TEGAL – Ora akéh sing ngarti, salah siji peserta Jambore Pramuka Internasional Korea Selatan jebulané asalé seka Tegal. Arané kuwé Ghaitsa Zahira Putri Meylati Mulya.
Bocah wadhon lairan 14 Mei 2006 kiyé anak pertama seka 3 bersaudara pasangan Mulyono Hadi Saputro lan Laelati Ni’matun.
Gisa, aran celukané, sajegé sekola Madrasah Ibtidaiyah (MI) Tuwel Kecamatan Bojong Tegal wis aktif nglakoni kegiatan Kepramukaan. Saliyané kuwé, dhéwéké uga lélu ana pirang ekstra kulikuler (eskul) liyané dhéwéké, termasuk eskul drumband.
Senajan akéh kegiatan eskul, nilai akademiké mesthi rangking pertama paralel wektu neng MI lan MTS Al Azhar Tuwel Kecamatan Bojong.
PanturaPost wektu nemoni Gisa nang umahé sing ana nang Desa Tuwel, Kecamatan Bojong, olih kesempatan nggo ngobrol tentang pengalamané selama méloni Jambore Pramuka nang Korea.
Gisa kuwé salah siji perwakilan seka Pondok Pesantren Gontor Jawa Timur sing dikirim nggo méloni Jambore Pramuka Internasional nang Korea Selatan.
Jaré Gisa, akéh hikmah sing dipetik karo méloni Jambore kuwé. Akéh ilmu lan pengalaman sing diolihi.
“Selama 2 minggu neng kana olih akéh ilmu lan pengalaman, bisa komunikasi lan nggabung karo peserta seka negara-negara liyané. Bisa ngileng langsung kehidupan sosial karo budaya nang Korea Selatan,” omongé maring PanturaPost, dina Jemuah (25/08/2023).
Dhéwéké uga ngaku ijal-ijol informasi seka peserta seka pirang negara liyané ngenani kehidupan sosial, adat-istiadat, lan budaya negarané.
Wektu ditakoni cita-citané, bocah wadhon sing pinter nganggo bahasa Inggris lan Arab kiyé kepéngin kerja dadi Diplomat sing handal lan profesional.
Kekait hobi, dhéwéké ngaku seneng maca, treveling, nyanyi, nari, lan reportase. Dhéwéké ngomong seneng mélu kegiatan Pramuka soalé ngalir seka ibuné.
“Ibuné uga pernah dadi peserta Jambore Pramuka Nasional neng taun 1996. Nyong ngarepna muga-muga pengalamané neng ajang internasional kiyé bisa lewih macu semangaté nggo terus giat belajar, berkarya lan ngabdi maring negara Republik Indonesia tercinta,” tuturé Gisa. (*)
Discussion about this post