 

Disunting: Irsyam Faiz

Tags: gunung slametIkna Saskiapendaki gunungWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Polisi dan Warga Larangan Brebes Gotong Royong Uruk Jalan yang Rusak Parah
Warta Ngapak

Penthol, Polisi lan Warga nang Larangan Brebes Nguruki Dalan sing Pada Bodhol lan Bolong

5 Februari 2023
Perbaikan Jembatan Pemali Brebes Molor, Polisi Siapkan Rekayasa Lalu Lintas Saat Arus Mudik Lebaran
Warta Ngapak

Proyéké Molor, Jembatan Pemali Brebes Ora Bisa Diliwati Wayah Mudik Badanan

5 Februari 2023
Tidak Terjadi Penculikan Anak di Kabupaten Tegal, Kapolres Imbau Warga Tetap Waspada
Warta Ngapak

Kabar Penculikan Anak nang Kabupatén Tegal Jebulé Hoaks, Kiyé Jaré Kapolres

4 Februari 2023
Kasus Kredit Fiktif hingga Rp 3,2 Miliar, Mantri Bank BUMN dan Warga Paguyangan Ditahan
Warta Ngapak

Mantri Bank lan Wong Paguyangan Dicekel Gara-gara Kasus Kredit Bodong

3 Februari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Kasus Kredit Fiktif hingga Rp 3,2 Miliar, Mantri Bank BUMN dan Warga Paguyangan Ditahan

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tersangka Sebut Uang Hasil Korupsi Kredit Fiktif untuk Bangun Wisata di Paguyangan

  • Jasad Wanita Muda Penuh Luka Ditemukan di Sungai Brebes, Identitas Masih Misteri 

  • Warga Tonjong Brebes Geger Temukan Bayi Masih Hidup Tergeletak di Rumah Kosong 

  • Mal Pelayanan Publik Kabupaten Tegal Siap Diuji Coba pada Akhir Februari 2023

  • Anaké Mantan Bupati Brebes Mbojo: Mas Kawiné Lemah 3,2 Hektare lan Emas 100 Gram

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In