TEGAL — Nia Daniati (26), emak-emak enom seka Désa Cenggini, Kecamatan Balapulang, Kabupatén Tegal kiyé nglairna anak kembar telu lanang kabéh. Prosés babaran dilakoni nang Rumah Sakit Islam (RSI) PKU Muhammadiyah Singkil Adiwerna Tegal, lagi dina Kemis (5/5/2022) wingi.
Ahmad Wijaya (29) bapa seka ke telu bayi kuwé ngaku wis ngarti angger bojoné mengko pan nglairna anak kembar telu lanang.
“Iya wis ngarti. Ngartiné ya pas nganter bojoné priksa maring dokter kandungan. Seka hasil USG wis katon,” jaréné, pas ditemoni nang RSI PKU Muhammadiyah Singkil, Adiwerna, dina Slasa (10/5/2022).
Senajan telung anaké dilairna nganggo cara caesar lan prématur, tapi dhéwéké tetep sukur apamaning kondisi anaké molai mipil apik. Dhéwéké malah wis nyiapna aran nggo telung anaké. Anak pertama arané Muhammad Saputra Wijaya, anak ke loro muhammad Hasan Wijaya lan Muhammad Husen Wijaya.
“Arané nyong kan Ahmad Wijaya. Alhamdulillah kondisi bojoné apik. Kiyé kelairan keloro, leganu bojoné nyong tau keguguran. Nggo anak pertama kuwé wadon saiki umur 8 taun,” jelasé.
Ke telu bayi kembar utawa Tripet seka pasangan Ahmad Wijaya (29) lan Nia Daniati (26) kiyé ésih nglakoni prawatan nang Rumah Sakit.
Supervisor Ruang Bayi RSI PKU Muhammadiyah Tegal, Marhatun Solikha ngomong nggo prosés kelairan seka anak pertama ngantikan ke telu ana prosés let waktu. Nggo bayi pertama lair neng jam 09.06 WIB karo abot awak 1.810 gram, dawa 42 céntiméter.
Sedengé bayi ke loro lair neng jam 09.07 WIB karo abot awak 1.450 gram, dawa 39 séntiméter lan bayi ke telu lair jam 09.08 WIB karo abot awak 1890 gram, dawa 42 céntiméter.
“Angger umur meteng emané sekitar 32 minggu. Kebeneran lair langsung ditangani dokter anak, terus dilakoni prawatan nganggo cara bayi mbéké lair lan prématur,” jaréné.
Ngantikan saiki, telu bayi kuwé dirawat nang inkubator uga nggunakna alat bantu nafas. Saiki kondisi bayi molai stabil senajan ésih nggunakna alat bantu nafas.
“ASI wis bisa manjing tapi metung selang. Angger pira suwéné pan dirawat dhéwék ora bisa nentukna, tergantung perbaikan kondisi bayiné. Muga-muga bayiné cepet séhat,” omongé. (*)
Discussion about this post