TEGAL — Ana akéh cara nggo ngolah masakan daging utawa balung sapi lan wedhus wayah Badaji utawa Idul Adha. Sing paling sering yakuwé olahan saté, gulé, rendang, soto, lan liyané.
Angger Sampéan duwé akéh stok balung lan daging kurban, resép sing siji kiyé ndéan patut Sampéan coba. Aran masakané Asem-asem. Kaya arané, masakan kiyé akéhé rasa asem. Apamaning ditambah rasa pedes seka méngkréng abang kriting gawé awaké dhéwék dadi luwih seger.
Nggo warga Tegal, masakan asem-asem wis belih asing maning. Biasané kerep ditemoni nang warung-warung saté nang Pantura. Asem-asem kiyé biasané luwih akéh balung timbang dagingé. Soalé kuwé, biasané nggo batir mangan saté wedhus.
Kepribén? Angger tertarik, Sampéan bisa nganggo resep nang ngingsor kiyé:
Bahan — Bahan
– Balung wedhus /sapi
– Daging wedhus/sapi
Bumbu
– Bawang merah
– Bawang putih
– Méngkréng
– Tomat
– Salam
– Laos
– Kamijara
– Asem blimbing/cuka
Cara nggawé:
Siapna balungan lan daging wedhus utawa sapi
Lebokna balung lan daging kuwé maring njero panci sing isiné banyu umeb.
Iris bawang putih, bawang abang, méngkréng, lan tomat.
Lebokna maring panci sing isiné banyu umeb kuwé.
Tambahna salam, laos, kamijara lan uyah sacukupé.
Enengna ngantikan daging amoh. Kurang luwih 30 menit.
Lebokna irisan asem buah. Angger laka asem buah bisa nganggo cuka.
Angger wis, siap dipangan lur.
Nah, gampang owh ya? Monggo dicoba
Discussion about this post