Crita Mas Jon lulus S2 Cukup Ngomong Curut - Panturapost.com
Rabu, Februari 24, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Crita Mas Jon lulus S2 Cukup Ngomong Curut

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
2021/02/16 10:20pm
2 min read
0
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Lanang Setiawan.

19
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

PÉNGIN ngerti Mas Jon bisa lulus S2 jebulé cukup nganggo curut wadon? Darto, Sidul, karo Kapér krungu crita kaya kuwé saka Mas Jon ngerajug ora ketulungan. Anéh tapi nyata

“Lokén Jon?” takoné Sidul bener-bener éram.

“Kayong anéh.” Kapér nyambung omongané Sidul.

“Crita mau-mauné pimén, bisa énté lulus S2 nganggo jawaban curut wadon?” Darto ora kalah éram.

Baca Juga

Anak Mantan Wakil Wali Kota Tegal Dodol Durén

Anak Mantan Wakil Wali Kota Tegal Dodol Durén

24 Februari 2021
5 Titik Blokade Beton di Kota Tegal Akhirnya Dibuka

‘Tontonan Film’ nang Tegal Molai Ramé, Ujungé Kena Ditebak

23 Februari 2021
Misteri Kamar Paling Medéni Nomer 13

Misteri Kamar Paling Medéni Nomer 13

22 Februari 2021
Ati-Ati Duwé Group WA, Mbokan Anggotané Metu Kabéh

Ati-Ati Duwé Group WA, Mbokan Anggotané Metu Kabéh

21 Februari 2021

Wis wong telu jakwiré Mas Jon mbalang pitakonan, déwéké siap-siap njawabi omongané Sidul, Kapér, uga Darto. Tapi kaya biasané sadurungé déwéké njawabi tangané ngangkat gelas téh poci isi inungan. Sauwisé kuwé dicecep rong cecepan. Mas Jon nyuled sigarét. Kaya biasané Kapér ndudut rokok saeler dékéné Mas Jon. Batir-batiré ilon-ilon ndudut saeleran.

“Critané kaya kiyé….” Mas Jon molai crita. Waktu samana salah siji Profésor lagi nganakna percobaan ngarep para mahasiswané.

“Curut lanang dilebokna nang kotak. Nang kotak kuwé ana curut wadon karo roti. Nyatané curut lanangé ora marani maring curut wadon, tapiné rotiné sing dipangan.”

“Bisané ora ngoyok curut wadoné ya Jon?” takoné Kapér.

“Curut goblog!” timpal Darto.

“Songong!” Sidul nambah omongan.

Mas Jon nerusna crita sang Profésor nang dina keloro. Kaya sing uwis-uwis, curut lanangé dilebokna nang kotak. Isiné roti karo iwak goréng. Curut lanangé mlayu marani iwak goréng ora urusan curut wadoné. Dina ketelu, roti diganti kacang langsung ditubruk. Curut lanangé bener-bener ora butuh curut wadon.

“Ajib ah! Curut compong. Curut lanangé ndéan kuming, ya Jon?” ujaré Darto.

Mas Jon beléh nanggapi omongané  Darto. Déwéké terus crita.

“Dina ketelu, curuté lanangé kaya biasa ora peduli maring curut wadon, malah nyaploké panganan. Dadi Sodara-sodara para mahasiwa, saka percobaan kiyé bisa dijukut kesimpulan; adong daya tarik panganan ngalahna daya tarik wanita!” omongé Mas Jon nirukna omongan sang Profésor.

Ning waktu samana, jaré Mas Jon, déwéké mikir jero lan mujar omongan maring Profésoré.

“Enyong usul Profésoré!” omongé Mas Jon.

“Énté usul apa maring Profésoré, Jon?” takoné Darto.

“Enyong usul supaya curut wadoné diganti karo curut wadon liyané.”

“Trus Profésoré nurut?” Sidul nambahi omongan.

“Maring enyong Profésoré takon: “Maksudé kowen kepimén? Bisané kon ngganti curut liya?” Kuwé takoné sang Profésoré enyong!”

“Trus?” Kapér mujar pitakonan.

“Nyong jawab, sapangerti curut wadon anyar sing mengkoné dilebokna nang kotak percobaan, bojoné curut lanangé! Krungu omongané enyong, déwéké langsung ndelak: “Kowen lulus ning mata kuliah kiyé lan ora perlu mélu ujian maning!” Kuwé critané enyong bisa lulus S2!” omongé Mas Jon.

Jakwir-jakwiré langsung nyekakak.

“Bisané enyong lulus, alesané apa?”

“Iya Jon. Bisané?” takoné Sidul.

“Alesané, Saben-saben Profésoré balik ngumah, tinujuné méja panganan, ora maring bojoné. Kuwé sing ndadékna bojoné mlulu uring-uringan.”

Jakwir-jakwiré  nyekakak.

“Artiné, jalaran bojoné ora pernah ‘disandung’, akhiré culag melulu ya Jon?” senggak omongé Kapér.

“Yaul Pér!” jawabé Mas Jon.

Jakwir-jakwiré nyekakak saporété. Paham apa sing diomongna Mas Jon. Sing arané bebojoan kuwé ora kur dipakani karo disandangi gél, tapiné butuh ‘disandung’ ében ora kaya curut compong! (*)

—–
Lanang Setiawan, penerima hadiah Sastra “Rancagé 2011” uga novelis.

Tags: Lanang setiawanMoci
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Anak Mantan Wakil Wali Kota Tegal Dodol Durén
Moci

Anak Mantan Wakil Wali Kota Tegal Dodol Durén

24 Februari 2021
5 Titik Blokade Beton di Kota Tegal Akhirnya Dibuka
Moci

‘Tontonan Film’ nang Tegal Molai Ramé, Ujungé Kena Ditebak

23 Februari 2021
Misteri Kamar Paling Medéni Nomer 13
Moci

Misteri Kamar Paling Medéni Nomer 13

22 Februari 2021
Wong Wadon Ayu Penunggu Bekas Gedung Wanita Tegal
Moci

Wong Wadon Ayu Penunggu Bekas Gedung Wanita Tegal

20 Februari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Pasangan Suami Istri Asal Tegal Tewas Terlindas Truk Trailer di Jalan Pantura Brebes

  • Cerita Warga Tiap Malam Merasakan Tanah Bergerak di Jalan Raya Kalibakung Tegal

  • Sulitnya Mengalirkan Kembali Air Bersih ke Tegal dan Brebes

  • Udan Gedhé Nemen, Limang Désa nang Ketanggungan Keleban Banjir

  • Ganjar Soal Kabar Dedy-Jumadi Pecah Kongsi: Suruh Ketemu Saya

  • Viral Konvoi Remaja Brebes dan Acungkan Celurit, Kapolsek Tanjung: Video Lama dan Sudah Ditindaklanjuti

  • Wakil Wali Kota Tegal Jumadi Dikabarkan ‘Menghilang’ Tanpa Kabar, Ada Apa?

MEDIA SOSIAL

  • 122.7k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 46.7k Subscribers
-- Histats.com START (aync)-->
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
  • Advertorial
  • Inspire Slawi

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X