BELIH salawasé bal-balan kuwé identik karo wong lanang. Nang jaman sing modérn kaya kiyé, olah raga bal-balan terus ngembang. Saiki, wong wadon wis molai nyénéngi olahragané Cristiano Ronaldo utawa olahraga sing dimainkna daning sewelas wong kuwé.
Kaya sing dikatokna sosok prawan seka Tegal kiyé sing hobi dolanan bal sajegé ésih sekola. Wayah dolanan nang lapangan dhéwéké dadi stoper utawa bék. Tugasé ngadang-ngadangi serangané lawan ébén ora kedadén gol. Dhéwéké yakuwé Ruli Handayani (19), seka Désa Kabunan Kecamatan Dukuhwaru Kabupatén Tegal.
“Nganti saiki ésih aktif dolanan bal. Tapi saiki luwih fokus maring pegawéané. Paling angger ana waktu luang mélu latihan uga mélu sparing. Wis ora kaya gemiyén sing fokusé maring bal,” tuturé Ruli, sapaan akrabé maring PanturaPost, dina Kemis (24/12/2020).
Ruli seneng dolanan bal sajegé ésih njagong nang Sekolah Menengah Kejuruan (SMK) nang taun 2017. “Pas kuwé ésih arang nemen bal-balan wadon. Malah kayané belih ana,” omongé.
Mélu futsal awalé wayah guru olahraga pan mbentuk tim futsal putri. Dhéwéké ya dikongkon mélu. Sawisé latihan, dhéwéké ngileng nang sosial media jebulé nang jaba wis akéh cah wadon sing seneng karo bal-balan/futsal.
Sawisé mélu dolanan, suwé-suwé molai seneng. Lan akhiré lubar lulus sekola, ésih terus dolanan bal malah nang lapangan gedhé utawa langsung nang suket ijo.
“Sawisé lulus mélu gabung karo tim bal-balan Putri Slawi. Yén ora salah pertama pisan ana bal-balan wadon nang Kabupatén Tegal kuwé Putri Slawi,” jaréné.
Sajegé kuwé, Ruli sering sparing karo klub-klub séjén. Akalén, Ruli wis disibukna karo pegawéan. Nang wayah ana wektu luang mesti nyempetna latihan lan sparing karo klub séjén.
“Kebeneran saiki ésih mélu Putri Slawi. Latihan nang lapangan Trayeman. Paling angger nyong manjing kerja bengi, nyong sempet-sempeti latihan. Yah nggo saiki waktuné kudu dibagi, angger pan latihan lan sparing.” jaréné.
Prawan sing ngidolakna Manchester United lan Persekat kiyé pan terus dolanan bal. Nggo dhéwéké, bal-balan wis dadi hobi lan kecintaané.
“Dolan bal-balan kuwé seneng baé angger wis nang lapangan. Kaya ora nana beban urip. Apamaning wayah nahan serangan seka lawan lan ora kebobolan, kuwé seneng nemen,” ungkapé.
“Angel angger wong wis seneng. Wayah latihan nang lapangan, dhéwék lan sing liya uga seneng dolanan ngembul karo pemain bal lanang,” pungkasé. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post